Selasa, 11 September 2018

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA
DENING:ANA PRISTIWIJAYANI


Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul ing warung utawa biasane diarani angkringan ngarep sekolahan.Aku karo kanca-kancaku iku pancen kulino kumpul wayah malem minggu kanggo nyengkuyung kekancan supaya bias terus akur lan crita-crita yen salah sijining lagi ana masalah.Biasane aku marani anisa disik.
Sebtu sore aku nelpon anisa takon sido metu opo ora.
“Hallo sa,ngko bengi sido metu gak?”
“Loo la piye to?wong biasane yo metu mosok arek gak metu mengko awakmu semlumut hahaha”jawabe anisa
“Woo ngece yo we,yowis mengko metu mari magrib wae.Bayu tak omongane disik”
“Nah sip.Tapi biasane gak yo awakmu marani aku to na?” takone anisa
“Yo.Wes rohh wahahaha” jawabku karo nada guyon
“Yo biasa wae naa hmmm”
“Wahaha rapopo,yo guyon barang to sa.Ngko mari magrib tak ning omahmu,ndang adus dandan sing ayu menowo mengko enek cogan” guyonku
“Iyo wis tak adus sik babay na”
“Aku tak WA bayu disik”
“Oke na” saute anisa.

Sakwise aku WA bayu aku banjur adus , salin klambi , lan sholat magrib.Aku pamit bapak ibu sekalian nyuwun sangu.Mari aku marani anisa aku langsung moro ning angkringan sing tibake bayu wis ana ning kono.

“He bro,suwine ra eram” omonge bayu
“Halah wong lagek setengah pitu no kok” jawabe anisa
“Layoo koyo gak biasa dewe wae,wahahaha” sautku
“La aku wis ngenteni setengah jam lo bos”
“Koyo gak biasa ngenteni wae yu bayu” sautku karo anisa bebarengan
“Woo malah ngece aku”
“ Gak gak bos guyon , ojo nangis”
“Wis-wis iki podo pesen opo tak traktir” takone anisa
“Wah-wahh gayane mbayari” saute bayu
“Aku es Chocolatos wae sa”
“Aku kopi wae wis”
“Mumpung duite enek ki wehehe” guyone anisa
“Yowis nik akeh duite tambah sego kucing karo bakaran sisan”
“Iyo sip wi sa wahahaa”

Dino soyo wengi soyo rame.Wektu iku sekitar jam 8 ana bapak-bapak numpak mobil sak rombongan mandek ning angkringan,ngopi lungguh ning sampingku.Yen tak tamatke bapak-bapak iku sugih-sugih.Tuku rena-rena sing ana ing angkringan tapi ora kabeh di maem.
Sak durunge ora ana sing aneh tapi aku kaget sak banjure ana pengemis ibu-ibu nggendong anake sing ketok lusuh.Bapak-bapak iku mau blas ora ngreken pengemis iku,ora menehiduit sak rupiahpun lan malah focus dolanan HP,padahal deweke sugih tur tuku panganan akeh tapi ora di maem.Bapak iku malah nesu-nesu ngroso keganggu anane pengemis iku’Ibu iku banjur ngaleh terus moro ning aku.Aku , bayu , lan anisa menehi 2000 2000.Batinku paling ora aku menehi nganggo rasa ikhlas ketimbang ora menehi blas.

“Gak popo lah ya adewe mung menehi 2000” omongku
“Iyo rapopo bos penting ikhlas,kodrate wong Jawa iku di ulang menehi ing liyan raketang saitik”saute bayu
“Ra menehi lo yo gak opo opo,nyatane bapak-bapak kuwi yo gak menehi” jawabe anisa ngeyel
“Yo ora ngono to bos,nik nduwe ki yo menehi”
“Layoo,nik ora menehi paling ora yo omong apik-apik.Kalem wae dadi wong ki hmm”
“Yo hak asasi to” jawae anisa
“Embuh sa embuh,sak senengmu kono” sautku karo bayu bebarengan
“Yowis,wis wengi ayo mulih” ajakku
“Ayo bos gas” jawabe bayu
“Ndang bayar sa”
“Iyo sik tak mbayar” omonge anisa

Mari ngono aku ngeterne anisa mulih ditutke bayu ning mburiku.Tekan omah aku sholat Isya’ banjur turu.

(01) Diuber Wong Edan

Diuber Wong Edan 
Dening : Afandi Dwi Pratama

Dina Minggu kepungkur rumangsa aras-arasan ora ana gawean. Males, pingin metu! Saben wektu mesthi nang jera omah, rumangsa kaya ndara wae. Ning omah sepi, simbah pada nang sawah, ning njero omah mung ana jenazah kecoa melumah. Dumadakan aku duwe ide.
“Sakniki lak ana warnet anyar, dulan nang kono wae wes ambek ngajak Farhan mesisan.”
Aku banjur salin, enggal-enggal langsung nang omahe Farhan.
Teko omah e Farhan..
“Assalamualaikum, di..., Han.” Ngandikaku
“Walaikumsalam, lho, Afan, ana apa?” Pitakon Farhan
“Ayo dulan, jarene ana warnet anyar ing cedak pasar.”
“Temenan tha? Ayo ngajak Sodek.”

 Ing parjalanan nang omahe Sodek, ana pithik kate. Farhan sing pancen usil, banjur nendang pithik mau. Pithik mau shock, banjur mabur ora karuan. Aku lan Farhan ngempet ngguyu, kene nglanjutake lumaku, nanging...
“Han, awakmu ngerti ora pithik mau melu kene.”
“Yo, ana opo?” takon Farhan
“Nguber kene!!” Bengokku

Aku lan Farhan banjur mblayu, kene muter-muter gang kanggo upaya bisa lolos saka makhluk iku. Akhire kita bisa lolos tepak pas tekan pinggir griyane Sodek, untung pithik mau ora dadi nguber kene, malah nguber sapeda motor.
“Ah..slu..man, slu..mun, slamet.” Ngendikane Farhan karo ngos-ngosan.
“Ayo cepet celukna Han!” Kongkonku

Akhire, kula, Farhan lan Sodek budhal nang Warnet bebarengan. Ndhek parjalanan kita ketemu wong edan. Wah, aku duwe firasat buruk! Mikirku ing njero ati. Dumadakan Farhan lan Sodek bengok bebarengan, “woi wong edan, wong edan... hahahaa...”
“Ayo to, mblayu! Gawe uripmu” ajak Farhan
“Mosok aku kudu meneng! He, kowe ora edan pisankan? Mengko yen kenapa-napa?” wangsulku
“Santai bae, nek ketangkep mengko awakmu mung dicipok.”
“Hahahahaaa...” Sodek karo guyu cekakakan

Akhire kula ora dadi nang warnet amarga kesel diuber wong edan.

(36) Gak Nurut Marang Wong Tuwa Marai Apes

Gak Nurut Marang Wong Tuwa Marai Apes          Dening : Diyah Wahyuningtiyas
Lisa iku wong sing gak nurutan marang wong tuwo tapi iseh nduwe rasa katresnanan. Lisa duwe kanca jenenge Nani, Nani iku wonge manutan lan wedi yen menko diseneni marang wong tuwo. Lisa tinggal ambi ibukke, yen bapakke wes ninggal dunyo rong tahun dek emben. Ibuke  Lisa iku wonge sabar lan pangerten yen ngadepi watakke Lisa sing bantahan iku, ing suatu dino yaiku tepate dino sabtu Lisa pengen dolan, tapi bingun pengen dolan karo sopo, sidane Lisa mau ngajak Kancane mau yaiku Nani. Lisa langsung marani Nani nang omahe nganggo motor, jarak omahe Lisa karo Nani ora adoh mor sekitar sakilo tapi bedo deso, Lisa iku omahe nang deso mbulak yen Nani omahe ing deso gebung.    Lisa wes teko nang omahe Nani lan langsung nyelok Nani, Nani bingung ono opo kok dengaren lisa dolan nang omahe. Lisa langsung ngajak nani, nak arep dolan nang taman deso Cerme sing baru di bangun, Nani gelem yen dijak Lisa dolan ing lokasi kuwi tapi sayange Lisa ngajak dolan Nani ngepasi nani gak duwe nduwet lan Nani butuh persetujuane ibuke amarga Nani wedi yen diseneni ibuke mengko nak gak izin. Lisa duweni ide masalah nani gak duwe duwet, bensin ditanggung Lisa sepenuhe dadi Nani gak perlu ngetokke duwet di nggo patungan tuku bensin tapi mengko nggawe motore Nani, nani setuju karo tawarane Lisa. Yen masalah ibuke Nani dipikir Nani dewe piye gen entok persetujuane ibuke.  Lisa wes arep muleh ko omahe nani, tapi sadurunge muleh Lisa ngakon nani kon marani deweke jam setengah 10, Nani setuju marang lisa, Lisa langsung pamit muleh lan langsung siap-siap. Sawise teko omah Lisa langsung nang kamar mandi ados, sawise ados Lisa langsung dandan lan siap-siap nunggoni Nani. Ibuke Lisa pas kuwi iseh masak kanggo deweke mbi Lisa, sawise masak ibu goleki Lisa kon dan mangan, tapi sadurunge ngakon Lisa mangan ibuke takok marang lisa arep nang ndi kon dengaren wes rapi, Lisa jawab deweke arep dolan  karo Nani nang taman deso Cerme. Ibuke Lisa langsung gak setuju nak Lisa dolan nang deso kuwi amarga deso kuwi adoh, dalane elek, lan sereng ana kecelakaan, makane ibuke Lisa ora setuju yen Lisa dolan ing deso kuwi, tapi Lisa tetep ngeyel pengen dolan ing deso kuwi. Nani banjur teko ing omahe Lisa, lan nyapa ibukke Lisa lan Lisa.  Nani takok Marang Ibukke Lisa “wonten kenapa bu kok padu kaleh Lisa!” Ujare Nani “iki lho ni Lisa nek dikandani ibukke kie ra tau manut, mosok dolan kok adoh-adohan, iyo nak wong akeh ngono aku gakpopo lha mor wong loro, wedok-wedok pisan, aku yo ora ngolehi to ni, tapi kancamu sitok iki ngeyel ae tetep arep dolan, jan kandanane angel banget, omongono kono ni!” jawabe Ibukke Lisa. Nani banjur ngomongi Lisa nak gak usah sido ae dolan nang deso kuwi tapi Lisane tetep ngeyel, lan padune malah ndadi karo ibukke,ibuke Lisa nganti omong lha nak seumpamane dolan ra entuk izine utawa restune wong tuwa mengko bakalan apes,saking Lisa ra kenek dikandani, sidane ibukke ngalah lan pasrah, lha nak Lisa’ne tetep ngeyel. Lisa karo Nani sidane sido dolan lan langsung pamet marang ibukke Lisa sing nang jero atine ana rasa ora ihklas Lan khawatir.  Sidane Lisa karo Nani budal, ing perjalanan Lisa karo Nani mandek ing tokone bu Siti lan tuku bensin, bu Siti banjur nekok’i wong loro kuwi yen arep dolan nang ndi nyambi ngesorne bensin, sawise ngesor bensin, sing bayari bensin iku Lisa sesuai marang perjanjiane sakdurunge, Lisa karo Nani lanjut marang perjalanane.    Ing perjalanan, Lisa karo Nani omong-omongan nganthi ra kroso yen wes arep teko, perjalanane kuwi sekitare meh rong jam, banjur teko ing taman kuwi Lisa banjur bayari parkir motor’e Nani sekitar 3000. sakwise bayar parkir, Lisa lan Nani langsung tuku tiket masuk ing taman kuwi, regane tiket kuwi lumayan murah amarga baru pembukaan sekitare 10.000, Lisa karo nani langsung mlebu ing taman lan photo-photo, sakwise photo-photo Lisa ngajak Nani tuku panganan tapi Nani ora gelem amarga deweke wes sarapan nang omah sadurunge budal dolan lan ngrasa iseh warek lha Lisane mau durung sempet sarapan amarga padu ambi ibuke.  Lisa sidane ngempet luwe, amarga Nani ugung gelem yen di jak tuku panganan amarga Nani iseh warek, let pirang-pirang menit Nani yo kroso luwe lan ngajak Lisa tuku panganan, sidane wong loro kuwi tuku bakso ing toko sekitare, sakwise mangan bakso Lisa ambi Nani sempet Leren lan lungguh kursi sing wes disediakne ing taman kuwi, banjur 15 menit Nani ngajak muleh Lisa amarga wes sore sekitare jam 4, tapi Lisane iseh pengen leren amarga kesel lan wawang yen arep muleh amarga dalane elek, Nani nuruti Lisa tapi mor dikeki wektu 5 menit di nggo leren, amarga Nani wedi yen mengko nak muleh bengi diseneni marang ibuke dek’e lan ibuk’e Lisa, banjur 5 menit wong loro mau langsung metu saka taman lan langsung nuju ing parkiran njupuk motor, sakwise jupuk motor wong loro mau langsung muleh  lha ing perjalanan kuwi Lisa karo Nani sempet gersah marang dalane kuwi lan kapok ora bakal arep dolan nang kono meneh. Ing perjalanan kuwi rame , gak nyongko pas nang dalan ajor-anjoran rem motore Nani gak kenek utawa blong, wong loro mau bingung kudu piye gen amprihe ora nabrak wong sing numpak motor ing ngarepe utawa wong sing mlaku-mlaku. Sidane Nani jupuk pilihan minggir ing jalan raya lan luweh milih lewat simpangan jalan amarga kuwi sing dipikirke Nani gek ora ngrugikne wong akeh, tapi ide kuwi malah apes kenek dewekke lan Lisa amarga motore nabrak wit-witan nganti ambruk.    Lisa karo Nani tibo lan tangsang ing kembang-kembang nang ngisor nganti sandale Lisa ilang siseh. Wong loro kuwi dadi perhatian wong-wong sing nang sekitare kuwi nganti wong sing numpak motor mandek lan ngewangi Lisa karo Nani kuwi, salah sijine wong sing nulungi wong loro kuwi yaiku Mas Jenjong karo pacare yaiku Mbak Wahni, tapi Mbak Wahni ora nulungi tapi malah ngguyu Lisa karo Nani sing tangsang nang kembang-kembang. Man Jenjong nulungi wong loro kuwi lan benakne motore Nani amarga setere bengkong, lha nek Lisa isih bingung golek’i sandale sing ilang sisih tapi gak nemoke, akhire Lisa karo Nani lanjutke perjalanan muleh lan pamit marang wong-wong sing nulungi deweke.  Ing perjalanan muleh, Lisa karo Nani luweh alon-alon yen numpak motor, lan Lisa ngajak mandek Nani ing tokone pak Wardi, lan Lisa arep tuku sandal anyar, amarga sandale ilang sisih lan gen gak diseneni nang ibuke deweke, pak Wardi banjur nekok’i Lisa marang sandale sing ilang siseh tapi Lisa cepet-cepet dang muleh dadi gak sempet jawab pak Wardi. Sawise tuku sandal wong loro mau lanjutke perjalanan muleh, ing tengah perjalanan, sandal siseh’e lisa mau di guwak Lisa nang ngisor wit gedang amarga gen ibuke gak curiga yen deweke tibo. Let pirang menit, wong loro mau teko omah karo wajah keselen lan lesu, Lisa sempet ditakok’i ibuke ngenani sandale deweke sing anyar, lan nekokne sandale deweke sing kawak, tapi Lisa gak wani jawab jujur marang ibuke dadine dewekke jawab ngapusi marang ibuke. 

(35) Nakal ora opo, Goblok ojo

Nakal ora opo, Goblok ojo
Dening : Dila Febiyanti 

Jam 3 sore,dino seloso aku lungguh ing taman merpati ngenteni uwong sebut ae jenenge Yohan ngertilah bocah lanang mesti, o iyo jenengku Maya kelas 11 ing smk 45 jambi. Sore iku aku janjian mbi Yohan arep syaring-syring pengalaman, aku durung akrab banget mbi dheweke muga ae saka iki maleh dadi kanca akrab. Yohan saiki wes kelas 12 kakak kelasku coromono, nanging bedo sekolah, awale kenal mergo kancaku nkei wa ku nang Yohan akhire chat an lan dadi bala akrab. Sak banjure ketemu sore iku Yohan maleh sering chat aku lan soyo sue soyo cedak.
Seminggu kepungkur aku cetuk an Yohan nang gon dek ben, lan omong omongan opo embuh aku yo gak reti,pokok nyambung. Yohan asik nak dijak ngobrol,apik carane ngomong,sopan. Trus sak bar e kui isine mok Yohan terus sing tak pikirne embuh aku ki nyapo, jatuh cinta ora mungkin ? Wong dhewek e kui balaku. Karone aku yo lagi kenal kok, sewulan sebanjure dhewek e ngajak dolan aku lan opo dhewek e njaluk aku dadi luih soko kanca. Aku gak reti aku kudu jawab opo, trus lakku jawab telun dina sakwise, iyo aku gelem dadi opo sing dimaksut dheweke.
Aku bareng mbi Yohan kiro kiro wes rong sasi nan, la iku enek even ekstra ndek sekolahan saka akeh ekstra aku nang kana duwe konco anyar lanang lah jenenge arip. Pas acara nginep kancaku Arip iku gak nde paketan terus ndekne tak kei paketanku, pas aku ngekekne kui eruh kancane Arip jenenge Yuda, Yuda malah godani aku jare seneng Arip padahal ora, aku sampek nangis digodani. Pas acara pensi Arip ngomong " resepi lagune apik, nggo koe ki ". Tak jawab iya.
Sakwise acara iku aku metu golek jajan mbi Arip, sampek kudanan jare Arip " ngeneki kenek nggo cerito anak putu ". Nang atiku " gombal amoh ". Aku gak enek niatan luih karo cah iku, dino dino sekbanjure aku soyo akrab mbi Arip. Pas dino jum'at mulih pramuka cetuk an ndekne sing lagi latihan bal-bal an nang sekolahan, ora sue udan, lan deres banget aku iseh kejebak nang parkiran urung wani mulih. Ono setengah jam udan terang banjur Arip marani aku ngejak tuku jus.
"Ya, ayo ngejus ?"
"Saiki ?"
"Sok ben"
"Yo yo ayo"
Mari ngejus pas mulihe lagi tekan tengah dalan udan maneh, ora malah nggiyup malah dijak udan udan. Pas iku hp ne Arip lali ra di simpen trus dititipne aku aku bingung meh tak seleh ndi, soale tasku teles kabeh, akhire ono kresek hp mau tak adahi kresek.
"La mok adahi kresek ilo"
"Ben aman"
"Oalah sip sip kreatip"
"Kepekso"
Aku suker kebloh kabeh akhire aku ganti klambi trus sepatu ku wes teles, banjur disilihi sandal mbi Arip. Wes meh magrib trus aku pamit mulih disek, tekan omah aku kademen awakku panas.
Trus kabar nak aku tau metu mbi Arip krungu tekan Yohan. Dhewekne ora nesu panggah apik ae nang aku, mergo aku mok ngganngep Arip iku konco gak enek niatan luih. Sing paling parah aku gak reti nak Arip iku posisine pacare kancaku, aku bingung meh ngadoh tapi yo pingin ngekei reti nang pacare Arip iku nak Arip kui nakal. Tapi cara sing tak gunak ke salah, aku wes ngrusak kekancanku mbi pacare Arip, aku iyo ugo ngrusak kekancanku mbi Arip.
Seminggu sak wise wes asing antarane aku,Arip,lan pacare iku. Akhire aku yo jalani lakune uripku, Soyo sue aku yo pengen ngadoh soko Yohan, aku wes emoh gawe masalah ngeneki. Tapi kui ora iso, malah nang atiku pengen banget nggawe wong wong kui yo ngrasak ke opo sing tak rasakno.
Telung sasi gak tau petuk Yohan. Soyo sue jarak rodok renggang mergo sibuk dewe dewe. Pas ndek sekolahan ono kakak kelas wadon saka kelas teknik
"Dek,sing gowo kabel jenengmu sopo ?"
aku mok ngingeti tanpo wani nyauri, terus aku cepet cepet munggah tangga banjur mblayu. Rasane dredek ra karuan, aku banjur cerito nang kancaku sebangku jenenge Rani,
"Ran, mau ono kakak kelas teknik wadon takok jenengku"
"We kenal gak ?"
"Ora, aku wedi nde masalah opo ya"
"We enek sing kenal soko kelas kui ?"
"Ora enek, santiku yo gak tau nduwe urusan mbi wong wong kui"
Pirang dino kepungkur enek chat nang hpku, soko uwong sing koyok e tau tak kenal, Tirta Bagas jeneng nang akun iku, ora salah iki kancane mbak sing takon jenengku pirang ndino ndek ben, Tirta sok akrab, yowes lah timbang gak nduwe kanca akhire tak bales ae apa karepe. Chat Chatan lanjut ampi meh 2 minggu, lan yo biasa nak mulih dolan ngejus bareng. Nang posisi kui aku koyok wes lali mbi Yohan sing sibuk karo urusane dewe.
Pas iku dino seloso, aku bar latihan nari mbi kanca kancaku dijak ketemu mbi Tirta, arep gae video emboh opo aku gak reti, sekalian aku nyilih celanane dheweke kanggo tugas nari. Embuh napo soyo merene aku soyo akrab ae, pas kegiatan gawe video nari aku ditukokne nasi mbi Tirta, aku gak ngerti kok dheweke ngeteri iku.
"iso repot repot ilo"
"Gak repot yo, sing tenang ae to"
"Ora iso"
"Halah Halah, koyok karo sopo ae"
"Wes wes aku wes diceluk kancaku"
"Iyo iyo"
sue gak enek kabar, moro moro Yohan nesu nesu, iyo aku salah.  Tapi yo piye ra enek kabar e Yohan garai aku bingung dewe, trus akhire yohan ngejak ketemu tapi aku genten sing sibuk. Akhire soyo sue ra kate srawungan,rusak silaturokhmi uga kekancan.

(34) Gugur Ibuku sing tak Tresnani

Gugur Ibuku sing tak Tresnani
(dening: Dian Noviana Putri)

Jeneng ku Tiara umur ku 17 tahun. Aku seneng banget amergi Gusti Allah maringi kulawarga ingkang lengkap ,ono ibu ,bapak,adek lan simbah ku. Adik ku jeneneg e Sinta umur e 12 tahun. Aku duweni ibu ingkang sabar ,sholihah,lan penyayang.Aku lan adik ku sayang banget marang bapak lan ibu utamane kaliyan ibu . Sabendina bapak nyambut gawe dados tukang bang harian,lan  ibu mbantu nyambut gawe bakul sayur mubeng ing desa gawe nambah pemasukan keluwarga ,amergi aku wis SMA butuhke ragat kathah damel biaya sekolah. Di tambah maneh adik tahun iki mlebu SMP ,dadi kebutuhan ing keluarga tambah akeh.
Ing wayah wengi, Aku, ibu kaliyan simbah ing ruang tamu ngenteni bapak mantuk saking kerja. Jam wis nduduhke pukul 8 bengi nanging bapak during bali. Simbah : “wis bengi nduk,ndang turu gak usah ngenteni bapak mu mulih”
Aku : “nggih mbah nembe jam 8 niki, mengke sekedap maneh bapak ngih mantuk”
Ibu : “bener kandane mbah mu nduk ,wes wengi ndang turu”
Aku : “Inggih buk” (aku banjur mlebu kamar)
Ora suwe bapak mpun mantuk .
Ibu : “wis wengi kok lagi manthuk t pak?”
Bapak : “iyo buk ,iki mau akeh kerjaan dadi bapak lembur” (bapak,ibu lan simbah banjur mlebu ing omah tengah)
Dino wes isuk aku lan adik lagi arep budal sekolah ,sabendino ibu sing maringi sangu  damel jajan lan bayar sekolah. Bapak sing nyambut gawe dadi tukang bang mboten saged nyukupi kebutuhan sabendina. Ing sekolah aku kalebu murid sing menengan lan gak akeh jajan supaya bisa di tabung.
Aku mesakne ibu sing lilo panas-panasan bakul sayur ing desa ,sampe siji dina ibu gerah lambung,nanging ibu mboten purun njaluk perawatan supaya anak-anak e mboten susah atine. Ibu ngempet lorone dewe.
 “wes to nduk ,ora sah mbok susah sabendino bakul sampe awak mu lara koyo ngono!”  Simbah kandha marang ibu ,
“mboten punapa-punapa mbah sing penting bocah-bocah duweni urip ingkang kecukupan lan mboten susah kayata ibune”jawab ibu.
Ibu gerah kanggo sawetara dina nanging dheweke mboten katon kaya wong sing lara. Simbah ngajak ibu priksa ing dokter ,lan ibu wiwit di priksa pak dokter  “Bu ,ojo meksakne awak yen ora kuat nyambut gawe” kandhane pak dokter marang ibu. Ibu katon meneng ae mirengke nopo kang di kandhake dokter . Sawise sawetara dina ,ibu wiwit waras,lan ibu bisa nyambut gawe maneh.
Seminggu sabanjure ibu waras,bapak kulina mulih bengi lan jarang ngabari utowo pamit yen arep tindhak .Minangka anak mbarep aku ngerasa ono sing beda kaliyan tumindhake bapak,opo maneh adik ku sing sering di manja kaliyan bapak jelas ngrasa banget yen ono sing salah .Aku lan adik ku sedih yen kurang perhatian saking bapak. Nanging ,aku kudu iso ngeyakinake adik ku yen bapak iku lagi sibuk nyambut gawe.
Sawijining dina aku di dawuhi ibu belanja menyang toko lan ora sengaja aku ngerti bapak ono ing warung kopi sing bakule isih enom utowo sering di arani warung ayu.
Aku kuciwa kaliyan bapak sing jare mulih bengi mergo lembur tapi nyatane malah jaduman ing warung kopi.Aku isih usaha mikir sing positif  mugo  wae bapak mung leren ngopi ora ono niatan liyane,banjur aku cepet-cepet muleh menyang omah. Sabanjure teko omah aku mbantu ibu masak ,aku ora cerita kedadeyan mau menyang ibu .
Sawijining dina ono tangga ku matur marang ibu yen bapak iku gawene dolan menyang omahe Dini .Dini? sing tak weruhi dewek e sing nduweni warung ayu ing desa iki.Ibu kaget mireng berita iku ,lan ibu wiwit curiga marang bapak .Ibu nate mergoki bapak ing omahe Dini nalika adek lara amergo kangen kaliyan bapak sing wis 3 dina ora bali .
Ing omahe Dini
Ibu : “ bekne bener pak opo sing di omong tonggo-tonggo?”
Bapak : “opo t buk? Bapak iki mung dolan tok ora luwih”
Ibu : “mung dolan? Opo sing di arani dolan ora mulih ing omah pirang-pirang dina? Mbok ya  iling anak mu iku wes gede pak.malah dolan karo arek wadon liyo” (ibu nangis ngerti kelakuane bapak ing mburi kaya ngene lan ora nyangka wong sing bener-bener di percaya bisa berkhianat) .
Sabanjure iku ibu bali omah, ing mburine ono bapak. Kabeh katon biasa wae kayata ora ono masalah sijia. Adik seneng banget akhire bapak mulih omah banjur ngerangkuli bapak kayata ora ketemu sesasi wae. Bapak mpun janji kaliyan ibu mboten ngulangi kedadeyan iki maneh lan ora bakal gawe ibu susah . Nanging iku mung janjine bapak sing nyatane nganti saiki iseh berhubungan kaliyan Dini . Ibu ngerti kabeh kuwi nanging ibu mboten nate cerita marang liyane ,cukup di ratapi piambak .
Sampe sawijining dina musibah teko, penyakite ibu kambuh maneh nanging ora mung gerah kayata wingi kae . Ibu nangis ngerasakne lara ing padharan . Banjur bapak nggowo ibu tombo ing Rumah Sakit ,kabeh wong sakeluarga nangisi ibu sing gerah. Akhire dokter mendiaknosa ibu gerah Komplikasi .Tanpo aba-aba luh ku tumetes kayata banyu udan ,aku sedih banget oleh kabar yen ibu gerah cekap parah. Ora nate ono ing pikiran ku yen ibu nganti lara kaya ngene .
Dokter : “pak ,garwane panjenengan ngidap penyakit komplikasi . Mula yen deweke duwe panjalukan  kudu di turuti ,ojo sampe gawe atine susah lan nambahi pikiran"
Bapak : “nggih pak dokter kula bakal nuruti napa mawon penjalukane” (kandhane bapak karo nangis   ngerasa nduweni salah marang ibu)
2 dina ibu di rawat ing Rumah Sakit ,ibu wis oleh mantuk ing omah amergo mpun ono peningkatan saking kesehatane. Nalikane di rawat ,ibu mboten purun di tinggal bapak sedelo wae nganti siap-siap bali ing omah ,bapak metu tumbas rokok ing toko sedelo padahal ibu ora ngolehi.
Bapak : “buk,bapak tak tuku rokok sek ya sedelo wae”
Ibu : “gak usah pak ben di tukokne Tiara, bapak ning kene wae”
Bapak ora perduli marang larangane ibu,banjur metu ing kantin Rumah Sakit. Durung sampe  teko kantin wis ono kabar yen ibu seda. Banjur bapak mlayu mlebu ing kamar e ibu .Aku ,adik lan simbah wis nangis kayata dunya iki runtuh,ora ono keuripan maneh. Jelas ,sopo sing lilo yen di tinggal wong sing di sayang kanggo selawase? Ora ono . aku gak nyangka yen ibu bakal seda secepet iki .Ibu sabendina katon koyo wong sehat lan ora ono beban malah nanggung penyakit sing kaya ngene bahayane .Aku gak kuat yen kelangan ibu ku ingkang sanged tak tresnani.
Sawise 7 dina ne ibu kabeh di wiwiti saking titik 0. Dunya serasa molak malik ,simbah lan adik dadi gelo marang bapak lan nganggep bapak iku penyebab kematian e ibu .Senadyan aku ngerti yen bapak salah ,nanging aku ora nyalahne bapak ,tapi ati ku iki isih ora lilo yen kelingan ibu digawe lara ati kaliyan bapak.  Bapak ora gelem biayai sekolah ku lan adik ku maneh. Kapeksa ,simbah sing ngurusi kebutuhan ku lan adik .sawetara iki aku gelo kaliyan bapak,ora sadar marang kesalahane malah deweke keluyuran wae sabendina .Ora suwe bapak di pecat saking kantor ,lan akeh utange. Simbah wis keburu emosi kaliyan bapak ,akhire bapak di seneni kaliyan simbah.
Simbah : “kowe ki ilingo anak mu ,sopo sing arep ngopeni yen kowe kelayapan sabendino?gara-gara kowe ta anak ku mati? “
Bapak amung meneng diseneni simbah banjur nangis ngelu-elu ngrangkul adik .Bapak nyesel ngkhianati ibu .Saiki bapak nyambut gawe bakul sandal lan klambi ing pasar gawe kebutuhan sabendina.Senadyan mung bakul klambi ,aku seneng yen bapak gelem usaha gawe kulawargane maneh .

(33) NURUTI PANJALUKE ADHIK

NURUTI PANJALUKE ADHIK
Dening : Dian Abrory 
          Wayah isuk ing pasar Ngawi adhike Indah ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhike indah emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhike indah jenenge Rini, sing umure 6 taun. Indah sayang banget marang adhine, merga iku adhik siji-sijine. Indah saking keluarga pas-pasan, bapake mung kerja dadi  buruh tani lan ibune dadi tukang umbah-umbah ing desane

 “Mba tumbasne sandal sing werna pink iku loh,” njaluke Rini.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Iki duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Indah sing melas
          Senajan ora ditumbasne rini tetep meneng lan nerima. Bocah cilik kuwi wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maneh nggo tuku sandal.
          Sewise saking pasar lan tuku sayuran indah bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga indah bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam nanging indah tetep bersyukur masio nduweni omah sing saka pring iki mau lan ngarep omahe banjur ditanduri kembang kang digawe kayata taman-taman sing ana ing kota.
          Senajan indah saking keluarga pas-pasan, nanging bapake pingin indah dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga indah termasuk siswi sing pinter ing sekolahane. Wengine pas indah ws rampung sinau banjur arep turu indah diceluk bapake lan ngewei wejangan marang indah.
“ndah, kowe kudu dadi  wong sing berguna kudu iso ngelebihi bapak sing mung dadi buruh tani,” ngendikane bapake indah.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
          Isuk-isuk sing atis banget indah wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Indah banjur budhal isuk merga indah arep melu lomba pidato basa Indonesia sing dianakake Sekolahane. Sewise siap indah pamitan karo wong tuwane.
 “Pak, Bu, kula badhe budhal rumiyin. Muga-muga kula saged dados juara ing lomba pidato basa Indonesia lan saget mundutake sandal kangge Rini,” pamitane indah karo jabattangan wong tuwane.
“Ya nduk, Amin. Ati-ati ya ndah,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditumbasne sandal anyar.

          Tibaning sekolahan indah deg-degan amarga sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul , tembok sekolah wis dicet werna ijo sing apik.
          Ing lomba iki mau indah banjur apik banget pidatone lan oleh tanggepan apik saking dewan juri sing ana ing kono. Tibaning wektune pengumuman juara ,tibak e sing oleh  juara 1 iku indah. Indah langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Indah bali menyang omah kanthi sumringah karo ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa ndah?”pitakone ibune indah.
“Bu, kula angsal juara 1 lan Rini bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,ndah. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang marang kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
           Sore-sore,sewise ganti klambi indah ngajak rini menyang pasar Ngawi tumbas sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone indah maring adhine.
“Sing werna pink iku lo mba!”
          Langsung bae indah tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine indah lega merga  wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mba.”
          Atine indah tambah bungah amerga saged numbasne sandal kanggo adhike kanthi usahane dewe.

(32) Hasil Kui Ora Ngianati Usaha

Hasil Kui Ora Ngianati Usaha
Dening : Diah Ayu Rahmawati

SMA Bima Nusa yaiku salah sawijining sekolahan swasta ing Ngawi kang nduweni reputasi ala saka masyarakat. Murid e terkenal nakal lan bodo. Saben dina mbolosan, tekane keri, ngrokok, lan tawuran. Mula, sekolah sing cedak lingkungan masyarakat iku rencanane bakal digusur supaya ora ngganggu kegiatan masyarakat sak kiwotengene.

Ing kantin sekolah, Gilang  lagi mangan dheweke weruh Rendi lagi budal lewat pager guri banjur nyeluk.

“ Hoi Bro, lagi teko nandi ae weki?” pitakone Gilang
“ Halah biasa jek ngeterkake mie pesenan,” jawabe Rendi
“ Iki dina ora pelajaran paling, neng warung pojok wae yo!” Gilang ngajak Rendi
“ Yowis ayo budal rasah nunggu sui-sui.” saurane Rendi
(Akhire wong loro mau mbolos lewat pager ngguri sekolahan)

Ing taman merpati guri sekolah, murid-murid padha kumpul dolanan kartu lan ngrokok,ora malah masuk kelas melu pelajaran. Ana geng Warrior sing saben dina tawuran karo sekolah liya, nguasai sekolahan lan seneng malak i murid liane.

“Opo? dipungkasi?” pitakone salah siji guru sing lagi ing ruang guru
“Dadi maksutmu, sekolahe dewe arep ditutup? terus piye karo nasibe awakdewe?” pitakone guru liyane
“Tenang, kabeh sing tenang. Iki durung pasti to Kepala Sekolah?” takone bu Sonia
“Iyo, urung enek keputusan, Pengacara arep mrene sakbubare dheweke deleng sekolah iki, bar kui lagi bisa diputusake.” Wangsulane Kepala Sekolah
“Kenangapa kok pengacara mrene? Kudune pora dirembukake dhisik bareng-bareng?” takone bu Sonia maneh
“Bu guru Sonia, awakdhewe bakal ngrembukake yen pengacara wis tekan kene.” jawabe Kepala Sekolah karo gregeten.

Limang menit sabanjure, Pak Pengacara teka. . .
“Nuwun sewu,Kepala Sekolah wonten ing mriki?” pitakon e pak Roni (Kepala sekolah ngacungake tangan)
“Panjenengan pengacara Roni?”
“Nggeh”

Ing wayang wengi, disaksini gemerlap lintang Rendi ngalami masalah ing uripe
“Enek masalah opo karo mbahku?” pitakone Rendi
“Ora opo-opo Le, simbah wis golek panggon anyar.” wangsulane Simbah
“Tegone awakmu karo awakdhewe? mergo omah iki arep di lelang awakdhewe kudu ngaleh ngono?” Rendi  nesu-nesu marang pak Tono(sing due kontrakan)
“Kowe kui bocah brandalan sing ora ngerti opo-opo, Le!” senggakane pak Tono
“Nggeh mpun mbah, awakdhewe migunakake arta saking simbah mawon, kula sampun gadah arta saking kerja ngeterake mi ing RestoranDuta 1 dadi dereng kula agem artasaking panjenengan,”  Rendi
“Kowe kui wong apikan le, koyo bapak lan ibumu,” pujine simbah karo ngrangkul Rendi

Sinar srengenge wis mulai katon, pertanada yen wayahe nglakonake aktivitas, bocah-bocah padha sekolah, wong tua kerja lsp.
Suasana ing ngarep SMA Bima Nusa rame banget, kabeh murid padha budalsekolah mepet jam masuk.

“Renaaa…” Celuk e Ayu karo mlayu ngampiri Rena.
“Eh Ayu, nyapo yu kok kowe katon seneng banget?” takone Rena
“Terne aku neng toko buku yok!” Ayu ngajak Rena
“Ayu, we gowo duit luwih opo gak?” takonne Rena
“Enek, gak popo mbok nggo dhisik Ren” jawabe Ayu
(Ing ruang kepala sekolah)
“Aku duwe solusi kanggo sekolahan iki.” ujare pak Toni
“Opo sing bakal mok jalanke?” takone Kepala Sekolah
“Gawe lulus murid sekolah iki lan di terima ing Universitas Oxford.Aku bakal gawekelas khusus kanggo rencanaku iki” rencanane pak Roni
“Opo? Universitas Oxford? Awakmu nglamak opo? Sekolah sing muride pinter wae durung tentu mlebu kono opo maneh sekolah iki sing muride raono sing paham.” protese Kepala Sekolah
“Karepku,yen ono murid SMA Bima Nusa sing klebu ing Universitas mesti reputasine bakal apik.” terangane pak Roni
“Hahaha, mbok piker iki masuk akal?”
“Kabeh kui ora ana sing gak mungkin.” wangsulane Pak Roni

Akhire Pak Roni milihi murid sing bakal dibimbing kanggo mlebu Universitas Oxford, murid kui Rena, Gilang, Fajar, Ayu, lan Rendi. 5 murid iki saben dina diwenehi pelajaran nganggo metode sing aneh tapi gampang dimangerteni. Mesti diwenehi soal-soal latihan kanggo nguji kemampuan sing jumlahe ora sakitik. Pokoke saben dina murid iku digembleng tenanan.
“Ujian saiki fokuse neng kosakata, piye carane paham? kowe cuma butuh 3 perkara 1. tulisanne 2. cara ngujine 3. latihane. Kanggo kowe sing nilai bahasane bedo,  sinau sing tenanan lan lulus ujian akhir semester kui gak mungkin, tapi kemampuan kanggo ngubah sing ora mungkin lewat kosakata lan kemampuanmu nyerna kalimat kui iso gawe kemungkinan. Dadi  kerjakake latihan iki kabehe 250 soal.” Ujare bu Sonia
“Ah, iso stres aku yen ngeneki terus,” sambate Ayu
“Dasar soko penggulawentah kui kepinginan sing kuat. Yen kowe sambat terus kepiye kepinginanmu iso dadi nyata?” takone bu Sonia
“Nggeh bu, sepurane” jawabe kabeh
“Ayo cah awakdhewe kudu semangat sinau supaya perjuangane awakdhewe ora sia-sia lan ngasilake apa sing dikarepake awakdhewe, semangat !” ajakane Rena
“Iyo, awakdhewe wes berjuang tekan semene,kurang saitik maneh cah. Aku yakin awakdhewe iso!” tambahe Ayu
“Wis, ndang ayo dikerjakake soale saka bu Sonia, ojo terlalu berharap dhisik.Sing penting awakdhewe usaha sing akeh dhisik cah.” elenge Fajar
“Oke siap !” jawabe Ayu lan Gilang bebarengan

Jarak seminggu, Ujian Akhir Semester dimulai murid-murid diuji kemampuane termasuk wong 5 pilihan mau. Hasile Rena, Fajar lan Rendi oleh nilai sing apik, banjur dheweke daftar ing Universitas Oxford nanging jurusane dewe-dewe. Murid 3 mau ketrima kabeh dadine seneng banget dene Ayu dheweke daftar ing sekolah kesenian amarga dheweke seneng karo seni, Gilang dheweke daftar ing sekolah musik. Akhire murid 5 kui nerusake sekolahe ing jurusan lan tujuanne dewe-dewe.
Tamat

(31) Banjir 2007



Banjir 2007
                                                         Dening: Desinta Patmawati

    Naliko wayah wengi udan deres ra uwes- uwes nganti gledek teng gleger. Ngandani yen sesok bakal banjir, ra ngiro ra nyono ndilalah esuk e kalenan nang ngarep omah kebak ono banyune lan pas esuk kuwi ora ono panas lan udan wae, akhire banyu nganti munggah tekan melbu omah, sakdurunge iku, naliko banyu iseh nang ratan,warga dusunku durung podo bingung utowo geger, amargi nganggepe mesti banyune ngko lak surut neh. Tpi soyo awan banyune soyo duwur lan malah ora surut. Soyo suwe banyune soyo nambah nganti melbu omah e warga lan omahku barang. Naliko iku ibu bapakku lan para warga lagek podo bingung. Tanggaku seng duwe anak cilik utowo bayi wes pdo ngungsi. Nanging kluwargaku lan kluwargane mbk enggar iseh nang omah, podo ngringkesi barang- barang diamanke nang panggonan kang luweh dhuwur. Wayah kuwi mbk enggar nang lawang omah ngerti aku nang jendelo omahku. Mbk enggar ngajak aku dolanan kapal kapalan soko kertas, tpi mbk enggar ra duwe kertase, deweke jaluk kertas nang aku, nanging aku yo gak duwe kertas e, amargo wes diringkesi ibuku. Akhire aku lan mbk enggar gak sido dolanan. Naliko kuwi bapak lan ibuku iseh repot ngurusi wedos seng arep diungsekne nang duwur gendeng, pas kuwi ibuku omong nang aku" ojo dolanan nang jobo, kene iwangi ibuk beres beres ki" kandane ibuku, tapi aku meneng wae amargo aku wedi.
   Wektu soyo sore ibu lan bapakku iseh repot ngringkesi barang, ndilalah mbk enggar lan kluwargane wes ngungsi, kari kluwaragku tok seng rung ngungsi. Nganti surup aku lan bapak ibumu karo mas so lgi arep ngungsi neng gone dulurku seng neng kutho. Aku,ibu lan gombal seh digowo,ditumpakne amben kang wes diwenehi debog, naliko kui bapakku bingung," la trus ki sopo seng arep nggeret teko nggon ngungsi?" gunemme bapakku. Ndilalah ono tonggoku seng mbalek neng omahe neh njupuk barange anak e. La trus tonggoku dijaluki tulung nggo nggeret amben iku. Mas so seng ra iso renang iku ditinggal nang omahku dewe, amargo deweke wedi nek kelem, akhire mas so manut. Bapakku lan tonggoku iku mau nggeret amben iku nganti tekan panggon pangungsinan. Sak wise tekan kono, bapakku mbalek maneh karo petugas banjir numpak kapal boat, marani mas so mau seng jek nang jero omahku dewe. Ora suwe bapakku lan petugas banjir wes mbalek neng pangungsinan karo mas so. Bapakku telpon dulurku seng omah e kutho banjur jaluk tulung. Let sedelut dulurku teko numpak motor lan langsung gowo aku lan ibuku neng omahe, amargo dulurku iku mau numpak motor dadi nek ngeterke gantian. Naliko aku wes tekan omahe dulurku, tibakke mbhku lan lekku wes ngungsi neng kono. Tibakke kluwargaku seng keri dewe ngungsi, mergo mbhku lan lekku wes ngungsi aket sore mau. Tekan kono aku langsung ngresiki awak,maem, lan langsung turu. Kiro kiro aku ngungsi jam 7 bar isya' .



Naliko wayah esuk tangi turu aku karo bulekku dikenalne karo tanggane seng sak umuran karo aku. Aku yo langsung akrab wae mbi wong kuwi. Pas wayah wengi aku dijak dolanan karo knco anyarku kuwi trus dikenalne karo knca kancane, sak wise kui aku lan kanca knanca anyarku dolanan delikan, tpi ora suwe pakdeku ngerti lan akhire ngomongi" heh bengi bengi ojo dolanan delikan, we ngko nek ilang lo" pakdeku kondho ngonowi. Aku lan knca kncaku ganti dolanan godak godakan, nganti wengi. Sesok e meneh dulur dulurku seng ngungsi neng gone pakdeku kui oleh bantuan klambi, kemol lan liyo liyane soko tanggane pakdeku kui. Naliko wes telung dino aku oleh kabar yen banyune wes soyo surut malih sak polok, seng maune sak meter luweh. Sak wise seminggu akhire aku lan dulur dulurku seng ngungsi mau mbalek muleh neng omah e dewe dewe, amargo banjire wes mulih lan dalane wes gesek utowo garing amargo wes keno panas. Sak wis e tekan omah tibakne tanggaku wes podo mulih. Ibu lan bapakku langsung ngresiki omah lan barang barang seng teles di pemeni neng ngarep omah. Bapakku langsung ngurusi wedos e. Ndilalah didelok wedos e kari 12 seng maune 3. Wedos e podo mati keterak banjir. Bapakku mbengok" walah wedos e podo neng di ki?, kok kari 12" . ibuku langsung marani lan nyauri" yo mati keterak banjir to pak", bapakku nyaut meneh" la kok akeh men seng mati" . ibuku" sabar pak tanah yo kenek musibah". Naliko kui aku memeni abrakan seng teles neng ngarepan.
   Ora suwe aku krungu ibuku mbengok" aduh aduh loro" sambate ibuku. Bapak ku langsung moro" ono opo to bu, kok bengak bengok ki lo?" bapakku nakoki karo khawatir. " aduh kupingku dicokot opo iki pakkk? Loro tenan, delok eb pak!" kongkone ibuku neng bapak. Tibake ono kewan cilik kang mlebu kupinge ibuku nyakot nganti getihen, akhire let sedelut kewane iku metu lan langsung diremek remek karo ibuku, amargo pegel dicakot loro nganti getihen. Masio kupinge loro,ibuku tetep ngresiki omah kang reget rakaruan keterak banjir winginane. Naliko kui sekolah dipreini, nggo resik resik omah. Sakwise sekulahe dipreini 2 dino, ssesoke dikon melbu . tpi neng sekulahan ora diulang lan kon resik resik, amargo buku buku beng sekolahan yo knekan banjir. Wayah resik resik akeh kewan seng pateng gremet,tpi bocah bocah tetep resik resik masio asline wedi karo kewan kewan iku mau.
    Sakdurunge iku pas banyu banjir jek nang ratan,cah cilik cilik seneng amargo iso kecek lan dolanan sak senenge malaha ono seng nganti renang barang, la kok pas banyune wes melbu omah lagi podo kroso yen iki bakal dadi banjir paling gede, sakdurunge taun taun mbiyenne.  Wektu aku pas ngungsi, banyune duwure sak dodo, ssok e nambah dadi sak meter, ssoke neh nambah maneh dadi sakmeter setengah nagnti dino ketelu, sak wise dino ketelu, banyune sak itik itik surut. Nganti suwene seminggu aku ngungsi banyu lagek muleh lan ratan gareng.



   Nalikane pas tekan omah ingon ingonane bapakku mati separo, seng maune  wedos 32 dadi12. Lan ndilalah ibuku kenek catu dicakot kewan ra nggenah. Banjir kang kadadean taun2007iku dicatet wargo dusun klumpit banjir paling gede karo banjir seng pernah kadadean sak durunge. Banjir seng wes kepungkur dadi salah sijine bencana seng pernah ono neng dusunku. Banjir iku kadadean amargo akeh wong kang mbuwang sampah neng kali, daerah desoku termasuk dataran rendah, lan banyu kang ono neng bendungan solo jebol, sarto udan deres kang ora uwes uwes, iku seng nyebabke daerahku rawan banjir. Tpi sak wise dibangun tol pemerintah seng nerak daerahku gawe dusunkuh ora keno banjir maneh, iku salah sijine kaluwihane diterak jalan tol, tpi selaen ono kaluwihane kui ugo ono kekurangane yoiku, tikus malah merajalela amargo urukan tol iku dadi omah kanggo tikus, la parah maneh tol e iku nerak daerah pesawahan, dadi akeh pak tani kang gagal panen amargo tikus kang merajalela kasebut. Sahingga pak tani kudu sregep neng sawah ngoyak utowo nguber tikus tikus iku. Yen pak tani kurang aktip turut sawah biso biso tanduranne entek dipangan tikus lan gagal panen maneh. Tpi ono ugo pak tani seng wegah turut sawah, dadi sawahe dipasangi setrom neng pinggr pinggire supoyo tikuse ora biso melbu wilayah pesawahan lan ora biso mangan amargo yen wes dipasang setrom, tikuse bakal mati yen nerak utowo nyenggol kawat e iku mau. Tpi yo kudu ati ati ben ora kenekan manungsane, pak tani ngewenehi lampu neng setiap galengan sawahe.

(30) Kekancan iku luwih penting



Kekancan iku luwih penting
Dening: Denis Putri Puansih

   Ing wayah isuk kira-kira jam 06.00, Dina lagi bubar sarapan banjur pamit marang ibune.
"Buk, kula badhe bidal sekolah rumiyin nggih? ", Ibune banjur wangsuli " Iya nduk, sing ati-ati tok numpak montor, aja banter-banter sing alon-alon wae." Dina wangsuli " Inggih buk, Assalamualaikum". Ibune" Waalaikumsalam ".
  Bubar pamit Dina langsung moro ning omah mburi njupuk motor.Terus langsung budal sekolah. Pas neng dalan Dina petukan Sari kancane sak kelas.
"Din, Dina enteni aku". "iyo Sar tak nteni",jawabane Dina.Bar kuwi Dina karo Sari budal bareng. Kira-kira wektu saka omah tekan sekolahan ana 15 menit.Dina lan Sari markirne motor ning parkiran mburi sekolahan. Banjur budal ning kelas.Pas neng dalan Sari takon marang Dina,
"Din, ana PR ra?"
"Ana, PR matematika paket halaman 25"
"Ya Allah aku lali, piye ki? " Sari bingung.
"Yowes genanku conteken gak apa-apa,penting saiki nak enek PR aja lali neh yo?"
"Siap Din,matur suwun ya,we kanca paling apik deh", Sari muji-muji Dina.
   Bel mlebu wis muni, pelajaran jam pertama arep dimulai.Dina karo Sari ngetokne buku kanggo pelajaran jam pertama.Pelajaran jam pertama kanthi jam kepapat wis bar,terus bel kanggo istirahat muni.Dina karo Sari banjur mara ing kantin arep tuku jajan.Pas ning dalan Sari petukan Adi, Adi kuwi bocah kelas XII podo karo Sari karo Dina tapi bedo jurusan.Bubar tuku jajan Dina lan Sari mara ning kelas arep mangan jajan ning kelas wae.Sari banjur cerito marang Dina.
"Din, aku mau petukan cah lanang ganteng,duwur,pokoke perfect leh", Sari karo guya-guyu.
"Sopo to Sar? kelas opo? ", takonane Dina.
"Kelas TKJ kayake, sak angkatane dewe pokok,aku lali jenenge"
"Sopo to?  Adi to?"
"Iyo, bener Adi.Ya Allah jenenge wis apik, opo maneh wonge"
"Adi kae cah basket yo,kancaku SD biyen, we ngesir to?"
"Iyo, aku ngesir wonge ", Sari karo guya-guyu gak jelas.
    Dina jane arep ngomong, nak Adi kuwi wis duwe pacar jenenge Nika.Tapi ngingeti Sari seneng Dina ora tego arep omong. Bel mblebu banjur muni,Dina karo Sari terus ngrapikne panganane lan ngetokne buku kanggo pelajaran kuwi.Dina lan Sari ngikuti pelajaran nganti bubar.
   Bel muleh wis muni, bocah-bocah podo metu saka kelase dewe-dewe arep podo muleh,uga Dina lan Sari. Pas ning dalan arep ning parkiran, Dina lan Sari ngerti Adi ning ngarep gerbang,banjur diparani Dina karo Sari.
"Di Adi, gak ndang muleh? ", takone Dina
"Iyo Din, aki ijek ngenteni uwong", saurane Adi
Sari mbisiki Dina supaya dikenalne marang Adi. Dina manut banjur ngenalne Sari marang Adi.
"Eh Di kenalne iki kancaku Sari"
"Eh iyo, Hai Sar?"
"Hai juga Adi",  Sari karo guyu.
Kacek pirang menit ana cah wedok nyedaki Adi.Tibakne kuwi Nika pacare Adi.Nika kuwi kancane Sari mbiyen wektu SD.Adi banjur pamit marang Dina lan Sari.
    Sawise Adi lan Nika ngaleh,Dina lan Sari mara ning parkiran arep njupuk motor. Wektu ning parkiran Sari ngomong marang Dina.
"Din, we ngerti cah wedok karo Adi mau?", pitakone Sari
"Ngerti, kae Nika"
"Sopone Adi yo? Halah paling yo kancane. Nika biyen kae kancaku SD yo"
"Lho mosok to!", Dina kaget
"Iyo, kancaku paling cedak dewe karo aku,tapi saiki wis bedo gara-gara wonge pindah omah"
"Oalah we gak sak SMP to?"
"Ogak, trimo sak SD Karo SMK iki thok,aku yo ora nyangka nak wonge sekolah ning kene"
"Oalah yowes neh,ayo bali ndang garap pr basa Jawa"
"Yowes neh ayo"
Dina lan Sari banjur muleh ning omahe dewe-dewe.
   Bengi sekitar jam 7, ana uwong sing ndodok lawang.Bajur dibukane ibune Dina.Tibakne Adi sing mara,Ibune Dina banjur nyeluk Dina
"Din, Dina ana Adi ki? "
"Nggih buk", batine Dina ana opo Adi bengi-bengi mara.Dina banjur metu saka kamar arep nemoni Adi. Pas Dina metu ko kamare ibune malah mlebu kamar.
"Enek opo Di?", pitakone Dina
"We enek PR basa Jawa ora? "
"Enek, nyapo?"
"Garap bareng ya,aku gak patio iso"
"Oalah iyo,sek aku tak njupuk buku "
Bubar njupuk buku, Dina lan Adi nggarap bareng.Bubar nggarap PR Dina takon marang Adi.
"Di aku takon ya, we pacaran karo Nika wis suwi to?"
"Uwis enek 6 sasi lah, enek opo?"
"Iwangi aku ya, nyedakne Sari karo Nika, amarga mbiyen uwong 2 kuwi kanca cedhak,gara-gara Nika pindah omah, hubungane dadi renggang"
"Oalah iyo tak iwangi "
Bubar Omong-omongan,Adi pamit muleh marang Dina lan ibuke.Tapi ibuke Dina uwis turu dadine Adi pamit marang Dina tok.
   Sesuk isuke ing sekolahan pas jam istirahat, Dina ngajak Sari ing kantin,uga Adi ngajak Nika ning kantin. Dina lan Sari lagi mangan ngerti Adi karo Nika.
"Di reneo, mangan kene wae",omonge Dina.Adi lan Nika banjur mara ing papanggonane Dina lan Sari mau.
"Eh iyo Din ben Nika wae sing ning kene,aku tak amor kanca-kancaku wae"
"Oalah iyo Di",  saurane Dina.
Nika ditinggal Adi, supaya bisa mangan bareng Dina lan Sari. Terus Nika omong
"Eh we ki Sar yo?", pitakone Nika
"Iyo, we ijek eling karo aku to? "
"Yo ijek lah mosok lali, aku yo ijek eling mbiyen awake dewe gaene dolanan bareng "
Pas Nika karo Sari. cerito, Dina etok-etok mara ning kamar mandi, supaya Nika lan Sari bisa ngenang masa lalu.Pas ditinggal Dina, Sari lan Nika guyon cekakan goro-goro ngenang masa lalune.Terus Dina bali,banjur bel mlebu muni.Bocah telu mau banjur mlebu kelase dewe-dewe.
   Saiki saben dina hubungan kekancan Sari karo Nika saya rapet kaya mbiyen maneh.Saben dina dolan bareng, cerito bareng. Pas muleh Sari ngerti Nika du gomceng Adi,  Sari arep takon perkoro kuwi marang Nika.
   Sesuk isuke pas istirahat, Sari dikancani Dina nemoni Nika. Dina ora ngerti opo sing arep diomongake Sari marang Nika. Pas teko kelase Nika, Sari banjur nyeluk Nika.
"Nik, ndek wingi aku ngerti kowe digonceng Adi, enek opo to kowe karo Adi? " pitakone Sari marang Nika
" Oh iyo, aku arep ngomong nak aku iki pacare Adi "
"Pacare Adi?  ",  Sari kaget, meneng,banjur ngaleh.
Nika bingung karo kelakuane Sari.
"Enek opo to Din?omonganku opo salah?", Nika takon marang Dina
"Ora Nik ", saurane Dina.
"Lha terus kok Sari ngaleh? "
"Sakjane Sari kuwi seneng karo Adi "
"Ya Allah,  aku sing salah iki,aku gak ngerti nak wonge seneng karo Adi ", karo nangis.
""Uwis rasah nyalahne awakmu dewe, tak omongane wonge wis rasah nangis"
   Bubar ngomongi Nika, Dina langsung marani Nika ning kelas,ning bangkune Sari. Bejone bangkune mburi dewe.Dina ngeneng-ngemeng Sari.
"Uwis Sar, gak usah nangis, gak enek gunane kowe nangis"
"Lha piye aku kecewa yo"
"Aku ngerti perasaanmu, tak omongi"
"Opo Din?", Sari karo ngelap eluhe
"Hubunganmu karo Nika kuwi wis apik maneh, koyok mbien. Mosok yo goro-goro cah lanang Hubunganmu arep bubrah maneh?", omongane Dina marang Sari.
    Sari terus meneng lan ngresapi opo sing diomong Dina mau.Sari mikir bener opo sing diomong Dina nak deweke aja egois lan kudi mikir luwih penting hubungan kekancane karo Nika. Sawise mikir, Sari ngomong marang Dina nak deweke arep nemoni Nika arep minta maaf pas muleh sekolah.
    Bel muleh wis muni, Sari ngajak Dina mlayu nemoni Nika ing parkiran.
"Nika enteni aku", saru mbengoki Nika
"Iyo Sar, enek opo?"
"Aku minta maaf soal mau?" , Sari karo melas
"Aku kudune sing minta maaf Sar, ora ngomongi kowe", Nika yo karo melas
"Ora, aku sing salah,, aku mikir luwih mentingne kekancanane dewe ketimbang perasaanku marang Adi"
"Ya Allah Sar beneran iki?", Nika kaget lan seneng
"Iyo aku gak apa-apa kowe karo Adi", Sari karo mesem
Bubar perkoro kuwi hubungan kekancan Sari karo Nika apik maneh koyok mbiyen, malah saiki saya kompak.

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...