Gak Nurut Marang Wong Tuwa Marai Apes Dening : Diyah Wahyuningtiyas
Lisa iku wong sing gak nurutan marang wong tuwo tapi iseh nduwe rasa katresnanan. Lisa duwe kanca jenenge Nani, Nani iku wonge manutan lan wedi yen menko diseneni marang wong tuwo. Lisa tinggal ambi ibukke, yen bapakke wes ninggal dunyo rong tahun dek emben. Ibuke Lisa iku wonge sabar lan pangerten yen ngadepi watakke Lisa sing bantahan iku, ing suatu dino yaiku tepate dino sabtu Lisa pengen dolan, tapi bingun pengen dolan karo sopo, sidane Lisa mau ngajak Kancane mau yaiku Nani. Lisa langsung marani Nani nang omahe nganggo motor, jarak omahe Lisa karo Nani ora adoh mor sekitar sakilo tapi bedo deso, Lisa iku omahe nang deso mbulak yen Nani omahe ing deso gebung. Lisa wes teko nang omahe Nani lan langsung nyelok Nani, Nani bingung ono opo kok dengaren lisa dolan nang omahe. Lisa langsung ngajak nani, nak arep dolan nang taman deso Cerme sing baru di bangun, Nani gelem yen dijak Lisa dolan ing lokasi kuwi tapi sayange Lisa ngajak dolan Nani ngepasi nani gak duwe nduwet lan Nani butuh persetujuane ibuke amarga Nani wedi yen diseneni ibuke mengko nak gak izin. Lisa duweni ide masalah nani gak duwe duwet, bensin ditanggung Lisa sepenuhe dadi Nani gak perlu ngetokke duwet di nggo patungan tuku bensin tapi mengko nggawe motore Nani, nani setuju karo tawarane Lisa. Yen masalah ibuke Nani dipikir Nani dewe piye gen entok persetujuane ibuke. Lisa wes arep muleh ko omahe nani, tapi sadurunge muleh Lisa ngakon nani kon marani deweke jam setengah 10, Nani setuju marang lisa, Lisa langsung pamit muleh lan langsung siap-siap. Sawise teko omah Lisa langsung nang kamar mandi ados, sawise ados Lisa langsung dandan lan siap-siap nunggoni Nani. Ibuke Lisa pas kuwi iseh masak kanggo deweke mbi Lisa, sawise masak ibu goleki Lisa kon dan mangan, tapi sadurunge ngakon Lisa mangan ibuke takok marang lisa arep nang ndi kon dengaren wes rapi, Lisa jawab deweke arep dolan karo Nani nang taman deso Cerme. Ibuke Lisa langsung gak setuju nak Lisa dolan nang deso kuwi amarga deso kuwi adoh, dalane elek, lan sereng ana kecelakaan, makane ibuke Lisa ora setuju yen Lisa dolan ing deso kuwi, tapi Lisa tetep ngeyel pengen dolan ing deso kuwi. Nani banjur teko ing omahe Lisa, lan nyapa ibukke Lisa lan Lisa. Nani takok Marang Ibukke Lisa “wonten kenapa bu kok padu kaleh Lisa!” Ujare Nani “iki lho ni Lisa nek dikandani ibukke kie ra tau manut, mosok dolan kok adoh-adohan, iyo nak wong akeh ngono aku gakpopo lha mor wong loro, wedok-wedok pisan, aku yo ora ngolehi to ni, tapi kancamu sitok iki ngeyel ae tetep arep dolan, jan kandanane angel banget, omongono kono ni!” jawabe Ibukke Lisa. Nani banjur ngomongi Lisa nak gak usah sido ae dolan nang deso kuwi tapi Lisane tetep ngeyel, lan padune malah ndadi karo ibukke,ibuke Lisa nganti omong lha nak seumpamane dolan ra entuk izine utawa restune wong tuwa mengko bakalan apes,saking Lisa ra kenek dikandani, sidane ibukke ngalah lan pasrah, lha nak Lisa’ne tetep ngeyel. Lisa karo Nani sidane sido dolan lan langsung pamet marang ibukke Lisa sing nang jero atine ana rasa ora ihklas Lan khawatir. Sidane Lisa karo Nani budal, ing perjalanan Lisa karo Nani mandek ing tokone bu Siti lan tuku bensin, bu Siti banjur nekok’i wong loro kuwi yen arep dolan nang ndi nyambi ngesorne bensin, sawise ngesor bensin, sing bayari bensin iku Lisa sesuai marang perjanjiane sakdurunge, Lisa karo Nani lanjut marang perjalanane. Ing perjalanan, Lisa karo Nani omong-omongan nganthi ra kroso yen wes arep teko, perjalanane kuwi sekitare meh rong jam, banjur teko ing taman kuwi Lisa banjur bayari parkir motor’e Nani sekitar 3000. sakwise bayar parkir, Lisa lan Nani langsung tuku tiket masuk ing taman kuwi, regane tiket kuwi lumayan murah amarga baru pembukaan sekitare 10.000, Lisa karo nani langsung mlebu ing taman lan photo-photo, sakwise photo-photo Lisa ngajak Nani tuku panganan tapi Nani ora gelem amarga deweke wes sarapan nang omah sadurunge budal dolan lan ngrasa iseh warek lha Lisane mau durung sempet sarapan amarga padu ambi ibuke. Lisa sidane ngempet luwe, amarga Nani ugung gelem yen di jak tuku panganan amarga Nani iseh warek, let pirang-pirang menit Nani yo kroso luwe lan ngajak Lisa tuku panganan, sidane wong loro kuwi tuku bakso ing toko sekitare, sakwise mangan bakso Lisa ambi Nani sempet Leren lan lungguh kursi sing wes disediakne ing taman kuwi, banjur 15 menit Nani ngajak muleh Lisa amarga wes sore sekitare jam 4, tapi Lisane iseh pengen leren amarga kesel lan wawang yen arep muleh amarga dalane elek, Nani nuruti Lisa tapi mor dikeki wektu 5 menit di nggo leren, amarga Nani wedi yen mengko nak muleh bengi diseneni marang ibuke dek’e lan ibuk’e Lisa, banjur 5 menit wong loro mau langsung metu saka taman lan langsung nuju ing parkiran njupuk motor, sakwise jupuk motor wong loro mau langsung muleh lha ing perjalanan kuwi Lisa karo Nani sempet gersah marang dalane kuwi lan kapok ora bakal arep dolan nang kono meneh. Ing perjalanan kuwi rame , gak nyongko pas nang dalan ajor-anjoran rem motore Nani gak kenek utawa blong, wong loro mau bingung kudu piye gen amprihe ora nabrak wong sing numpak motor ing ngarepe utawa wong sing mlaku-mlaku. Sidane Nani jupuk pilihan minggir ing jalan raya lan luweh milih lewat simpangan jalan amarga kuwi sing dipikirke Nani gek ora ngrugikne wong akeh, tapi ide kuwi malah apes kenek dewekke lan Lisa amarga motore nabrak wit-witan nganti ambruk. Lisa karo Nani tibo lan tangsang ing kembang-kembang nang ngisor nganti sandale Lisa ilang siseh. Wong loro kuwi dadi perhatian wong-wong sing nang sekitare kuwi nganti wong sing numpak motor mandek lan ngewangi Lisa karo Nani kuwi, salah sijine wong sing nulungi wong loro kuwi yaiku Mas Jenjong karo pacare yaiku Mbak Wahni, tapi Mbak Wahni ora nulungi tapi malah ngguyu Lisa karo Nani sing tangsang nang kembang-kembang. Man Jenjong nulungi wong loro kuwi lan benakne motore Nani amarga setere bengkong, lha nek Lisa isih bingung golek’i sandale sing ilang sisih tapi gak nemoke, akhire Lisa karo Nani lanjutke perjalanan muleh lan pamit marang wong-wong sing nulungi deweke. Ing perjalanan muleh, Lisa karo Nani luweh alon-alon yen numpak motor, lan Lisa ngajak mandek Nani ing tokone pak Wardi, lan Lisa arep tuku sandal anyar, amarga sandale ilang sisih lan gen gak diseneni nang ibuke deweke, pak Wardi banjur nekok’i Lisa marang sandale sing ilang siseh tapi Lisa cepet-cepet dang muleh dadi gak sempet jawab pak Wardi. Sawise tuku sandal wong loro mau lanjutke perjalanan muleh, ing tengah perjalanan, sandal siseh’e lisa mau di guwak Lisa nang ngisor wit gedang amarga gen ibuke gak curiga yen deweke tibo. Let pirang menit, wong loro mau teko omah karo wajah keselen lan lesu, Lisa sempet ditakok’i ibuke ngenani sandale deweke sing anyar, lan nekokne sandale deweke sing kawak, tapi Lisa gak wani jawab jujur marang ibuke dadine dewekke jawab ngapusi marang ibuke.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA
WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...
-
“ Ora Pedulimu Nggawe Rusak Kekancan Iki “ Dening : Aisyah Eka P Tansah koyo dina-dina biasane aku tek...
-
Manungsa Iku Makhluk Sosial Dening: Alifiah Nur Hafifah Ana ing salah sawijining deso, ana bocah kang tindak tanduke a...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar