Manungsa Iku Makhluk Sosial
Dening: Alifiah Nur Hafifah
Dening: Alifiah Nur Hafifah
Ana ing salah sawijining deso, ana bocah kang tindak
tanduke ala banget. Deweke ora tau nggatek lingkungan e, ora tau manut karo apa
sing dikarepake wong tuane amarga awit cilik deweke wis kebiasaan di sayang
karo wong tuane, apa kang dadi panjalukane mesthi dituruti karo wong tuane.
Saiki deweke wis kelas 12, sekolahe ana ing salah sawijining SMK swasta sing
ana ing kutho ne. Jeneng e yaiku Didik, dewek e urip karo ibune, ngijeni.
Amarga bapake nyambut gawe ana ing luar negeri. Deweke ndue kanca sing sabar
banget kang bisa ngadepi sifat e yaiku Rio.
“Ibuk, ngendi sarapan
ku? Iki wes jam setengah 6 lo.” pitakone Didik marang ibune karo dolanan hp
seng dicekeli terus awit mau.
“Mbokya
sabar to le, segane njupuk dewe lawuh e tak pundut ne.” ngendikane ibu.
“Aku
isih durung nyiap ne pelajaran mbarang bu, mbokya dijupuk ne ibu wae to.”
“Halah,
mau bengi ngopo wae? Hp terus sing dipandengi, pelajaran e nganti ora digatek
ke, yawes kono ndang cepet disiapne pelajaran e”
Sawise sarapan, Didik banjur diterne ibune menyang
sekolahan. Ana ing sekolahan Didik langsung mara menyang kelas e, jebul e Rio
durung teka. Ana ing kelas, Didik lagi eling yen deweke ora nggowo polpen.
“Sit, nyilih polpen mu
siji” tembung e Didik.
Durung sempet di sauri
Siti, polpen e wis disaut karo Didik. Siti nggur biso ngelus dada amarga watake
Didik kui. Sawise didik mbalik ning panggone, Rio teka lan lungguh ing panggone
yaiku jejer e Didik. Didik mung mengo, ora nyapa ora barang banjur mbukak hp ne
maneh.
Bel mulih wes muni, tandane jam pelajaran wis bar. Deweke
mlaku mara neng ngarep sekolah kanggo nunggu ibu e mapak. Ing ngarep sekolah,
ana bocah cilik tiba banjur nangis kejer, nanging Didik ora gelem mbantu.
Akhire bocah cilik mau dibantu karo bapak bapak tukang becak. Let sedelo, ibune
Didik teka. Banjur Didik langsung mulih.
Ana ing omah, deweke
langsung mlebu kamar lan mbalik maneh dolanan hp. Ibune banjur teka lan
ngomongi yen dadi bocah iku kudu nggatek lingkungan, kudu gelem nulung liyan.
“Le, manungsa iku
makluk sosial, kudu gelem nulung liyan. Mengko yen koe butuh, ben enek sing
nulung genti.” Ngendikane ibuk marang Didik.
“Nggeh buk nggeh” Didik
mung nyauri ngono.
Saben di wenei wejangan
ibune, Didik ora pernah nggatekne. Mesthi deweke dolanan hp. Sampe ibune gedek
gedek ngrasakne anak semata wayang e.
Bengi ne, pas nggarap tugas deweke lagi eling yen polpene
Siti durung dibalek ne. Deweke ora ngerasa salah nanging malah mboyak bodhil.
“Halah, mandak polpen
siji e. Tak gawane disik wae lah.” batin e Didik.
Ana
ing panggonan liyo, Siti bingung amarga polpen e sing sijine entek. Siti
bingung nggarap tugas amarga ora ndue polpen. Toko ing cedak omahe yo ngepasi
lagi tutup. Akhir e kepekso deweke ora nggarap tugas.
Esuk e Siti budhal isuk banget kanggo tuku polpen ing
cedak sekolah lan ngerjakne tugas ana ing kelas. Ana ing kelas, Siti nggarap
tugas. Sawise nggarap tugas, let sediluk Didik teka bareng karo Rio. Siti
banjur nakokne Polpene marang Didik.
“Dik, Polpen ku ana
ngendi? Kenangapa ndek ingi ora mbok balekne?” pitakon e Siti marang Didik.
“Yo seng tenang, mandak
polpen siji, elekan, regone murahan ngono wae kok. Lah halah, we butuh piro?
Kene tak ijoli. Tak tukokno. Njaluk mu piro?” jawabane Didik.
Krungu saurane Didik, Siti
nangis. Amarga kanggo deweke, kui kalimat sing kasar. Sadurunge, deweke yo
durung pernah krungu omongan kang kasar lan nyentak kaya ngono. Rio banjur
ngeneng ngeneg Siti.
“Uwis Sit, ora usah
dilebokke ati. Didik watak e ancen kaya ngono” Omong e Rio marang Siti.
“Ngono tok wae nangis.
Ra kendel blas.” Tembung e Didik.
“Neng kene seng ndue
kesalahan iku koe Dik, kudune koe nyuwun ngapuro neng Siti. Ora malah muni
ukara ukara kasar. Kapan koe arep berubah?” Omong e Rio marang Didik.
Didik mung iso meneng,
deweke mulai ngroso ndue salah. Akhir e Didik ora diluruhi karo kanca kancane
kabeh sak kelas amarga sifat lan tindak tanduk e. Termasuk Rio kanca sebangkune
sing biasane saber ngadepi deweke, saiki yo melu ora ngluruh i. Deweke ngeroso
kesepian. Pas mulih, Rio langsung bablas ora ngenteni Didik maneh.
Sawise teko Ngomah, Didik cerito kedadean ana ing sekolah
mau marang ibune. Ibune malah melu nyeneni Didik.
“Wes diomongi, dadi
bocah iku aja egois. Lawong bocah wedok kok mbok kasari yo jelas nangis to le.
Makane yen dikandani wong tua kui manut. Wes gede, isin o to karo bocah TK seng
manutan ngonokae. Manungsa iku butuh seng jeneng e pitulungan. Apa seng mbok
tandur, ya kui seng bakale mbok unduh.”
Akhire, sesuk e ana ing kelas Didik nyuwun ngapura marang
kanca kancane sekelas. Utamane karo Siti
lan Rio. Didik wis dingapuro lan kanca kancane wis ngluruhi Didik maneh. Didik
seneng banget, deweke janji karo awake dewe bakal ngrubah sifat e. Didik lagi
sadar yen peduli kui penting lan egois kui ora becik, amarga manungsa iku
makhluk sosial kang ora bisa urip dewe lan mbutuhake pitulungan e liyan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar