Hasil Kui Ora Ngianati Usaha
Dening : Diah Ayu Rahmawati
Ing kantin sekolah, Gilang lagi mangan dheweke weruh Rendi lagi budal lewat pager guri banjur nyeluk.
“ Hoi Bro, lagi teko nandi ae weki?” pitakone Gilang
“ Halah biasa jek ngeterkake mie pesenan,” jawabe Rendi
“ Iki dina ora pelajaran paling, neng warung pojok wae yo!” Gilang ngajak Rendi
“ Yowis ayo budal rasah nunggu sui-sui.” saurane Rendi
(Akhire wong loro mau mbolos lewat pager ngguri sekolahan)
Ing taman merpati guri sekolah, murid-murid padha kumpul dolanan kartu lan ngrokok,ora malah masuk kelas melu pelajaran. Ana geng Warrior sing saben dina tawuran karo sekolah liya, nguasai sekolahan lan seneng malak i murid liane.
“Opo? dipungkasi?” pitakone salah siji guru sing lagi ing ruang guru
“Dadi maksutmu, sekolahe dewe arep ditutup? terus piye karo nasibe awakdewe?” pitakone guru liyane
“Tenang, kabeh sing tenang. Iki durung pasti to Kepala Sekolah?” takone bu Sonia
“Iyo, urung enek keputusan, Pengacara arep mrene sakbubare dheweke deleng sekolah iki, bar kui lagi bisa diputusake.” Wangsulane Kepala Sekolah
“Kenangapa kok pengacara mrene? Kudune pora dirembukake dhisik bareng-bareng?” takone bu Sonia maneh
“Bu guru Sonia, awakdhewe bakal ngrembukake yen pengacara wis tekan kene.” jawabe Kepala Sekolah karo gregeten.
Limang menit sabanjure, Pak Pengacara teka. . .
“Nuwun sewu,Kepala Sekolah wonten ing mriki?” pitakon e pak Roni (Kepala sekolah ngacungake tangan)
“Panjenengan pengacara Roni?”
“Nggeh”
Ing wayang wengi, disaksini gemerlap lintang Rendi ngalami masalah ing uripe
“Enek masalah opo karo mbahku?” pitakone Rendi
“Ora opo-opo Le, simbah wis golek panggon anyar.” wangsulane Simbah
“Tegone awakmu karo awakdhewe? mergo omah iki arep di lelang awakdhewe kudu ngaleh ngono?” Rendi nesu-nesu marang pak Tono(sing due kontrakan)
“Kowe kui bocah brandalan sing ora ngerti opo-opo, Le!” senggakane pak Tono
“Nggeh mpun mbah, awakdhewe migunakake arta saking simbah mawon, kula sampun gadah arta saking kerja ngeterake mi ing RestoranDuta 1 dadi dereng kula agem artasaking panjenengan,” Rendi
“Kowe kui wong apikan le, koyo bapak lan ibumu,” pujine simbah karo ngrangkul Rendi
Sinar srengenge wis mulai katon, pertanada yen wayahe nglakonake aktivitas, bocah-bocah padha sekolah, wong tua kerja lsp.
Suasana ing ngarep SMA Bima Nusa rame banget, kabeh murid padha budalsekolah mepet jam masuk.
“Renaaa…” Celuk e Ayu karo mlayu ngampiri Rena.
“Eh Ayu, nyapo yu kok kowe katon seneng banget?” takone Rena
“Terne aku neng toko buku yok!” Ayu ngajak Rena
“Ayu, we gowo duit luwih opo gak?” takonne Rena
“Enek, gak popo mbok nggo dhisik Ren” jawabe Ayu
(Ing ruang kepala sekolah)
“Aku duwe solusi kanggo sekolahan iki.” ujare pak Toni
“Opo sing bakal mok jalanke?” takone Kepala Sekolah
“Gawe lulus murid sekolah iki lan di terima ing Universitas Oxford.Aku bakal gawekelas khusus kanggo rencanaku iki” rencanane pak Roni
“Opo? Universitas Oxford? Awakmu nglamak opo? Sekolah sing muride pinter wae durung tentu mlebu kono opo maneh sekolah iki sing muride raono sing paham.” protese Kepala Sekolah
“Karepku,yen ono murid SMA Bima Nusa sing klebu ing Universitas mesti reputasine bakal apik.” terangane pak Roni
“Hahaha, mbok piker iki masuk akal?”
“Kabeh kui ora ana sing gak mungkin.” wangsulane Pak Roni
Akhire Pak Roni milihi murid sing bakal dibimbing kanggo mlebu Universitas Oxford, murid kui Rena, Gilang, Fajar, Ayu, lan Rendi. 5 murid iki saben dina diwenehi pelajaran nganggo metode sing aneh tapi gampang dimangerteni. Mesti diwenehi soal-soal latihan kanggo nguji kemampuan sing jumlahe ora sakitik. Pokoke saben dina murid iku digembleng tenanan.
“Ujian saiki fokuse neng kosakata, piye carane paham? kowe cuma butuh 3 perkara 1. tulisanne 2. cara ngujine 3. latihane. Kanggo kowe sing nilai bahasane bedo, sinau sing tenanan lan lulus ujian akhir semester kui gak mungkin, tapi kemampuan kanggo ngubah sing ora mungkin lewat kosakata lan kemampuanmu nyerna kalimat kui iso gawe kemungkinan. Dadi kerjakake latihan iki kabehe 250 soal.” Ujare bu Sonia
“Ah, iso stres aku yen ngeneki terus,” sambate Ayu
“Dasar soko penggulawentah kui kepinginan sing kuat. Yen kowe sambat terus kepiye kepinginanmu iso dadi nyata?” takone bu Sonia
“Nggeh bu, sepurane” jawabe kabeh
“Ayo cah awakdhewe kudu semangat sinau supaya perjuangane awakdhewe ora sia-sia lan ngasilake apa sing dikarepake awakdhewe, semangat !” ajakane Rena
“Iyo, awakdhewe wes berjuang tekan semene,kurang saitik maneh cah. Aku yakin awakdhewe iso!” tambahe Ayu
“Wis, ndang ayo dikerjakake soale saka bu Sonia, ojo terlalu berharap dhisik.Sing penting awakdhewe usaha sing akeh dhisik cah.” elenge Fajar
“Oke siap !” jawabe Ayu lan Gilang bebarengan
Jarak seminggu, Ujian Akhir Semester dimulai murid-murid diuji kemampuane termasuk wong 5 pilihan mau. Hasile Rena, Fajar lan Rendi oleh nilai sing apik, banjur dheweke daftar ing Universitas Oxford nanging jurusane dewe-dewe. Murid 3 mau ketrima kabeh dadine seneng banget dene Ayu dheweke daftar ing sekolah kesenian amarga dheweke seneng karo seni, Gilang dheweke daftar ing sekolah musik. Akhire murid 5 kui nerusake sekolahe ing jurusan lan tujuanne dewe-dewe.
Tamat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar