Selasa, 11 September 2018

(07) Ora Pedulimu Nggawe Rusak Kekancan Iki



“ Ora Pedulimu Nggawe Rusak Kekancan Iki “
Dening : Aisyah Eka P

        
            Tansah  koyo dina-dina biasane aku teka ing sekolah isih isuk.Aku langsung mlaku menyang kelas,ing njero kelas wis ana bocah sing teka nanging durung akeh.Aku langsung njujuk bangkuku uga lunggguh sedela karo ndeleh tas.Tak sawang sak kiwa tengenku  Tika wis teka opo durung,tibak e Tika isih urung teka.Tak enteni ing njero kelas sampek dhewek’e teka karo tak  sambi dolanan hp.Akhire dhewek’e sing tak enten-enteni  uwis teka.Uga koyo biasane aku  lan Tika sakdurunge bel masuk lan pelajaran di wiwiti isih nyempetake wektu kanggo Sholat dhuha bareng ing masjid sekolah.Gak krasa wektu ku bareng Tika wis arep entek, amarga aku lan Tika wis arep nyedaki kelulusan.Aku lan Tika sakdurunge kelulusan wis ngrencanaake yen arep nerusake ing sekolah lanjutan sing padha.Wektu  kelulusan akhire teka,Alhamdulillah Aku lan Tika iso lulus bareng kanthi nilai apik.Aku lan Tika uga bisa nglanjutake ing sekolah sing dikarepake,Nanging aku lan Tika wis ora sekelas maneh.

Awale hubungan kekancan ku karo Tika isih apik-apik wae,nanging sak mlakune wektu aku karo dhewek’e wis ora koyo mbiyen maneh.Dhewek’e sing ndhisik apik banget saiki malah wis ora peduli marang aku,sekedar takon kabar wae yo ora pernah.Ing sawijining dina sing istimewa kanggo ku yaiku dina kelairanku dhewek’e sing tak enten-enteni ngucapne selamat ning aku malah ora eling.Senadyan ucapan  saka dhewek’e sing paling tak enteni amarga dhewek’e kanca sing paling cedak karo aku lan uga apik banget karo aku,nanging kuwi ndisik.Senadyan dhewek’e koyo ngono marang aku nanging aku ora bisa nesu marang dhewek’e,senadyan ati ku lara.Ing Kabeh wektu  iki aku ora lali marang dhewek’e,malah aku  isih ngelingi bab-bab cilik babagan  dhewek’e.Nanging aku kepengin weruh kenangapa wektu iso ngerubah dhewek’e kanthi koyo ngono.Mungkin saiki dhewek’e uwis ngerasa yen pethuk kanca sing luwih apik tinimbang aku.

            Ing sawijining wektu aku lan Tika kepethuk ing panggonan sing padha.Wektu  iku aku ngeterne kancaku  mara ing panggonan  iku.Tibake Tika ana ning  panggon kuwi dhewe.Dhewek’e lungguh karo nyekeli hp sing awit mau di delengi terus.Aku ditinggal karo kancaku merga ana urusan sedela.Akhire aku lungguh ning ngarepe Tika kanthi posisi adep-adepan.Nanging aku ora  ngerti kenangapa aku lan dhewek’e kaku banget ora koyo ndisik.Tika ngerti aku lungguh ing sangarepe dhewek’e banjur nakoni aku:
“Ehh Dini,aku arep takon  marang awakmu ya?”
“Iyo tik,we arep takon opo?” jawabku ( aku mikir yen dhewek’e arep njaluk ngapura ning aku lan takon  kabarku)
“ We wis ulangan basa jawa gung Din ? Nak we wis ulangan, piye soale penak pora?’’
Pitakone Tika
“ Yo ngono kae lah Tik,angger we sinau aku percoyo yen we mesthi iso?”Jawabe Dini
“Oallah yo wis nak ngono Din,aku mengko tak sinau sing tenanan” Jawabe Tika

“ Iyo Tik” Jawabku ( asline atiku  wis kuciwa awit mau amarga sing tak pikirake yen dhewek’e arep njaluk ngapura ning aku utawa takon kabarku  tibak’e kuwi kleru kabeh)

Namung kuwi pacelathon ku karo Tika ,wis ora ana babagan liya-liya maneh sing dibahas.Rasane aku  pengin ndang lunga saka panggon iku.Aku Kepengin nangis sakbantere amarga saking kuciwane karo sikape Tika sing wis beda banget.Kancaku sing mau bareng aku akhire wis bar karo urusane,aku langsung ngaleh saka panggon kuwi lan ora ngucapake apa-apa marang Tika sing awit mau sibuk karo hpne dhewe.Atiku  rasane wis koyo remuk.


Untunge saiki aku wis nemoake kanca anyar,Rani jenenge.Dhewek’e kanca sekelasku sing bener-bener mangerteni aku.Sipate uga ora adoh beda karo sipate Tika sing ndisik.Aku tansah cerita apa-apa wae marang Rani,uga babagan kekancanku  karo Tika.Dhewek’e uga gelem ngrungoake critaku  lan menehi pangerten  marang aku supaya aku bisa sabar lan ora terlalu mikir babagan masalah  kekancanku karo Tika.Rani kanca sing apik banget karo aku lan dhewek’e iso ngobati lara atiku amarga Tika.

           
Akhire saiki aku wis ora terlalu sedih lan lara ati maneh.Saiki aku wis biasa karo sikape Tika sing ora peduli marang aku.Mungkin anggonku leh kekancan karo Tika kudu  mandeg tekan kene lan kanthi cara koyo ngene.Nanging aku ngucapake matur nuwun marang Gusti Allah amarga aku kenal dhewek’e  lan tau cedak banget hubungane.Senadyan aku lan dhewek’e wis ora bisa koyo ndisik maneh nanging aku ora bakal lali karo kekancan sing pernah ana antarane aku karo dhewek’e.Aku  uga ora bakal nglaleni dina-dina sing apik bareng  dhewek’e.Yen  dhewek’e isih  tetep gelem dadi kancaku mara a ning aku,aku ora bakal bisa nesu karo dhewek’e,sak piyene perlakuanne ning aku..Matur suwun amarga tau dadi kanca apikku ing jamane. Muga-muga kowe iso berubah maneh dadi Tika sing tak kenal ndisik,Tika sing ora mentingke urusane dhewe lan peduli marang kancane.

           

           

           




           
         
                            








Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...