Selasa, 11 September 2018

(30) Kekancan iku luwih penting



Kekancan iku luwih penting
Dening: Denis Putri Puansih

   Ing wayah isuk kira-kira jam 06.00, Dina lagi bubar sarapan banjur pamit marang ibune.
"Buk, kula badhe bidal sekolah rumiyin nggih? ", Ibune banjur wangsuli " Iya nduk, sing ati-ati tok numpak montor, aja banter-banter sing alon-alon wae." Dina wangsuli " Inggih buk, Assalamualaikum". Ibune" Waalaikumsalam ".
  Bubar pamit Dina langsung moro ning omah mburi njupuk motor.Terus langsung budal sekolah. Pas neng dalan Dina petukan Sari kancane sak kelas.
"Din, Dina enteni aku". "iyo Sar tak nteni",jawabane Dina.Bar kuwi Dina karo Sari budal bareng. Kira-kira wektu saka omah tekan sekolahan ana 15 menit.Dina lan Sari markirne motor ning parkiran mburi sekolahan. Banjur budal ning kelas.Pas neng dalan Sari takon marang Dina,
"Din, ana PR ra?"
"Ana, PR matematika paket halaman 25"
"Ya Allah aku lali, piye ki? " Sari bingung.
"Yowes genanku conteken gak apa-apa,penting saiki nak enek PR aja lali neh yo?"
"Siap Din,matur suwun ya,we kanca paling apik deh", Sari muji-muji Dina.
   Bel mlebu wis muni, pelajaran jam pertama arep dimulai.Dina karo Sari ngetokne buku kanggo pelajaran jam pertama.Pelajaran jam pertama kanthi jam kepapat wis bar,terus bel kanggo istirahat muni.Dina karo Sari banjur mara ing kantin arep tuku jajan.Pas ning dalan Sari petukan Adi, Adi kuwi bocah kelas XII podo karo Sari karo Dina tapi bedo jurusan.Bubar tuku jajan Dina lan Sari mara ning kelas arep mangan jajan ning kelas wae.Sari banjur cerito marang Dina.
"Din, aku mau petukan cah lanang ganteng,duwur,pokoke perfect leh", Sari karo guya-guyu.
"Sopo to Sar? kelas opo? ", takonane Dina.
"Kelas TKJ kayake, sak angkatane dewe pokok,aku lali jenenge"
"Sopo to?  Adi to?"
"Iyo, bener Adi.Ya Allah jenenge wis apik, opo maneh wonge"
"Adi kae cah basket yo,kancaku SD biyen, we ngesir to?"
"Iyo, aku ngesir wonge ", Sari karo guya-guyu gak jelas.
    Dina jane arep ngomong, nak Adi kuwi wis duwe pacar jenenge Nika.Tapi ngingeti Sari seneng Dina ora tego arep omong. Bel mblebu banjur muni,Dina karo Sari terus ngrapikne panganane lan ngetokne buku kanggo pelajaran kuwi.Dina lan Sari ngikuti pelajaran nganti bubar.
   Bel muleh wis muni, bocah-bocah podo metu saka kelase dewe-dewe arep podo muleh,uga Dina lan Sari. Pas ning dalan arep ning parkiran, Dina lan Sari ngerti Adi ning ngarep gerbang,banjur diparani Dina karo Sari.
"Di Adi, gak ndang muleh? ", takone Dina
"Iyo Din, aki ijek ngenteni uwong", saurane Adi
Sari mbisiki Dina supaya dikenalne marang Adi. Dina manut banjur ngenalne Sari marang Adi.
"Eh Di kenalne iki kancaku Sari"
"Eh iyo, Hai Sar?"
"Hai juga Adi",  Sari karo guyu.
Kacek pirang menit ana cah wedok nyedaki Adi.Tibakne kuwi Nika pacare Adi.Nika kuwi kancane Sari mbiyen wektu SD.Adi banjur pamit marang Dina lan Sari.
    Sawise Adi lan Nika ngaleh,Dina lan Sari mara ning parkiran arep njupuk motor. Wektu ning parkiran Sari ngomong marang Dina.
"Din, we ngerti cah wedok karo Adi mau?", pitakone Sari
"Ngerti, kae Nika"
"Sopone Adi yo? Halah paling yo kancane. Nika biyen kae kancaku SD yo"
"Lho mosok to!", Dina kaget
"Iyo, kancaku paling cedak dewe karo aku,tapi saiki wis bedo gara-gara wonge pindah omah"
"Oalah we gak sak SMP to?"
"Ogak, trimo sak SD Karo SMK iki thok,aku yo ora nyangka nak wonge sekolah ning kene"
"Oalah yowes neh,ayo bali ndang garap pr basa Jawa"
"Yowes neh ayo"
Dina lan Sari banjur muleh ning omahe dewe-dewe.
   Bengi sekitar jam 7, ana uwong sing ndodok lawang.Bajur dibukane ibune Dina.Tibakne Adi sing mara,Ibune Dina banjur nyeluk Dina
"Din, Dina ana Adi ki? "
"Nggih buk", batine Dina ana opo Adi bengi-bengi mara.Dina banjur metu saka kamar arep nemoni Adi. Pas Dina metu ko kamare ibune malah mlebu kamar.
"Enek opo Di?", pitakone Dina
"We enek PR basa Jawa ora? "
"Enek, nyapo?"
"Garap bareng ya,aku gak patio iso"
"Oalah iyo,sek aku tak njupuk buku "
Bubar njupuk buku, Dina lan Adi nggarap bareng.Bubar nggarap PR Dina takon marang Adi.
"Di aku takon ya, we pacaran karo Nika wis suwi to?"
"Uwis enek 6 sasi lah, enek opo?"
"Iwangi aku ya, nyedakne Sari karo Nika, amarga mbiyen uwong 2 kuwi kanca cedhak,gara-gara Nika pindah omah, hubungane dadi renggang"
"Oalah iyo tak iwangi "
Bubar Omong-omongan,Adi pamit muleh marang Dina lan ibuke.Tapi ibuke Dina uwis turu dadine Adi pamit marang Dina tok.
   Sesuk isuke ing sekolahan pas jam istirahat, Dina ngajak Sari ing kantin,uga Adi ngajak Nika ning kantin. Dina lan Sari lagi mangan ngerti Adi karo Nika.
"Di reneo, mangan kene wae",omonge Dina.Adi lan Nika banjur mara ing papanggonane Dina lan Sari mau.
"Eh iyo Din ben Nika wae sing ning kene,aku tak amor kanca-kancaku wae"
"Oalah iyo Di",  saurane Dina.
Nika ditinggal Adi, supaya bisa mangan bareng Dina lan Sari. Terus Nika omong
"Eh we ki Sar yo?", pitakone Nika
"Iyo, we ijek eling karo aku to? "
"Yo ijek lah mosok lali, aku yo ijek eling mbiyen awake dewe gaene dolanan bareng "
Pas Nika karo Sari. cerito, Dina etok-etok mara ning kamar mandi, supaya Nika lan Sari bisa ngenang masa lalu.Pas ditinggal Dina, Sari lan Nika guyon cekakan goro-goro ngenang masa lalune.Terus Dina bali,banjur bel mlebu muni.Bocah telu mau banjur mlebu kelase dewe-dewe.
   Saiki saben dina hubungan kekancan Sari karo Nika saya rapet kaya mbiyen maneh.Saben dina dolan bareng, cerito bareng. Pas muleh Sari ngerti Nika du gomceng Adi,  Sari arep takon perkoro kuwi marang Nika.
   Sesuk isuke pas istirahat, Sari dikancani Dina nemoni Nika. Dina ora ngerti opo sing arep diomongake Sari marang Nika. Pas teko kelase Nika, Sari banjur nyeluk Nika.
"Nik, ndek wingi aku ngerti kowe digonceng Adi, enek opo to kowe karo Adi? " pitakone Sari marang Nika
" Oh iyo, aku arep ngomong nak aku iki pacare Adi "
"Pacare Adi?  ",  Sari kaget, meneng,banjur ngaleh.
Nika bingung karo kelakuane Sari.
"Enek opo to Din?omonganku opo salah?", Nika takon marang Dina
"Ora Nik ", saurane Dina.
"Lha terus kok Sari ngaleh? "
"Sakjane Sari kuwi seneng karo Adi "
"Ya Allah,  aku sing salah iki,aku gak ngerti nak wonge seneng karo Adi ", karo nangis.
""Uwis rasah nyalahne awakmu dewe, tak omongane wonge wis rasah nangis"
   Bubar ngomongi Nika, Dina langsung marani Nika ning kelas,ning bangkune Sari. Bejone bangkune mburi dewe.Dina ngeneng-ngemeng Sari.
"Uwis Sar, gak usah nangis, gak enek gunane kowe nangis"
"Lha piye aku kecewa yo"
"Aku ngerti perasaanmu, tak omongi"
"Opo Din?", Sari karo ngelap eluhe
"Hubunganmu karo Nika kuwi wis apik maneh, koyok mbien. Mosok yo goro-goro cah lanang Hubunganmu arep bubrah maneh?", omongane Dina marang Sari.
    Sari terus meneng lan ngresapi opo sing diomong Dina mau.Sari mikir bener opo sing diomong Dina nak deweke aja egois lan kudi mikir luwih penting hubungan kekancane karo Nika. Sawise mikir, Sari ngomong marang Dina nak deweke arep nemoni Nika arep minta maaf pas muleh sekolah.
    Bel muleh wis muni, Sari ngajak Dina mlayu nemoni Nika ing parkiran.
"Nika enteni aku", saru mbengoki Nika
"Iyo Sar, enek opo?"
"Aku minta maaf soal mau?" , Sari karo melas
"Aku kudune sing minta maaf Sar, ora ngomongi kowe", Nika yo karo melas
"Ora, aku sing salah,, aku mikir luwih mentingne kekancanane dewe ketimbang perasaanku marang Adi"
"Ya Allah Sar beneran iki?", Nika kaget lan seneng
"Iyo aku gak apa-apa kowe karo Adi", Sari karo mesem
Bubar perkoro kuwi hubungan kekancan Sari karo Nika apik maneh koyok mbiyen, malah saiki saya kompak.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...