NURUTI PANJALUKE ADHIK
Dening : Dian Abrory
Wayah isuk ing pasar Ngawi adhike Indah ngrengek njaluk sandal anyar. Sandale adhike indah emang wis bodol lan wis ora ana rupane. Adhike indah jenenge Rini, sing umure 6 taun. Indah sayang banget marang adhine, merga iku adhik siji-sijine. Indah saking keluarga pas-pasan, bapake mung kerja dadi buruh tani lan ibune dadi tukang umbah-umbah ing desane“Mba tumbasne sandal sing werna pink iku loh,” njaluke Rini.
“Mba ora duwe duwit,Rin. Iki duwite arep nggo tuku sayur tok,” jawabe Indah sing melas
Senajan ora ditumbasne rini tetep meneng lan nerima. Bocah cilik kuwi wis ngerti angger kehidupane rekasa, nggo mangan bae kurang apa maneh nggo tuku sandal.
Sewise saking pasar lan tuku sayuran indah bali menyang omahe sing kaya gubuk tapi tetep rapi angger disawang, amarga indah bocah sing sregepan lan manutan. Omahe saking pring sing dianyam nanging indah tetep bersyukur masio nduweni omah sing saka pring iki mau lan ngarep omahe banjur ditanduri kembang kang digawe kayata taman-taman sing ana ing kota.
Senajan indah saking keluarga pas-pasan, nanging bapake pingin indah dadi wong sukses lan pingin nyekolahke nganti perguruan tinggi. Bapake ora kecewa amarga indah termasuk siswi sing pinter ing sekolahane. Wengine pas indah ws rampung sinau banjur arep turu indah diceluk bapake lan ngewei wejangan marang indah.
“ndah, kowe kudu dadi wong sing berguna kudu iso ngelebihi bapak sing mung dadi buruh tani,” ngendikane bapake indah.
“Nggih pak,kula ajeng usaha,”
Isuk-isuk sing atis banget indah wis tangi lan nyiapake sepeda sing arep dienggo neng sekolah. Indah banjur budhal isuk merga indah arep melu lomba pidato basa Indonesia sing dianakake Sekolahane. Sewise siap indah pamitan karo wong tuwane.
“Pak, Bu, kula badhe budhal rumiyin. Muga-muga kula saged dados juara ing lomba pidato basa Indonesia lan saget mundutake sandal kangge Rini,” pamitane indah karo jabattangan wong tuwane.
“Ya nduk, Amin. Ati-ati ya ndah,” ngendikane bapake.
“Mba, mengko tuku sandal ya?”adhine sing sumringah ngerti angger arep ditumbasne sandal anyar.
Tibaning sekolahan indah deg-degan amarga sekolahane wis rame lan ana peserta liya sekolah. Ing sekolah uga dipasang umbul-umbul , tembok sekolah wis dicet werna ijo sing apik.
Ing lomba iki mau indah banjur apik banget pidatone lan oleh tanggepan apik saking dewan juri sing ana ing kono. Tibaning wektune pengumuman juara ,tibak e sing oleh juara 1 iku indah. Indah langsung nerima piala karo amplop sing isine piagam ditambah duwit pembinaan. Indah bali menyang omah kanthi sumringah karo ngonthel sepedane.
“Assalamualaikum. Bu,pak.”
“Wa’alaikum salam, ana apa ndah?”pitakone ibune indah.
“Bu, kula angsal juara 1 lan Rini bakal duwe sandal anyar.”
“Alhamdulilah,ndah. Anake Ibune pinter temen. Ibune tambah sayang marang kowe.”ngendikane ibune sing sumringah lan bangga.
Sore-sore,sewise ganti klambi indah ngajak rini menyang pasar Ngawi tumbas sandal anyar.
“Tuku sandal sing werna apa Rin?” pitakone indah maring adhine.
“Sing werna pink iku lo mba!”
Langsung bae indah tuku sandal sing dipingini adhine. Ing jero atine indah lega merga wis bisa nuruti kepinginan adhine ngganggo jerih payahe dewek.
“Matur nuwun ya mba.”
Atine indah tambah bungah amerga saged numbasne sandal kanggo adhike kanthi usahane dewe.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar