Gugur Ibuku sing tak Tresnani
(dening: Dian Noviana Putri)
Jeneng ku Tiara umur ku 17 tahun. Aku seneng banget amergi Gusti Allah maringi kulawarga ingkang lengkap ,ono ibu ,bapak,adek lan simbah ku. Adik ku jeneneg e Sinta umur e 12 tahun. Aku duweni ibu ingkang sabar ,sholihah,lan penyayang.Aku lan adik ku sayang banget marang bapak lan ibu utamane kaliyan ibu . Sabendina bapak nyambut gawe dados tukang bang harian,lan ibu mbantu nyambut gawe bakul sayur mubeng ing desa gawe nambah pemasukan keluwarga ,amergi aku wis SMA butuhke ragat kathah damel biaya sekolah. Di tambah maneh adik tahun iki mlebu SMP ,dadi kebutuhan ing keluarga tambah akeh.
Ing wayah wengi, Aku, ibu kaliyan simbah ing ruang tamu ngenteni bapak mantuk saking kerja. Jam wis nduduhke pukul 8 bengi nanging bapak during bali. Simbah : “wis bengi nduk,ndang turu gak usah ngenteni bapak mu mulih”
Aku : “nggih mbah nembe jam 8 niki, mengke sekedap maneh bapak ngih mantuk”
Ibu : “bener kandane mbah mu nduk ,wes wengi ndang turu”
Aku : “Inggih buk” (aku banjur mlebu kamar)
Ora suwe bapak mpun mantuk .
Ibu : “wis wengi kok lagi manthuk t pak?”
Bapak : “iyo buk ,iki mau akeh kerjaan dadi bapak lembur” (bapak,ibu lan simbah banjur mlebu ing omah tengah)
Dino wes isuk aku lan adik lagi arep budal sekolah ,sabendino ibu sing maringi sangu damel jajan lan bayar sekolah. Bapak sing nyambut gawe dadi tukang bang mboten saged nyukupi kebutuhan sabendina. Ing sekolah aku kalebu murid sing menengan lan gak akeh jajan supaya bisa di tabung.
Aku mesakne ibu sing lilo panas-panasan bakul sayur ing desa ,sampe siji dina ibu gerah lambung,nanging ibu mboten purun njaluk perawatan supaya anak-anak e mboten susah atine. Ibu ngempet lorone dewe.
“wes to nduk ,ora sah mbok susah sabendino bakul sampe awak mu lara koyo ngono!” Simbah kandha marang ibu ,
“mboten punapa-punapa mbah sing penting bocah-bocah duweni urip ingkang kecukupan lan mboten susah kayata ibune”jawab ibu.
Ibu gerah kanggo sawetara dina nanging dheweke mboten katon kaya wong sing lara. Simbah ngajak ibu priksa ing dokter ,lan ibu wiwit di priksa pak dokter “Bu ,ojo meksakne awak yen ora kuat nyambut gawe” kandhane pak dokter marang ibu. Ibu katon meneng ae mirengke nopo kang di kandhake dokter . Sawise sawetara dina ,ibu wiwit waras,lan ibu bisa nyambut gawe maneh.
Seminggu sabanjure ibu waras,bapak kulina mulih bengi lan jarang ngabari utowo pamit yen arep tindhak .Minangka anak mbarep aku ngerasa ono sing beda kaliyan tumindhake bapak,opo maneh adik ku sing sering di manja kaliyan bapak jelas ngrasa banget yen ono sing salah .Aku lan adik ku sedih yen kurang perhatian saking bapak. Nanging ,aku kudu iso ngeyakinake adik ku yen bapak iku lagi sibuk nyambut gawe.
Sawijining dina aku di dawuhi ibu belanja menyang toko lan ora sengaja aku ngerti bapak ono ing warung kopi sing bakule isih enom utowo sering di arani warung ayu.
Aku kuciwa kaliyan bapak sing jare mulih bengi mergo lembur tapi nyatane malah jaduman ing warung kopi.Aku isih usaha mikir sing positif mugo wae bapak mung leren ngopi ora ono niatan liyane,banjur aku cepet-cepet muleh menyang omah. Sabanjure teko omah aku mbantu ibu masak ,aku ora cerita kedadeyan mau menyang ibu .
Sawijining dina ono tangga ku matur marang ibu yen bapak iku gawene dolan menyang omahe Dini .Dini? sing tak weruhi dewek e sing nduweni warung ayu ing desa iki.Ibu kaget mireng berita iku ,lan ibu wiwit curiga marang bapak .Ibu nate mergoki bapak ing omahe Dini nalika adek lara amergo kangen kaliyan bapak sing wis 3 dina ora bali .
Ing omahe Dini
Ibu : “ bekne bener pak opo sing di omong tonggo-tonggo?”
Bapak : “opo t buk? Bapak iki mung dolan tok ora luwih”
Ibu : “mung dolan? Opo sing di arani dolan ora mulih ing omah pirang-pirang dina? Mbok ya iling anak mu iku wes gede pak.malah dolan karo arek wadon liyo” (ibu nangis ngerti kelakuane bapak ing mburi kaya ngene lan ora nyangka wong sing bener-bener di percaya bisa berkhianat) .
Sabanjure iku ibu bali omah, ing mburine ono bapak. Kabeh katon biasa wae kayata ora ono masalah sijia. Adik seneng banget akhire bapak mulih omah banjur ngerangkuli bapak kayata ora ketemu sesasi wae. Bapak mpun janji kaliyan ibu mboten ngulangi kedadeyan iki maneh lan ora bakal gawe ibu susah . Nanging iku mung janjine bapak sing nyatane nganti saiki iseh berhubungan kaliyan Dini . Ibu ngerti kabeh kuwi nanging ibu mboten nate cerita marang liyane ,cukup di ratapi piambak .
Sampe sawijining dina musibah teko, penyakite ibu kambuh maneh nanging ora mung gerah kayata wingi kae . Ibu nangis ngerasakne lara ing padharan . Banjur bapak nggowo ibu tombo ing Rumah Sakit ,kabeh wong sakeluarga nangisi ibu sing gerah. Akhire dokter mendiaknosa ibu gerah Komplikasi .Tanpo aba-aba luh ku tumetes kayata banyu udan ,aku sedih banget oleh kabar yen ibu gerah cekap parah. Ora nate ono ing pikiran ku yen ibu nganti lara kaya ngene .
Dokter : “pak ,garwane panjenengan ngidap penyakit komplikasi . Mula yen deweke duwe panjalukan kudu di turuti ,ojo sampe gawe atine susah lan nambahi pikiran"
Bapak : “nggih pak dokter kula bakal nuruti napa mawon penjalukane” (kandhane bapak karo nangis ngerasa nduweni salah marang ibu)
2 dina ibu di rawat ing Rumah Sakit ,ibu wis oleh mantuk ing omah amergo mpun ono peningkatan saking kesehatane. Nalikane di rawat ,ibu mboten purun di tinggal bapak sedelo wae nganti siap-siap bali ing omah ,bapak metu tumbas rokok ing toko sedelo padahal ibu ora ngolehi.
Bapak : “buk,bapak tak tuku rokok sek ya sedelo wae”
Ibu : “gak usah pak ben di tukokne Tiara, bapak ning kene wae”
Bapak ora perduli marang larangane ibu,banjur metu ing kantin Rumah Sakit. Durung sampe teko kantin wis ono kabar yen ibu seda. Banjur bapak mlayu mlebu ing kamar e ibu .Aku ,adik lan simbah wis nangis kayata dunya iki runtuh,ora ono keuripan maneh. Jelas ,sopo sing lilo yen di tinggal wong sing di sayang kanggo selawase? Ora ono . aku gak nyangka yen ibu bakal seda secepet iki .Ibu sabendina katon koyo wong sehat lan ora ono beban malah nanggung penyakit sing kaya ngene bahayane .Aku gak kuat yen kelangan ibu ku ingkang sanged tak tresnani.
Sawise 7 dina ne ibu kabeh di wiwiti saking titik 0. Dunya serasa molak malik ,simbah lan adik dadi gelo marang bapak lan nganggep bapak iku penyebab kematian e ibu .Senadyan aku ngerti yen bapak salah ,nanging aku ora nyalahne bapak ,tapi ati ku iki isih ora lilo yen kelingan ibu digawe lara ati kaliyan bapak. Bapak ora gelem biayai sekolah ku lan adik ku maneh. Kapeksa ,simbah sing ngurusi kebutuhan ku lan adik .sawetara iki aku gelo kaliyan bapak,ora sadar marang kesalahane malah deweke keluyuran wae sabendina .Ora suwe bapak di pecat saking kantor ,lan akeh utange. Simbah wis keburu emosi kaliyan bapak ,akhire bapak di seneni kaliyan simbah.
Simbah : “kowe ki ilingo anak mu ,sopo sing arep ngopeni yen kowe kelayapan sabendino?gara-gara kowe ta anak ku mati? “
Bapak amung meneng diseneni simbah banjur nangis ngelu-elu ngrangkul adik .Bapak nyesel ngkhianati ibu .Saiki bapak nyambut gawe bakul sandal lan klambi ing pasar gawe kebutuhan sabendina.Senadyan mung bakul klambi ,aku seneng yen bapak gelem usaha gawe kulawargane maneh .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar