Selasa, 11 September 2018

(31) Banjir 2007



Banjir 2007
                                                         Dening: Desinta Patmawati

    Naliko wayah wengi udan deres ra uwes- uwes nganti gledek teng gleger. Ngandani yen sesok bakal banjir, ra ngiro ra nyono ndilalah esuk e kalenan nang ngarep omah kebak ono banyune lan pas esuk kuwi ora ono panas lan udan wae, akhire banyu nganti munggah tekan melbu omah, sakdurunge iku, naliko banyu iseh nang ratan,warga dusunku durung podo bingung utowo geger, amargi nganggepe mesti banyune ngko lak surut neh. Tpi soyo awan banyune soyo duwur lan malah ora surut. Soyo suwe banyune soyo nambah nganti melbu omah e warga lan omahku barang. Naliko iku ibu bapakku lan para warga lagek podo bingung. Tanggaku seng duwe anak cilik utowo bayi wes pdo ngungsi. Nanging kluwargaku lan kluwargane mbk enggar iseh nang omah, podo ngringkesi barang- barang diamanke nang panggonan kang luweh dhuwur. Wayah kuwi mbk enggar nang lawang omah ngerti aku nang jendelo omahku. Mbk enggar ngajak aku dolanan kapal kapalan soko kertas, tpi mbk enggar ra duwe kertase, deweke jaluk kertas nang aku, nanging aku yo gak duwe kertas e, amargo wes diringkesi ibuku. Akhire aku lan mbk enggar gak sido dolanan. Naliko kuwi bapak lan ibuku iseh repot ngurusi wedos seng arep diungsekne nang duwur gendeng, pas kuwi ibuku omong nang aku" ojo dolanan nang jobo, kene iwangi ibuk beres beres ki" kandane ibuku, tapi aku meneng wae amargo aku wedi.
   Wektu soyo sore ibu lan bapakku iseh repot ngringkesi barang, ndilalah mbk enggar lan kluwargane wes ngungsi, kari kluwaragku tok seng rung ngungsi. Nganti surup aku lan bapak ibumu karo mas so lgi arep ngungsi neng gone dulurku seng neng kutho. Aku,ibu lan gombal seh digowo,ditumpakne amben kang wes diwenehi debog, naliko kui bapakku bingung," la trus ki sopo seng arep nggeret teko nggon ngungsi?" gunemme bapakku. Ndilalah ono tonggoku seng mbalek neng omahe neh njupuk barange anak e. La trus tonggoku dijaluki tulung nggo nggeret amben iku. Mas so seng ra iso renang iku ditinggal nang omahku dewe, amargo deweke wedi nek kelem, akhire mas so manut. Bapakku lan tonggoku iku mau nggeret amben iku nganti tekan panggon pangungsinan. Sak wise tekan kono, bapakku mbalek maneh karo petugas banjir numpak kapal boat, marani mas so mau seng jek nang jero omahku dewe. Ora suwe bapakku lan petugas banjir wes mbalek neng pangungsinan karo mas so. Bapakku telpon dulurku seng omah e kutho banjur jaluk tulung. Let sedelut dulurku teko numpak motor lan langsung gowo aku lan ibuku neng omahe, amargo dulurku iku mau numpak motor dadi nek ngeterke gantian. Naliko aku wes tekan omahe dulurku, tibakke mbhku lan lekku wes ngungsi neng kono. Tibakke kluwargaku seng keri dewe ngungsi, mergo mbhku lan lekku wes ngungsi aket sore mau. Tekan kono aku langsung ngresiki awak,maem, lan langsung turu. Kiro kiro aku ngungsi jam 7 bar isya' .



Naliko wayah esuk tangi turu aku karo bulekku dikenalne karo tanggane seng sak umuran karo aku. Aku yo langsung akrab wae mbi wong kuwi. Pas wayah wengi aku dijak dolanan karo knco anyarku kuwi trus dikenalne karo knca kancane, sak wise kui aku lan kanca knanca anyarku dolanan delikan, tpi ora suwe pakdeku ngerti lan akhire ngomongi" heh bengi bengi ojo dolanan delikan, we ngko nek ilang lo" pakdeku kondho ngonowi. Aku lan knca kncaku ganti dolanan godak godakan, nganti wengi. Sesok e meneh dulur dulurku seng ngungsi neng gone pakdeku kui oleh bantuan klambi, kemol lan liyo liyane soko tanggane pakdeku kui. Naliko wes telung dino aku oleh kabar yen banyune wes soyo surut malih sak polok, seng maune sak meter luweh. Sak wise seminggu akhire aku lan dulur dulurku seng ngungsi mau mbalek muleh neng omah e dewe dewe, amargo banjire wes mulih lan dalane wes gesek utowo garing amargo wes keno panas. Sak wis e tekan omah tibakne tanggaku wes podo mulih. Ibu lan bapakku langsung ngresiki omah lan barang barang seng teles di pemeni neng ngarep omah. Bapakku langsung ngurusi wedos e. Ndilalah didelok wedos e kari 12 seng maune 3. Wedos e podo mati keterak banjir. Bapakku mbengok" walah wedos e podo neng di ki?, kok kari 12" . ibuku langsung marani lan nyauri" yo mati keterak banjir to pak", bapakku nyaut meneh" la kok akeh men seng mati" . ibuku" sabar pak tanah yo kenek musibah". Naliko kui aku memeni abrakan seng teles neng ngarepan.
   Ora suwe aku krungu ibuku mbengok" aduh aduh loro" sambate ibuku. Bapak ku langsung moro" ono opo to bu, kok bengak bengok ki lo?" bapakku nakoki karo khawatir. " aduh kupingku dicokot opo iki pakkk? Loro tenan, delok eb pak!" kongkone ibuku neng bapak. Tibake ono kewan cilik kang mlebu kupinge ibuku nyakot nganti getihen, akhire let sedelut kewane iku metu lan langsung diremek remek karo ibuku, amargo pegel dicakot loro nganti getihen. Masio kupinge loro,ibuku tetep ngresiki omah kang reget rakaruan keterak banjir winginane. Naliko kui sekolah dipreini, nggo resik resik omah. Sakwise sekulahe dipreini 2 dino, ssesoke dikon melbu . tpi neng sekulahan ora diulang lan kon resik resik, amargo buku buku beng sekolahan yo knekan banjir. Wayah resik resik akeh kewan seng pateng gremet,tpi bocah bocah tetep resik resik masio asline wedi karo kewan kewan iku mau.
    Sakdurunge iku pas banyu banjir jek nang ratan,cah cilik cilik seneng amargo iso kecek lan dolanan sak senenge malaha ono seng nganti renang barang, la kok pas banyune wes melbu omah lagi podo kroso yen iki bakal dadi banjir paling gede, sakdurunge taun taun mbiyenne.  Wektu aku pas ngungsi, banyune duwure sak dodo, ssok e nambah dadi sak meter, ssoke neh nambah maneh dadi sakmeter setengah nagnti dino ketelu, sak wise dino ketelu, banyune sak itik itik surut. Nganti suwene seminggu aku ngungsi banyu lagek muleh lan ratan gareng.



   Nalikane pas tekan omah ingon ingonane bapakku mati separo, seng maune  wedos 32 dadi12. Lan ndilalah ibuku kenek catu dicakot kewan ra nggenah. Banjir kang kadadean taun2007iku dicatet wargo dusun klumpit banjir paling gede karo banjir seng pernah kadadean sak durunge. Banjir seng wes kepungkur dadi salah sijine bencana seng pernah ono neng dusunku. Banjir iku kadadean amargo akeh wong kang mbuwang sampah neng kali, daerah desoku termasuk dataran rendah, lan banyu kang ono neng bendungan solo jebol, sarto udan deres kang ora uwes uwes, iku seng nyebabke daerahku rawan banjir. Tpi sak wise dibangun tol pemerintah seng nerak daerahku gawe dusunkuh ora keno banjir maneh, iku salah sijine kaluwihane diterak jalan tol, tpi selaen ono kaluwihane kui ugo ono kekurangane yoiku, tikus malah merajalela amargo urukan tol iku dadi omah kanggo tikus, la parah maneh tol e iku nerak daerah pesawahan, dadi akeh pak tani kang gagal panen amargo tikus kang merajalela kasebut. Sahingga pak tani kudu sregep neng sawah ngoyak utowo nguber tikus tikus iku. Yen pak tani kurang aktip turut sawah biso biso tanduranne entek dipangan tikus lan gagal panen maneh. Tpi ono ugo pak tani seng wegah turut sawah, dadi sawahe dipasangi setrom neng pinggr pinggire supoyo tikuse ora biso melbu wilayah pesawahan lan ora biso mangan amargo yen wes dipasang setrom, tikuse bakal mati yen nerak utowo nyenggol kawat e iku mau. Tpi yo kudu ati ati ben ora kenekan manungsane, pak tani ngewenehi lampu neng setiap galengan sawahe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...