Kanca Dadi Musuh
Dening : Denik
Nurazizah
Nang
siji sekolahan yaiku SMAN 1 Kenanga, ana sekumpulan bocah-bocah sing jenenge Khaila,Lisa,Elfi,lan Rika. Kae
bocah 4 pancen wes dadi kanca kawet
kelas 10 terus kaya ora bisa dipisahna. Dadi sahabat susah, seneng, sedih mesti
ngrasakna bareng-bareng. Bocah 4 kae sak sekolahan nanging beda kelas kabeh.
Khaila karo Lisa jurusan IPA, nanging Rika karo Elfi jurusan IPS. Masia ngana
tapi cah papat mesti budal lan muleh sekolah bareng.
Sawijining dino senin, Khaila siap-siap arep budal
sekolah. Ibuke Khaila, bu Syifa nyiapne sarapan kanggo putrine lan bapake
Khaila, pak Herman.
“Khaila,
wes bar apa during leh mu tata-tata? Ayo ndang sarapan bareng bapak kene.”
Dawuhe ibuk e.
“Nggeh
buk, niki nggeh ajeng mriku.” Saurane Khaila.
Khaila
anak tunggal sangka ibu Syifa lan bapak Herman. Masia ngunu Khaila ora padha
karo bocah-bocah liane. Khaila ora manja lan wes biasa mandiri. Selain iku,
Khaila sregep sholat lan ngaji Al-Qur’an.
Sak
wise sarapan, mara-mara enek suara salam ing jaba omah.
“Assalamu’alaikum
….” Ngucap salam bareng wong telu.
”Wa’alaikumussalam,eh
cah kok wes teka kene? Aku wae mau lagek bar sarapan. Wes pada sarapan ta iki?”
pitakone Khaila.
“Halah
yo uwes ta, cah kene kok.” Jawabe Elfi.
“Ayo
ndang budal, selak awan mengko.” Ajak e Lisa
“Ayo,
Khai wes siap ta?” pitakone Rika.
“Wes
siap, ayo budal.”
Cah
papat mau budal bareng motoran saka omahe Khaila mara ng sekolahan.
Teka sekolahan pas arep mara ning kelas, cah papat
mau cethukan karo balane ariska,Evi karo Ria. Cah telu kui wis popular ning
sekolahan. Cah telu kui gak seneng karo Khaila lan kancane.
“Eh
enek cah sok alim karo pengikute ki.” Sindirane Ariska.
“Eh,
nylonong wae etok-etok gak ngerti.” Sambungane Evi.
“Woy
budge ya? Dasar “. Sindirane Ria.
Elfi
wis gak kuat ngrungokne ocehane cah telu kui.
“We
gak usah ngomong ngunuwi isa apa ora ta hah? Jaga ya omonganmu.”saurane Elfi.
“Wes
fi gak usah diladeni omongane. Ayo ndang mlebu kelas.” Ajakane Khaila.
Khaila karo Lisa sak kelas karo Ariska. Ariska bocah
paling popular sak sekolahan. Merga popular,akeh cah lanang sing naksir karo
deweke. Deweke seneng dandan ning sekolahan. Merga deweke popular, Lisa iri
karo Ariska lan pengen isa kaya Ariska.
Bel
muleh wes muni, cah papat Khaila,Lisa,Elfi, lan Rika janjian arep tuku jilbab
ning toko jilbab. Nanging Lisa gak isa melu alesane enek janji karo ibuke.
Padahal ora enek janji karo ibuke. Deweke ngapusi karo kanca-kancane. Lisa
malah ngajak ketemuan karo Ariska njaluk warah piye carane dandan terus ben isa
popular. Akhire Ariska gelem lan wong lara ketemuan ning kafe.
“Nyapa
we dengaren ngajak aku ning kene?”pitakone Ariska.
“Ngene,
aku pengen jaluk tulung ning kowe. We kok isa popular ning sekolahan apa
rahasiamu? Jujur aku pengen kaya kowe.”saurane Lisa.
“Oh…ngunu
ta. Nak kowe pengen roh, we kudu janji karo aku. We kudu ngedohi Khaila karo
kanca-kancamu kui. Janji?” pitakone Ariska.
“Aku
janji.”jawabe Lisa.
Lisa
akhire setuju karo janjine Ariska. Lisa gak mikir piye mengko dampak mburine.
Gak mikir piye mengko kanca-kancane ning deweke. Sing penting deweke isa ayu
lan popular sak sekolahan. Lisa dijak Ariska mara ning toko cosmetic lan mara
ning salon. Suwi-suwi Lisa wis akrab banget karo Ariska.
Budal sekolah,Lisa wis ora bareng karo
Khaila,Elfi,lan Rika. Ning sekolahan Lisa maleh aworane karo balane Ariska,Evi,lan
Ria. Ora mung kui, penampilane wis beda. Deweke saiki maleh dandan ayu lan
maleh rada caper karo cah lanang. Khaila lan kanca-kancane cethukan karo Lisa. Eroh
kelakuane Lisa saiki sing kebangeten, Khaila langsung marani Lisa.
“Astagfirullah
Lisa, kok kowe maleh dadi ngeneki? Istigfar Lisa, tingkahmu iki gak pantes.” Pitakone
Khaila.
“Nyapa
ta Khai, sak karepku aku arep nglakoni apa. Iki hak ku ya ta Ris?”saurane Lisa.
“Betul
Lis, nyapa adewe nyiak-nyiakne urip iki selagi adewe isa seneng-seneng, ya ta
gays?”jawabe Ariska.
“Cocok
banget.”sambungane kancane.
“Istigfar
Lis, we gak pantes ngelakoni ngeneki.”
“Nyapa
ta kowe kuwi, minggir aja ngalangi dalanku!” Lisa jangkakne Khaila.
“Astagfirullah,
jahat kowe kuwi Lis.”sautane Elfi
Lisa
wes gak gatek omongane Elfi.
Khaila sedih lan gak percaya Lisa isa tega ngelakoni
kui lan maleh nemen sakwise amor karo Ariska. Padahal Lisa ndisike apik banget
karo Khaila lan wis dianggep dadi kanca sing paling apik ning atine Khaila.
Nanging saiki Lisa wis maleh dadi wong nakal. Saiki wonge mentingne awake dewe
ketimbang karo kanca apike dewe.
Ning
kelas, Khaila ora sengaja krungu omongane Lisa karo Ariska.
“Eh,
mengko mara ning kafe ya kowe arep tak kenalne karo kancaku, jenenge Dito.
Gelem ta?”pitakone Ariska.
“Gelem
banget, kafe iki kan? Oke aku rana”.saurane Lisa.
Tibakne Lisa arep ketemuan karo cah lanang sing arep
dikenalke karo Ariska. Khaila langsung nuntuti wong lara kui ning kafe. Khaila
gak pengen Lisa mengko luwih adah kelakuan eleke. Akhire teka ning kafe. Khaila
eroh enek cah lanang lara ning kana.
“Eh,
wes suwi nunggu ta. Maaf ya.”pitakone Ariska.
“Ogak
kok Ris, kanggo kowe aku siap nunggu teka bengi.”saurane Rian.
“Alah
gombal. O ya Lis iki wonge, ayo kenalan.”
“Jenengku
Dito. Salam kenal ya.” Ajak e Dito
“Eh,
iya. Jenengku Lisa. Salam kenal.”karo jabatan tangan.
Mara-mara
Khaila marani Lisa.
“Lisa!”sentake
Khaila.
“Loh
khaila, nyapa kowe rene?”
“Aku
sing kudune takok nyapa kowe rene?
Lisa
nggereti tanangane Khaila ngedohi wong telu mau.
“Kowe
nyapa rene? Arep ngurusi urusanku? Kowe gak enek hak arep ngatur aku”.
“Aku
gak arep ngatur kowe Lis, aku…”dipotong Lisa.
“Halah
wis cukup. Kawet saiki nganti seteruse aku gak gelem dadi kancamu maneh lan
adewe wes gak enek hubungan apa-apa. Dadi kowe aja ngurusi urusanku titik.”
Kerungu
omongane Lisa,Khaila langsung lara ati lan langsung ngaleh ninggalne Lisa.
Khaila wis gak perduli karo Lisa maneh.
Telung minggu wis lewat, lara ati Khaila iseh ana
gung isa ilang nganti saiki. Tapi Khaila nyoba ngalekne Lisa saka pikirane.
Nanging angger pethukan karo Lisa ning dalan, Khaila dadi kepikiran maneh lan gk
isa ngelalekne Lisa amarga Lisa kanca apike kawet kelas 10. Kelakuane Lisa
luwih rene luwih parah nakale. Deweke saiki senengane pacaran lan gawene metu
bengi. Saiki kelakuane Lisa wis ora isa ditoleran karo Khaila,Elfi lan Rika.
Bulan Desember enek ujian sekolah semester ganjil. Wayahe
kabeh murid pada sregep sinau kanggo ujian sekolah kurang seminggu engkas. Khaila,Elfi,lan
Rika pada sregep sinau, nanging beda karo Lisa sing mentingne leh pacaran
ketimbang sinau
Khaila ngajak Elfi lan Rika sinau bareng ning omahe
Khaila. Kabeh pada sregep sinau. Nanging sakwise ibune Khaila nyuguhne
panganan,Rika langsung sergap panganan kui amarga wetenge wes luwe. Kabeh pada
ngguyukne Rika ora sida sinau. Mara –mara enek suwara wong celuk-celuk jenenge
Khaila. Khaila langsung metu lan mbukaki lawang ngarep. Tibakne sing nyeluki
Lisa. Khaila kaget trus langsung Lisa dikon mlebu.
Lisa langsung cerita ning kanca-kancane nak Lisa
dipermainke karo pacare lan Lisa langsung mutusi pacare. Lisa ngomong karo
kancane lan janji arep terus bareng karo Khaila,Elfi,lan Rika. Kanca-kancane seneng
ngrungokke omongane Lisa. Apa maneh Khaila. Akhire Khaila,Elfi, Rika lan Lisa
ngumpul maneh lan ngelalekne masalah sing ndisik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar