KEKANCAN
Dening : Bila Eprilita
Intriani
Srengenge
durung muncul ing tlatah wetan, lan sinare durung madhangi buwana.
Nanging Bagas wis tangi kawit jam 04:00 WIB. Bagas
iku kegolong bocah kang rajin,sregep, lan patuh marang wong tuane. Saiki Bagas
lagi munggah kelas 12. Dheweke sekolah ing SMA Mangun 1. Sabendinane sakwise
Bagas tangi, dheweke sholat ing masjid banjur ngaji menyang omah. Yen wektune durung
nunjukke jam 05:30 WIB dheweke nyambi sinau pelajaran kanggo dina iki.
Wektu
wis nunjukke jam 5:30 WIB, Bagas banjur adus, sarapan lan siap-siap budal
sekolah.Dina iki Bagas budal luwih isuk amarga iki dina Senen. Sabendina Bagas
numpak pit bareng kancane jenenge Arya.
“Weh
bro !” Bagas nyapa Arya
“Oee, ayo budal !
mengko kita bisa telat.” Arya ngajak Bagas budal sekolah.
“Oke bro ! aku dina
iki uga tugas piket kelas.”
Perjalanan kawit omah teko sekolahan kurang luwih
mung 5 menit.
Sawise
teka ngarep gerbang sekolahan, Arya lan Bagas banjur mudun saka pit lan nuntun
pit e ning parkiran kanthi nata pit supaya rapi. Amarga, yen pit e ora ditata
kanthi rapi bakal diseneni dening Bu Jeki. Arya lan Bagas mlaku menyang kelase
dhewe-dhewe. Dina iki tugas pikete Bagas. Bagas ngapus papan tulis lan nyapu
sak deret bangku kelas.
Jam 07:00 WIB kabeh
siswa pada kumpul ing halaman sekolah kanggo ndereg upacara bendera. Bu Reni
mlebu kelas-kelas lan ngakon bocah-bocah kumpul ing halaman sekolah. Kabeh
siswa-siswi dibariske rapi saben kelas. Sabanjure upacara kabeh siswa-siswi
pelajaran ing kelas. Sekolah bubar jam 15:30 WIB. Bagas nduweni kanca kelas
sing bandel lan mbolosan, jenenge Riki. Ora ngerti napa Riki sing jarene wayah
SMP bocahe sregep lan pinter saiki SMA dadi nakal lan mbolosan. Akhir-akhir iki
Riki nyedaki Bagas lan ngajaki Bagas dolan.
“ Gas Bagas ! Ayo
mengko bengi tak ajak metu. Tak enteni ng ngarep sekolahan jam 19:00 WIB. Ojo
sampek telat!”
Bagas sakjane wis
pernah nolak, nanging Riki tetep meksa.
Bagas ora wani ngadepi Riki amarga kancane sangar-sangar. Bagas wedi yen
dheweke diajak gelut utawa dibuly ing sekolahan. Saben ba’da Magrib Bagas
diajak Riki ngangkring ing warung cedhak alun-alun nganti bengi kurang luwih
jam 10 nganti jam 11.
Mula Bagas maleh dadi
bocah sing mbangkongan lan mbandel. Saben wayah isuk dheweke maleh telat sholat Subuh nganti
tau ora sholat barang. Bu Sri saiki kudu nggugah Bagas, amarga dheweke ora
tangi yen ora diurak-urak tangi.
“ Lee Gas Bagas dang
tangi ! srengengene wis ning dhuwur kae lo. Mengko telat le !”
Bagas amung molat-molet ng kasur. Bu Sri banjur gawa
banyu sakgelas kanggo grujuk Bagas amarga dheweke ora tangi-tangi.
“Waduh-waduh
! Banjir ! Banjir !” Bagas bengok banter amarga kaget.Sakbare digrujuk Bagas
lagi gelem tangi lan cepet-cepet budal sekolah.
Wis 2 minggu luwih
Bagas maleh mbandel lan jarang omong-omongan karo Arya. Bagas saiki luwih
sering karo Riki. Nanging Bagas saiki ngerti napa Riki maleh mbandel lan nakal.
Wis 2 tahun Riki mung tinggal bareng Pak Sarto amarga ibuke Riki wis seda. Riki
dadi kekurangan kasih sayang saka wong tuane. Mula dheweke maleh seneng metu
bengi lan mbandel ing sekolah supaya oleh perhatian.
Bagas uga sadar lan
njaluk tulung Arya supaya Riki bisa dadi bocah sing apikan lan sregep kaya
ndisek.
“Arya! “
“Eh bro ! kena ngapa
?” Jawabe Arya
“ Sorry bro, wis suwi ora
budal sekolah bareng meneh lan omong-omongan”
“ Iyo bro, wis
orapopo.” Jawabe Arya
“ Ngene bro, kowe
ngerti Riki ? lah aku njaluk tulung kowe ngancani aku ngomong marang Pak Joko
supaya luwih pengerten marang Riki lan Riki bisa dadi bocah sing sregep lan ora
nakal maneh.”
“Piye ngomonge ?
mengko yen Pak Joko nesu amarga salah omong kepriye ?
Emm. Ngene wae kowe
crita ning bapakmu supaya ngewangi omong menyang Pak Joko. Kepriye ?” Arya
menehi ide menyang Bagas.
“Ooo iyo iyo setuju .
Mengko aku crita menyang bapakku”
Sawise teka omah Bagas
uga nyuwun ngapura ing bapak lan ibune. Lan nyritaake masalahe Riki supaya
bapake bisa menehi solusi lan ngewangi omong menyang Pak Sarto.
Sesoke
Pak Jono, Bagas, lan Arya mara ing omahe Riki.
“
Assalamu’alaikum?”
“ Waalaikumsalam, Pak
Jono . Monggo mlebet . Niki kenangapa nggeh ?” pitakone Pak Sarto
“Nyuwun pangapunten
pak, kula nggeh mboten niatan ngurusi masalah panjenengan marang Riki. Nanging
kula badhe menehi ngertos yen Riki sakniki maleh dadi bocah sing radi nakal.
Tirose anak kula dheweke kirang kasih sayang lan pangerten, pangapunten yen
kula lancang ngomong ngenten niki “
“ Maksud Pak Jono
pripun ? kula mboten pangerten marang
anak kula ?”
“ Nggeh mboten
pangerten nanging kirang pangerten pak.” Jalase Pak Jono
“Riki sakniki maleh
drastis pak. Pangapunten nggeh, wayah
SMP dheweke bocah kang sregep lan pinter. Nanging akhir-akhir niki dheweke
berubah pak.” Jelase Bagas.
Pak Sarto meneng banjur mikir yen omongane Bagas lan
Pak Jono uga ana benere. Riki malih berubah drastis .
“Nggeh matur suwun Pak
Jono, lee . Kula sadar yen kula kurang perhaten marang Riki. Kula bakal luwih
perhaten supaya Riki ora nakal lan mbandel maneh. Kula sayang marang Riki.
“
Sawise
kuwi, kurang luwih 2 minggu Riki sithik-sithik maleh ora mbandel lan nakal
maneh. Dheweke saiki kekancan karo Bagas lan Arya. Cah 3 kuwi sabendino budal
muleh sekolah bareng numpak pit, dolan bareng lan sinau bareng.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar