Selasa, 11 September 2018

(27) Kepompong (KEPO lan reMPONG)



Kepompong (KEPO lan reMPONG)
Dening : Cinthya Wardani

        Ing sawijining dina, bocah-bocah padha mangkat sekolah. Ana sing numpak pit, numpak angkutan umum, ana sing diterke karo wong tuwane lan uga ana sing mlaku. Kayata bocah telu kuwi, jenenge Yoona, Yeri lan Hyebin. Bocah telu kui murid saka Apgujong High School. Sekolahan sing termasuk ning kategori sekolahan terfavorit sak kota. Bocah telu kuwi mlaku mara ning sekolahan karo nenteng jase.
" I wanna know know know know. What is love? eonjengan naegedo sarangi okka " Yoona nyanyi ning tengah dalan karo ngrungokne lagu saka headphone ne wonge. Karo pisan-pisan loncat mrana-mrene garai Hyebin sing ana ning sandinge risih karo kelakuane Yoona. 
" Bocah iki garai riweuh wong bae " Hyebin ngedumel ora karuan ning tengah dalan.
Gak suwi, cukup 3 menit cah telu kuwi wes teka ning kelas. Hyebin langsung buka laptope dinggo stalking Kpop. Basa bekene kuwi stalking oppa-oppa karo eonni-eonni Korea. Yoona melu nimbrung karo Hyebin. Yeri lungguh anteng ning bangkune karo maca buku, buku novel. Selang pirang detik ngono, Suga karo Hanbin teka. Gayane Suga sing kaya bocah ngajak gelud garai swasana kelas rame.  
" Heh, wes garap PR gung we? " Takok e Suga ning Hyebin karo lungguh ning dhuwur meja.
" Aku garap PR. Yo, mustahil kuwi. Palingan yo dihukum nek gak garap sing tenang" Jawab Hyebin santai.
" Heh, Yeri wes garap gung we? " Suga ganti takok ning Yeri.
" Uwes, arep nurun " Jawab Yeri ngerti kebiasaane Suga sing gaene nurun.
" Gak usah wes. Aku arep turu bae " Suga anyak saka meja, banjur ngono turu ning ngisor lantai, karo ditutupi jas.
Hyebin karo Yoona malah asik stalking Kpop sampe Yoona nyanyi-nyanyi lan ngedance ora karuan. Ditambah Hyebin sing jerit-jerit ora iso ngontrol emosine. Ngerti kancane heboh ora karuan, Yeri dadi penasaran lan melu nimbrung karo kancane.
" I’m so sick of this Fake Love Fake Love Fake Love I’m so sorry but it’s Fake Love Fake Love Fake Love "
Cah telu kuwi kompak nyanyikne lagune BTS. Ora cuma BTS ning ana akeh sing dinyanyikne nganti kelas rame kaya pasar.
"Seollenda Me Like Me Likey Likey Likey Me Likey Likey Likey dugeundugeundugeun Heart Heart"
" Sarangeul haetta uriga manna jiuji mothal chueogi dwaetda "
" HANBINN ...!!! " Hyebin bengok nyeluk Hanbin.
Hanbin noleh karo jawab alus " Dalem"
" YA AMPUN HANBIN WE MIRIP KARO B.I " 
" Ya ampun - ya ampun Min Yoongi. Aduhh,,, gummy smile nya garai aku meleleh " Yeri sing lagi nimbrung langsung melu - melu kaya kancane.
Cah telu kuwi heboh dewe ning kelas, apa meneh Yoona sing ngedance nganti nendangi kursi. Kanca-kanca sak kelase ora ana sing protes karo kelakuane bocah kuwi, malah kanca-kancane melu nyanyi. Kebiasaan iki wes saben dino dilakoni. Ana PR pun malah kadang kompak sakelas ora garap kabeh. Prinsipe bocah-bocah kuwi "Enek PR iso garap yo digarap, nek ora bisa garap. Yo gak usah digarap". Kanthi tembok guri ditempeli karo slogane kuwi, poster-poster lan poto-poto sing isine Korea thok. Suga cuma bisa ngedumel bae, ngerti kelakuane kancane sing jelas - jelas ganggu wonge turu.
" Heh! Hanbin! Ayo ndelok drama My ID Gangnam Beauty. Ndelok kembaran mu Cha Eunwoo " celoteh Hyebin.
" Kembaran ku B.I apa Cha Eunwoo? " Jawab Hanbin.
" Halah, padha bae. Loro-lorone " Jawab Yoona.  
Suga sing mulai kesel gara-gara turune keganggu, tangi karo nata rambute sing uyel-uyelan. Banjur ngono, marani kanca-kancane sing lagi ngrumpul karo bengok-bengok. 
" Jane bocah-bocah iki ndelok apa seh? " Takok Suga karo ndesek-ndesek ning krumunan.
" Yak apa seh. Kepo lo we wi " Jawab Yeri.
" Aku ora bisa turu ki lo " Sanggah Suga ora terima.
" Halah rempong lo we wi " Jawab Hyebin.
" Yo ngono neh. Kan Persahabatan bagai Kepompong. Kadang kadang Kepo. Kadang kadang Rempong " Jawab Yoona karo nyanyi.
" Sing Kepo sapa? Sing Rempong sapa? " Takok Suga ora dong maksude.
"KOWEEE!!!" Bocah-bocah kuwi padha bengok amarga jengkel karo Suga.
Suga cuma bisa cengar-cengir gak ngrasa bersalah marai ganggu kanca-kancane sing lagi ndelok drama Korea. Suga banjur mbalek ning bangkune nglanjutne turune sing ketunda karo nunggu bel masuk. Selang pirang menit, bel masuk muni lan gurune teka ing kelas. Kabeh padha bubaran lan mara ning bangkune dewe-dewe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...