WITING TRESNO JALARAN SOKO KULINO
Dening : Aulia Rahma Yuliananda
Aku duwe konco jeneng nge Kanti Dyah
Ningtyas. Kanti cerito masalah Asmara nang aku kabeh. Sak iki Kanti
manggon ning Surabaya, gawe mergawe lan ngelanjutne kuliahhe. Aku kuliah jukuk
jurusan Akuntansi. Kanti ning Surabaya melu budhene. Akeh cerita ing Surabaya
senajan Kanti lagi 5 sasi ning tuban. Salah sijine masalah asmara. Asmara?? Iya
asmara.
Sakdurunge Kanti nang Surabaya Dheweke crito nang aku lak dheweke cedek mbi Puguh. Puguh kuwi koncoku. Kanti crito opo wae nang Puguh, nganti Puguh sering ngelekne Kanti supoyo ora ngeling-ngeling kedadean wingi kuwi. Sak suwene kuwi Kanti sering crito opo wae nang Puguh, sampek akhire Puguh nduweni roso nang Kanti tanpo aku ngerti yen Puguh nduwe roso nang Kanti. Wiwitane Kanti biasa wae nanging soyo suwe Puguh nambah ngetokne yen dheweke seneng Kanti. Akhire Puguh ngungkapne yen dheweke nduweni roso nang Kanti, nanging Kanti amung ngannggep dheweke konco ora luweh. Mergo atine Kanti durung karep karo Puguh. Sak suwene karo Puguh, Puguh ora pegel karo senajan wonge wes tak tolak. Malah dheweke sering ngajak dolan gawe ngibur Kanti supoyo lali karo masalahe Kanti wingj kae.
Dolan sepisan Kanti diajak mangan nang panggon seng biasane wonge mangan karo koncone. Seng kepindo diajak ndelok takbir bareng bapak ibu e. Senajan Kanti karo wong tuane Puguh wes akrab lan kyok anak dewe.
Sakdurunge Kanti nang Surabaya Dheweke crito nang aku lak dheweke cedek mbi Puguh. Puguh kuwi koncoku. Kanti crito opo wae nang Puguh, nganti Puguh sering ngelekne Kanti supoyo ora ngeling-ngeling kedadean wingi kuwi. Sak suwene kuwi Kanti sering crito opo wae nang Puguh, sampek akhire Puguh nduweni roso nang Kanti tanpo aku ngerti yen Puguh nduwe roso nang Kanti. Wiwitane Kanti biasa wae nanging soyo suwe Puguh nambah ngetokne yen dheweke seneng Kanti. Akhire Puguh ngungkapne yen dheweke nduweni roso nang Kanti, nanging Kanti amung ngannggep dheweke konco ora luweh. Mergo atine Kanti durung karep karo Puguh. Sak suwene karo Puguh, Puguh ora pegel karo senajan wonge wes tak tolak. Malah dheweke sering ngajak dolan gawe ngibur Kanti supoyo lali karo masalahe Kanti wingj kae.
Dolan sepisan Kanti diajak mangan nang panggon seng biasane wonge mangan karo koncone. Seng kepindo diajak ndelok takbir bareng bapak ibu e. Senajan Kanti karo wong tuane Puguh wes akrab lan kyok anak dewe.
Pertama Kanti ning Surabaya, Kanti nang Surabaya ora nduwe konco sing bisa diajak cerito utowo guneman sak mbendinane. Rasa sepi lan nglangut sing di rasakne dadi ibane budhene. Kanti dikandani budhene, menowo gelem melu pelatihan supoyo nduwe konco. Ing ajakane budhene, Kanti gelem melu pelatihan. Kanti melu pelatihan jukuk jurusan Basic office. Melu pelatihan ora gampang melbune, akeh persyaratan sing kudu di lengkapi lan ana proses seleksi tulis karo wawancara. Alhamdulillah Kanti lolos kabeh, sak suwene tes tulis lan wawancara. Kanti ngerti bocah lanang ngingeti dee ning pojokan siseh kiwo. Kanti amung mesem lan ora tak tanggapi. Sak banjure hasil tes Kanti lolos, langsung ana jadwal awite pelatihan. Jadwal pelatihan diumumke yen mulai tanggal 10 Juli 2017 pelatihan diwiwiti.
10 Juli 2017 pelatihan diwiwiti. Acara pertama perkenalan diri saka para peserta pelatihan. Sak banjure perkenalan diri, langsung awit pelatihan. Nanging sak suwene pelatihan Kanti kepetok maneh karo bocah lanang mau. Bocah sing ngingeti aku pas lagi tes wawancara. Tibakne bocah iku assisten instruktur pelatihan jurusan basic office, jenenge Bagus umure 20 tahun
Sak suwene
pelatihan diwiwiti kiro" 15 dino Kanti karo Bagus mulai chatan. Kawiwitane
Kanti chatt Andre masalah seragam sing arep digawe sesok. Nanging soyo suwe
Bagus chatt terus, awale Kanti amung mikir sebatas instruktur karo anak didike
tapi soyo suwe Andre malah ngungkapke opo isi atine. konco" pelatihan ora
ana sing ngerti yen Kanti karo Bagus pdkt lan sering dolan bareng. Tanggal 15
Juli 2017 wengi iku Kanti diajak budhe nang kantor mergo sesok arep ana acara
job market fair (JMF) Kanti diaturi nunggu budhe ning ruangane. Pas ngenteni
budhe neng ruangan, Kanti kepetok karo pak Edy (instruktur utama basic office)
banjur Kanti diceluk terus diajak neng ruangan pelatihan sing biasane digawe
ngajar Andre. Pak Edy, Andre lan budhe mergawe sak kantor. Neng njero ruangan
ana Bagus, Kanti kaget mergo ora ngerti yen ana Bagus sak durunge ora suwe
Andre pamit metu, sakwise pamit pak Edy langsung nakoni hubungane Kanti karo
Bagus. Kanti kaget mergo tak kiro cuma aku karo Andre sing ngerti iki, ternyata
pak Edy iya ngerti mergo dicritani dheweke. Akhire pak Edy menehi piweling
supoyo ati" lan tetep fokus sekolahe, nanging ora lali pak Edy yo goda
supoyo ben dadian karo Bagus. Mergo Bagus cerito neng pak Edy yen dheweke
seneng karo Kanti . Sesok isuke Bagus wis chatt Kanti, takok kapan budal
pelatihan, banjur Kanti ngomong yen diluk engkas mangkat pelatihan. Ing
peltihan ana acara JMF dadi saben peserta pelatihan diwajibna melu lan daftar
JMF supaya acara meriah. Sak banjure acara JMF wis kapungkasan peserta
pelatihan di kon muleh dewe-dewe. Nanging Kanti ora di oleh i muleh karo pak
Edy, aku gak ngerti nyapa Kanti gak oleh melu muleh padahal pas iku wayahe wis
kudu muleh kabeh. Kanti di kon ngenteni nang ruangan, suwene sejam Bagus teko
banjur Kanti lan Bagus di sidang karo pak Edy mergo masalah wingi dalu.
Akhire Bagus ngungkapne isi atine ning Kanti, Kanti kaget mergo awale
amung nganggep sebatas instruktur karo peseta nanging Bagus kepengen luweh.
Kanti bingung akhire di tompo wae Bagus dadi pacare. Nanging ora
ana peserta liya sing ngerti yen Kanti karo Bagus pacaran. Sak suwene
pacaran pak Edy mbocorke neng konco-koncone peserta pelatihan yen
Kanti karo Bagus pacaran. Awale Kanti wedi yen konco-konco bakal nesu tapi
jebule kabeh malah dukung lan setuju. Sak wise pelatihan berakhir Kanti karo
Bagus tetep iseh lanjut hubungan, malah lancar-lancar wae. Kanti lan Bagus ora
nuntut sak mbendino kudu ketemu, nanging pas ana wektu longgar Kanti karo Bagus
biasane janjian mangan awan bareng kanggo ganteni waktu dolan bareng. Mergo
kabeh podo-podo repote. Bagus sing repot karo ngajar lan ngurusi percetakane
lan Kanti repot karo penggawean lan sekolahhe.
Sabtu, 15 September 2017 Bagus ngajak mangan awan neng panggon sing biasane Kanti karo Bagus janjian. Ajakane Bagus tak sanggupi, akhire Kanti karo Bagus ketemu neng serba sambal. Sak banjure neng kono Bagus ora ngomong opo-opo tapi cuma ngingeti Kanti karo mripate kudu nangis. Kanti ora wani takok, kenopo neng Bagus. Kanti malah cengengesan supoyo Bagus ora tambah sedih. Bengine Bagus chatt yen dheweke pengen ngomong penting masalah hubunganku karo Kanti.
Ora ana angin ara ana udan dheweke ngajak bubaran ora merga ana wong 3 utawa ora direstui karo bapak ibune. Nanging alasane mergo weton sing ketemu asile ora apik . Kanti lan Bagus kaget, nangis campur aduk dadi siji. Kanti iseh ora percoyo karo alasan iku awale, nanging Bagus akhire jelasne dewe langsung neng Kanti. Wong tuane akhire yo jelasne neng Kanti karo Bagus langsung. Abot lan ora ikhlas yen hubungane kawisan dirasakne Kanti karo Bagus. Nanging mergo abot wong tua Kanti lan Bagus akhire ngikhlasne yen pancen pestine ora jodo. Sakbanjure kedadean iku wong tuane Bagus nganggep aku adhike dewe, mergo Bagus anak tunggal Kanti dianggep adik e Bagus karo wong tuane.
Pasrah lan ikhlas kudu tak siapne. Yen pancen dudu jodoku aku kudu lilo. Masio ora pacaran nanging komunikasi iseh lancar lan apik. Ora medotke silaturahmi, iki cerito singkatku. Cintane Kanti gegoro saben dino ketemu cara jawane Witing Tresno Jalaran Soko Kulina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar