Aku lan Perjuanganku
Dening: Asri
Susanti
Wayah malem minggu Aris, Andre, lan Sahrul moro neng
omahku.
Deweke ngajak aku ndelok balapan motor
liar. Nanging aku nolak ajakane kancaku mau amarga aku wes ora kepengin melu kegiatan
seng ora perlu. Semenjak ana kancaku
seng jenenge Redo kecelakaan pas balapan liar, aku wes ora melu ndelok balapan maneh. Saiki aku wes
mulai sadar yen kelakuanku iki mung nyusahne wong tuaku. Aku seneng njaluk duite wong tuaku kanggo modif motor lan kanggo senenge awakku dewe. Aku saiki ngrubah kelakuanku lan kepengin nyenengake wong tuaku.
“Bu, kula bakal berubah lan mboten ngulangi kelakuanku riyen bu, kula janji bakal nyenengake ibu kaleh bapak, lan bisa mujudake cita-citaku”. Aku (Riko) omong neng ibuku (Bu Sari) karo nangis.
“Iyo
le, Ibu bakal ndongakake supaya koe dadi wong sukses lan iso ngangkat derajate Bapak lan Ibumu iki.”
“Aamiin bu, Riko bakal sekolah seng
tenanan.”
“Iyo
le, wes ndang turu iki wes wengi .” Ibu banjur metu saka kamare Riko.
Ing
kamar aku iseh nangis lan nggetuni kelakuanku sasuwene iki sing ngentekne duite wong tuaku kanggo ngragati motor sing gaene tak nggo balapan.
Sesuke kanca-kancaku
pada ngajaki aku dolan maneh
nanging
aku nolaki terus amarga aku ngerti yen biasane kancaku
dolan ora nduwe wayahlan mulih bengi nganti jam 12 padahal sesok iku sekolah.
“Heh nyapo we saiki gak gelem diajak dolan?” Andre nakoki
Riko ing kelas kanti nesu.
“Bukanne
aku emoh diajak dolan ndre, tapi aku pengen
fokus
sekolah awakedewe wes kelas 12. Yen aku dolan bengi
mesti ing sekolah ngantuk amarga kurang turu.” Aku njelasne marang Andre.
“Alah
wong biasane dolan muleh bengi yo ora ngapa-ngapa kok, rasah kakean alasan weki”. Jawabe Sahrul karo emosi.
“Ora
ngono cah, aku kipengen berubah
luwih apik, aku pengen fokus sekolah lan
luwih sregep anggone ibadah.”
“Rasah
sok alim weki, elingo mbiyen pie? Dadi wong rasah kemresik, nak elek yo elek” Andre njawab karo nesu.
“Iyo ndre tapi setidake aku berusaha
kanggo nyenengke wong tuaku lan aku bakal berjuang kanggo
kesuksesanku.”
“Heee elingo to weki sopo? Anake wong ra nduwe nok omong sukses, nak ngipi rasah nduwur-nduwur.” Omonge Sahrul kanti ngeyek.
Omongane Andre lan Sahrul mau ora tak tanggepi lan malah dadi penyemangatku
mujudake cita-cita. Aris kancaku
balapan uga kancaku
sebangku malah ndukung aku berubah luwih apik. Deweke ora bosen nyemangati aku.
“Uwes ko omongane
cah cah gak usah digatek, dewekea sline iri karo koe seng saikiluwih
apik lan yen tak delok pijimu saiki tambah apik. Mugo-mugo koe
iso mujudake cita-citamu yaa. Ojo nganti lali nyuwun donga marang
gusti Allah. Aku yakin koe bakale
iso
dadi wong sukses lan iso mbanggakake wong tuamu.” Aris ngandani aku.
“Aamiin,
matur suwun ya ris. Aku paham nak berubah luwih apik iku akeh ujiane,
yo kaya iku mau Andre karo Sahrul seng wes dadi koncone awakedewe pirang pirang tahun malah
gak trimo.”
“Iyoko
sing sabar ya.” Aris ngomong kanti alus.
Dina iki
ana
pengumuman kalulusan tes SNMPTN. Aku lan
kanca-kancaku
pada ndelok ing
papan pengumuman.
“Eh
ris, jenengku enek apa ora ning kono?” Aku takok Aris seng awet mau wes ndelok pengumumane.
“Gak
enek iki Ko kayane. Coba iki telitinen disek menawa aku sing klewat maca.” Aris njawab kanti ragu.
“Alah alah ora usah macak susah ngonokui. Jare sinau
tenanan wong nyatane yo ora ketrima.” Sahrul nyrobot kanti ngenyek.
“Rul weki ora apik omong ngonokui, Riko iku wes
berusaha, kudune weki iso nyemangati” Aris mbelani aku.
“Wes ris aku ora papa kok, iki tandane aku kudu luwih
semangat sinau maneh.” Ujarku
Ing omah aku
crita marang bapak lan ibuku yen aku ora ketrima tes SNMPTN. Bapakku ngendikan
yen aku ora oleh nyerah, aku kudu semangat, dadi wong lanang ora oleh cilik atine,
aku kudu sinau seng luwih mempeng.
Sesuk
ing
sekolahku ana ujian tes beasiswa kanggo kuliah ing luar negri. Aku njaluk
pangestu marang ibu lan bapakku supaya aku bisa katrima.
“Pak,
buk kula enjing-enjing badhe tes beasiswa. Kula nyuwun dongane supaya bisa katrima”. Aku sungkem
marang bapak lan ibuku.
“Iyo
le, bapak lan ibumu iki bakal dongakne seng apik kanggo awakmu. Eling le
kesuksesan iku oraana
sing instan. Awakmu kudu iso berjuang lan kudu sabar ngadepi akehe pacoban.” Pak karto bapakku ngendikan kanti tegas.
Bengi iki aku sinau kanggo persiapan tes sesok. Aku
ngroso yen ora yakin bakal katrima kuliah ing luar negeri. Tapi aku tetep
optimis lan nyuwun kelancaran marang Gusti Allah.
Jam 8 isuk tes
wis dimulai. Alhamdulillah aku ngerjakne soal kanti lancar. Hasil tes iki bakal
diumumke minggu ngarep. Minggu ngarepe iku aku dipanggil guruku ing ruang guru.
Guruku menehi amplom lan ing jerone ana surat. Ing surat iku njlentrehake yen
aku oleh beasiswa kuliah ing luar negeri. Aku langsung sujud syukur ing ruang
guru. Aku ora nyangka yen bisa katrima. Aku seneng banget, iki bisa dadi
langkah awalku kanggo mujudake kesuksesanku .
Aku cepet-cepet
muleh. Teka omah aku langsung ngendikan marang Bapak lan Ibuku.
“Pak Bu aku oleh beasiswa ing luar negeri.” Aku langsung
mlayu mlebu omah lan katon seneng banget.
“Alhamdulillah le, Ibu seneng banget yen awakmu bisa
katrima.” Ibuku langsung meluk aku lan mbrebes.
“Le awakmu kudu bersyukur iki kabeh wis kehendake
Allah, usaha lan dongamu iki wis dikabulke, awakmu diwenehi beasiswa kudu iso
tanggung jawab ya, Bapak bangga nduweni anak kaya koe, seng ora gampang nyerah
ngadepi masalah.”
“Enggeh pak bu, Riko bakal sinau terus ing kono supaya
bisa dadi wong sukses, lan bisa mbanggakaken panjenengan.”
Sawulan sawise
Ujian Nasional aku langsung budal sekolah ing luar negeri. Ing kono aku sekolah
sasuwene 4 tahun lan aku langsung katrima kerja ing perusahaan terkenal ing
Indonesia. Aku saiki bisa ngawekke bapak lan ibuku omah gede, lan wong tuaku
ora perlu kerjo maneh. Kabeh kesuksesanku iki amarga donga saka wong tuaku,
dongaku selama iki sing dikabulke Allah, semangatku kanggo berjuang, lan
semangat saka Aris sing ora bosen ngandani aku. Saiki uripku lan wongtua ku wis
kepenek. Aku ora bakal lali marang Gusti Allah sing wis nakdirke aku bisa
ngangkat derajate wong tuaku ing umurku sing iseh enom, lan bisa mujudake
marang kancaku yen aku bisa sukses saka perjuanganku iki.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar