Isyarat saka Romana
Dening : Asti Kinasih
“Rom,ayo ning kantin”
omongku marang Romana
“Moh ah” jawabe Romana
judes
“Nyapo? enek sesuatu
? apa rom ndang omong!” omongku marang Romana
Dina kui aku lan
Romana isih kaya sewajare kanca.Omong-omongan bareng,guyon.Isih kaya rong tahun
kapungkur.Akeh kedadean kang nduweni sejarah ing uripku lan Romana.Uga akeh kedadean
sing gawe aku guyu,nangis,susah,seneng kayata kanca karib.
Jujur wae aku kagum
marang Romana amarga dheweke sering mbantu ibu bapake walaupun akeh tugas sekolah
sing kudu sing bar ke ing wektu sing sesandingan.Romana pinter maca Al-Qur’an ,aku
kagum karo dheweke .Kui kabeh iso nutupi kekurangane Romana sing ora bisa diomong ayu,kulit putih kan menarik dibandingke
kanca sakbalatane.
Nanging
awit dina iki aku duwe masalah karo Romana.Aku sempet mikir iki kabeh ujian saka
kisah kekancanku karo Romana.Nanging anggepanku salah,Romana malah mikir iki akhir
saka kisa kekancanku lan dheweke.Sikape labil lan kerep gawe aku jengkel marang
dheweke ,dheweke ya isih kaya bocah cilik.
Tepate ndek wingi
dheweke sempet nyinggung perasaanku,dheweke menehi masukan sing secara ora langsung
nyeblokake harga diriku ing ngarepe kanca-kanca.Sikape wingi ora kaya Romana sing
tak kenal ,dhewe ora meneh kancaku sing tak anggep apikan sing mikir apa sing saurunge
diomong .Kui kabeh gawe aku lara ati lan pegel marang Romana.
“Aku
mung isa guyu marang kedadean sing tak alami”
omongku ing jero ati
Sumilire angin nambahi
susah ing atiku.
“Apa iyo aku kudu
mutus kekancan karo Romana ,kekancan sing wia tak jalin awit cilik?” aku bingung
aku kudu kepiye.
Aku duweni keyakinan
Romana isih nganggep aku kanca.Aku ora bisa mblituki atiku dewe.Kabeh kedadean kuwi
ngalir kayata banyu ,sing mlaku tanpa tak sadari.Aku iling banget nalika Romana
nyindir aku lan juju raku ora bisa lali pengalaman pahit iki.
Sampek akhire aku
raiso nahan nesuku ,aku wis gaiso ngontrol.Aku sing ndisik ramah saiki dadi nesunan
,ya mungkin iki amarga pengaruh masalah sing tak adepi saiki.Alon-alon nanging mesti
aku ngadoh saka Romana ,aku ora sapa aruh marang dheweke ,Romana yo ngono sikape
marang aku.
Sak wise kedadean
kuwi aku lan Romana ora kaya kanca ,nanging
iso diarani kucing karo tikus amarga ratau akur.Sing marai aku soyo gelo marang
Romana yaiku dheweke meneng wae naliko ketemu aku.Aku kerep guyu yen ketemu Romana
nanging aku ora direspon,aku dinengke.Romana blokir akun medsosku lan nambahi susah
ing atiku.
Seiring mlakune wektu
kedadean iki ora soyo nemoni titik terang,tali persaudaraan soyo pedot .Akhire kanca-kanca
mbujuk Romana amrih ora gawe dawa masalah iki .Nanging aku lan kanca-kanca ora bisa
mbujuk Romana amarga Romana nduweni watak keras kepala lan angel dikandani.
“Duh Gusti ingkang
maha welas,aku kudu piye?” omongku ing ati
Seiring lakuning
wektu Romana soyo ngadoh lan ngadoh,sampek ora enek jarak sing bisa ditempuh.Kui
kabeh garai aku sedih ,kudu nangis lan frustasi.
Ademe howo bengi
iki menehi tanha aku kudu ndang turu.Wis luwih saka sak jam aku ngelamunke masalahku
nanging ora ono titik terang,aku malah soyo bingung,bingung,lan bingung.Ora ana
liyane.
“Kok iso sampek kaya
ngene?” aku ngremeng dewe
Kabeh kuwi ngebaki
pikirku.Aku mbullatke tekad sesuk aku kudu ngebarke masalah iki karo Romana.
“Rom,aku takon” karo
mlaku ing cedake Romana
“Ana apa?” saut e
Romana judes
“Aku arep omong penting”
“Ora usah basa basi
,ndang cepet aku isih nduweni tanggungan liyo!” Romana
“Apa iyo adewe saiki
ora konconan meneh ?” takonku marang Romana
“Sing jelas aku isih
tetep teguh karo pendirian awalku” Romana berontak
“Maksude,adewe wes
ora kekancan?” aku luwih ngeyakinke awakku dewe
Romana luwih milih
ngaleh lan mlayu ngadoh saka aku.Tapi setidak e aku wis wani omong isi atiku,sing
wis suwe tak pendem jroning ati.Nasib kekancan ing ujung tanduk.
Aku kaget banget,
tepate tanggal 12 Oktober 2015 jam 13.25 WIB.Rpmana nyadari kesalaahane lan gelem
minta maaf marang aku .
“Aku minta maaf”
Omonge Romana
“Iyo rom,aku ora
nduweni dendam saithik pun karo awakmu”
Romana nglakoni hal
sing podo marang kanca-kanca liane.Alhamdulillah.
Aku sujud syukur
marang kuasaning gusti amarga berkat hidayahipun aku lan Romana mbalik kekancan
lan njalani bungahing urip.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar