Selasa, 11 September 2018

(21) Ruwet



Ruwet
Dening: As Shiva Enggar L (21/XII AK 1)

Jenengku Sundar, dina iki aku pindah sekolah ing SMK Pantang Mundur. Sakjane aku kuciwo amarga kudu pindah sekolah lan ninggalne kancaku tapi yo pie maneh aku kudu ikhlas kelangan konca-kancaku ing sekolahku mbiyen, amarga wes kahanan melu bapak pindah dines ing Jongol. Aku saiki wes kelas 12 SMK, laaaaa dilut meneh lulus wkwk.
Dino pertama melbu sekolah aku aras-arasen amargo kudu adaptasi karo lingkungan sekolah anyar opo meneh karo konco sekelas. Tapi kabeh kui ora koyo seng ng bayangan ku, sak banjure kenalan ning kelas, aku langsung oleh konco jenenge Bunga karo Susan. Deweke nduweni watak seng meh podo karo aku, podo-podo humorise lan jail dadi arek guyon gampang. Ing wayah Istirahat, ana bocah loro seng plerak-plerok lan langsung tak parani tak ajak kenalan, wajahe mbesengut ora nyenengne ati blas, bocah loro mau jenenge Nuri lan Kikin. Teeeeet….tetttt… bel masuk wes muni aku lan kancaku mau wes toto-toto nyiapne buku pelajaran, ana bocah siji seng marani aku banjur ngajak kenalan, bocah kui ayu koyok e yo pinter jenenge Dania.
(Wayah muleh sekolah) Susan, “Ndar,awakmu muleh numpak opo?” Aku mung mesem tapi koyo wong bingung. Bunga,”Awakmu ki nyapo to Ndar ditakoni Susan kok malah mesem ora kok jawab?” Sundar mlaku ngalor ngidul amarga bingung, “Anu iki lo,hmm…Aku lali dalan muleh, aku lali eg alamatku omah neng ndi soale pas bapak ngeterne aku mau ndlalah aku keturon.” Susan,”Lhooo la pie to awakmu ki? Jajal telfon bapak utawa ibumu kon ngirimi alamat.” Ing tengah dalan ona bocah lanang loro ngampiri Sundar lan kancane mau. Kiman,”Ki ono opo to kok koyok e lagi do bingung?” Bunga,”Iki lo man konco anyarku ora weruh dalan muleh soale iki dino pertama dheweke sekolah ning kene,murid anyar ki haha.” Sundar,”Bung, San ibuku wes ngirimi alamat lewat sms tak muleh sek yo….” Kiman,” Lhohh muleh? Arek muleh neng ndi weki alamat wae ora weruh kok.” Bubut banjur nyelo omongane Kiman mau “Hayoooo man weki rung kenalan wes arek ngeterne muleh.” Susan lan bunga setuju nak Sundar diterne muleh Kiman amarga dalane searah, tapi Kiman malah ora gelem ngeterne muleh soale wedi nak konangan Dania.
Kikin Lan Nuri “ wehhh nyapo we ra ndang muleh? Durung dipapak? Mulane koyo aku nduwe supir pribadi nang ndi wae ono seng ngeterne” Sesok e pas wayah sekolah Dania banjur ngenalne Kiman nang Sundar “Ndar kilo tak kenalne kancaku..jenenge Kiman” omongane Dania mau disaut karo Kikin “Alahhh rausah gelem ndar wi cuma akal-akalane Diana ae wi.” “Iyo wi Ndar padune Dania pengen cedak karo Kiman” saut Nuri. Tetttt…..tett…bel istirahat wes muni. Sundar, Susan lan Bunga lagi gojek neng ngarep kelas. Kikin lan Nuri moro-moro pamer hp mergo hp ne anyar “Kilo hp ki ngeneki apikk kamerane bening kenek nggo foto karo Kiman haha.” “Lhohh bukane Kiman saiki lagi PDKT karo awakmu to Ndar ?” saut Diana. Ing tengah-tengah guyonan mau Bubut krungu lan langsung omong ning Kiman.
Pas malam minggu Kiman dolan moro nang omahe Sundar, alasane kiman arek nyileh buku lan dheweke ngomong nang Sundar nak Kiman moro amargo dikon Dania. (Jawane meh PDKT) . Wong loro kui mau guyon bareng sampe Sundar wes kroso nyaman. Sesok isuk e Kiman wes ana ning ngarep omahe Sundar,jawane mlayu-mlayu nang alun-alun. (Kurang akrab pie? Bengi di apeli isuk di playoni wkwkwk) . Akhir e Kiman lan Sundar cedak saben dino budal sekolah bareng,nang sekolah gaene ketemu. “Ndar weki ojo terlalu cedak karo Kiman, ati-ati  nak sampe ngerti Kikin diajak padu we ngko.” Pesen soko kancane Sundar mau. “Halahhhh gapopo ndar wong Kikin yo ora sopo-sopone Kiman lo.” Saut Dania. Sundar bingung kok keadaane malah koyo ngene. Ora ono udan ora ono angin Dania ngakon ben dheweke cedak karo Kiman padahal Dania ki ngerti nak kancane seng jenenge Kikin kae yon due roso nang Kiman. Trus ora nyono ora ngiro Kiman ujug-ujug nyedak i Sundar padahal ugung pati kenal, kenal pisanan Kiman ki cuek nak karo Sundar.
Sundar bingung iki asline ono opo ?  Kok nang sekolah anyare akeh masalah – masalah cilik ugo gede tapi dheweke ora ngerti. Kancane loro kae yo akeh-akeh ngandani Sundar ben ora cedak karo Kiman. 3 dino sak bare kui Kiman watak e wes bedo ora koyo biasane, Dania watak e yo bedo seng biasane mesem saiki mbesengut plerak-plerok. Pas muleh sekolah, Sundar,Susan,bunga muleh mlaku bareng, ing tengah perjalanan wong telu mau petukan Kiman goncengan karo Dania. Tibak e wong loro kui mau uwes dadean. Sundar wes kadong nyaman karo Kiman tibak e mung kanggo pelampiasan ben iso cedak karo Dania soale Kiman ngerti nak Dania karo Sundar konconan cedak,dadi Kiman mung maanfaatne Sundar kanggo golek-golek informasi tentang Dania. Ora mung Kiman tok seng manfaatne Sundar, asline Dania yo manfaatne Sundar ben iso cedak karo Kiman.
Kabeh wes terbongkar opo seng diomong Kikin lan Nuri kui bener seng asline seneng kui Dania, malah makakne konco. Sundar langsung njalok ngapuro ng Bunga lan Susan amarga ora nggugu nasehate pas ojo terlalu cedak karo Kiman. Bunga lan susan mung iso ngewenehi sabar nang Sundar. Bangeten…. Lagi melbu sekolah anyar wes kenek musibah. Sundar mung iso sabar lan narimo tur nak nerimo konco ndelok-ndelok disik apik elek e ora langsung cedak iso ngalor ngidol bareng.
Seminggu sak bar e masalah kui Dania moro nang omahe Sundar njalok ngapuro amargo wes jahad nang konco dewe. Nang kelas, Dania ora ndue batur amarga kelakuane kui mau dheweke nyesel wes koyok ngono marang Sundar. Sesok e ganti Kiman marani Sundar nang kelas njalok ngapuro, Kiman yo nyesel wes manfaatne Sundar demi Dania. Kiman kepikiran nak kabeh kui mesti mengko ana balasane dewe soko gusti Allah makane Kiman cepet-cepet njalok pangapuro.
Akhire masalah wes rampung,kabeh guyup rukun ora ono seng musuhan, ora ana masalah, kabeh kekancan, rukun-rukun.
Sekian…


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...