Dening : Arni Trisnawati
Srengenge wis ameh munggah saka nggone ing etan, podo biasane aku budal
sekolah numpak angkot. Aku sekolah ing SMK Negeri 1 Randudongkal, aku saiki
kelas XII Akuntansi 1. Lan ora suwi maneh aku wis arep ujian nasional lan
lulus. Aku nduwe kanca jenenge Sarah, Rani, Lani, lan Rino. Kabeh kancaku kuwi
nduweni sifat kang beda beda. Awakdhewe biasane ning endi endi mesti barengan.
Dina iku Sarah, Rani lan Lani lagi omong omongan ing ngarep kelas
“ Sar, Lan dina iki kowe porak e ana jadwal piket yo ?” pitakone Rani
“ He e tarah iyo .” jawabane
Sarah
“ Lha kowe kok ora piket ?” lanjutku
“ Halah piket barang, opo urusanmu ngakon aku piket Yun, wes to dirimu
ki ndang meneng wae yo ojo kakehan omong, mundak kuru we ngko omong terus.
Mengko yen kowe kuru sing arep mijeti aku sopo. Nak we kuru tenagamu malah
kurang oke. “ Lani njawab dawa.
“ Wes bar nak omong, dawa eram kaya sepur ora ono titik e blas.” Tambah
e Rino
“ Yoben to. Penting bahagia yo to Lan ?” (Sarah)
“ Hahaha iyo, aku guyon lho Yun, mengko mbok lebokke ati “
Awakedhewe wis suwi kancanan wong lima, makane ora gumun maneh yen
kelakuan e bocah bocah iku rada ora beres kabeh. Nanging yo jenenge wae
kancanan mesti ana seneng lan sedih e.
Ananging soyo seprene kahanan e soyo beda, aku ngerti kelakuan e Sarah
lan Lani emang kaya ngono awit biyen, nanging saiki kelakuane dheweke akeh e
nglarani ati. Aku yo ngrasakne piye perubahan e Sarah lan Lani marang Aku Rani. Apa maneh marang Rani.
Aku sering weruh Sarah lan Lani iku barengan terus wong loro ora tau
ngajakRani, Rino utawa Aku.
“ Sar arep ning endi ? Kok amung karo Lani tok ?” pitakone Rani marang
Sarah
“ Ora ning endi endi kok, pengin curhat ae makane wong loro tok. Sik yo
jek ana urusan ki .”
“ Owalah iyo. Aja sering sering wong loro lho. Mengko liyane meri .”
guyonku
“ Iyoo”
Sawise Sarah lan Lani ngaleh, Rani nyedak ning Aku, lan dheweke ujug
ujug nangis ning pundakku. Rani crita lan rada meri marang Sarah lan Lani sing
gawene wong loro terus. Dheweke sedih kenangapa kok bisa dadi kaya ngene.
“ Ran wis aja nangis maneh, palingan yo tarah Sarah lan Lani lagi ana
urusan bareng. Wis wis aja nangis. Isin wis gedhe isik nangis wae .”Jarene Yuni
nggo nenangke Rani
“ Iya Ran wis, aja meri ya, ora apik. Sing sabar ok .”
Ing sawijining dina, Aku,Rani, Lani, Sarah lan Rino lagi kumpul kumpul
ing taman sekolah pas awan istirahat kapindho. Sarah takon marang Rani wis garap
pr apa durung soale dheweke ora nggarap pr mulane dheweke arep nyilih bukune
Rani. Rani durung garap pr amarga ning omahe lagi ana hajatan dadi ora sempet
garap pr, yen dheweke wis nggarap pr pun ora bakal diampilne marang Sarah.
Sarah nesu nesu amarga omongane Rani.
“ Kok we ngono to Ran, pada pada kancane kudune kowe ki ngampili Aku
buku. Kan biasane yo ngono, nak aku ora ngerti mesti aku nyileh kowe kan. Mosok
saiki ora olih. Jahat we Ran .” omonge Sarah karo nada nesu.
Rani nangis maneh amarga omongane Sarah. Aku lan Rino yo pada biasane
cuman iso ngenengke Rani ben ora nangis maneh.
Sore iku wayahe mulih sekolah, Aku mulih numpak angkot C. Nalika Aku
mlaku menyang pangkalan angkot, Aku weruh Lani ing pinggir dalan lagi omong
omongan karo kancane. Aku nyeluk dheweke ananging ora di sauri. Padahal mau Aku
karo dheweke wis pada pada weruhe. Aku nyeluk maneh nalika dheweke wis bar
omong omongane, nanging tetep wae ora disauri.
Pikirku “ Kok ora disauri ya, padahal ning kelas mau awkdhewe wong lima ora ana masalah apa apa, kok malah cuek ngono. Yo wis lah mungkin wae lagi serius dadi ora iso diganggu .”
Pikirku “ Kok ora disauri ya, padahal ning kelas mau awkdhewe wong lima ora ana masalah apa apa, kok malah cuek ngono. Yo wis lah mungkin wae lagi serius dadi ora iso diganggu .”
Sesuk isuke Aku, Rani, Sarah, Lani lan Rino kumpul kumpul maneh ing
ngarep kelas. Pada biasane Sarah lan Lani petakilan e kumat dadi awakdhewe ngguyu
terus ngingeti kelakuane Sarah lan Lani.
Bengi iki Rani ngajak Aku lan bocah bocah kumpulan ing rumah makan, ora
ngerti arep mbahas apa, tapi penting melu kumpul disik wae lah.
Nalika budal langit wis katon mendung pratanda udan, nanging Aku tetep mekso budal supaya Rani ora kuciwa.
Nalika budal langit wis katon mendung pratanda udan, nanging Aku tetep mekso budal supaya Rani ora kuciwa.
Ing rumah makan wis pada kumpul kabeh lan wis pada mesen panganan kabeh.
“ Sar, Lan aku arep ngomong sesuatu ! “ tegese Rani
“ Iyo arep ngomong apa ? .” jawabe Sarah
“ Nyapo to kowe kuwi seneng banget manfaatke Aku .”
“ Manfaatke piye to? “
Rani mlayu metu saka rumah makan padahal kahanan e lagi udan deres. Aku lan bocah bocah pada mlayu ngetutke Rani.
Rani mlayu metu saka rumah makan padahal kahanan e lagi udan deres. Aku lan bocah bocah pada mlayu ngetutke Rani.
Rani ing kono nangis sadadi dadine.
Dheweke nyritakake kabeh sing ana ning atine perkara Sarah lan Lani. Aku lan Rino namung bisa nenangke Rani, ananging tetep ae durung bisa.
Dheweke nyritakake kabeh sing ana ning atine perkara Sarah lan Lani. Aku lan Rino namung bisa nenangke Rani, ananging tetep ae durung bisa.
Rani crita kenangapa dheweke mesti dimanfaatke Sarah lan Lani, mesti
diancem Sarah yen ora ngewenehi contekan pr. Rani lara ati kenangapa wayah
dheweke mbutuhke sesuatu Sarah lan Lani ora ana ning andinge. Dheweke malah
ngaleh sak adoh adohe. Rani bener bener nesu. Apa wae sing diomongne ning de e
ora bakal digape.
“ Ran wis, sabar .” omongku
“ Sabar jaremu, aku wis waleh sabar terus ning Sarah lan Lani. Bocah
loro iku wis manfaatke aku entek entekan Yun. Aku ngrasa aku digobloki karo
bocah loro kuwi .” Rani wis ora iso ngontrol emosine
“ Maksudmu apa Ran, aku gak kaya sing mbok pikir yo .” jawab e Lani etok etok melas
“ Halah pinter ngeles ya we ning ngarepe cah cah. Mbok pikir aku ra
ngerti ngono. Kowe nyedaki Aku, Yuni, Rino amung golek penak e tok kan. Dadi
pantes banget nak aku ngarani kowe kowe ki Etok Etok Kanca. Nyapo ? Soale kowe
berhasil nggobloki Aku lan kowe kasil nylimur dadi kancaku ben iso manfaatke Aku “
“ We emang pinter Ran. Pinter banget yen kon nyelidiki masalah ati.
Emang iyo bener 100% apa sing mbok omongke. Matur suwun ya. Aku bener bener ora
nyangka kowe bisa seadoh iki ngartine atiku .”
“ Dasar ya we .”
Sarah lan Lani banjur mlayu ing tengah e udan ngadoh saka Rani karo
ngguya ngguyu kesenengen amarga kasil ngapusi Rani. Rani isih nangis sadadi
dadine amarga iku. Aku katut trenyuh ruh Rani nganti sakmono sedihe. Rani ujug
ujug tiba lan nangis ing pelukanku. Aku amung bisa nguatke Rani ben ngurangi
lara atine. Rani mulai tenang ora nangis gero gero kaya mau. Sarah lan Lani uga
wis ra ketok saka pandangan.
Akhir e Aku lan Rino ngeterne Rani mulih. Kadadeyan bengi iku isih
kebayang bayang ing pikiranku. Wong sing tak percaya wis suwi tiba e wong sing
cuman manfaatke Aku lan kanca kancaku. Lan sabubare kadadeyan iku Sarah lan
Lani ora tau loroan marang Aku, Rani lan Rino.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar