Selasa, 11 September 2018

(19) Kekancan Sing Ora Bakal Luntur



Kekancan Sing Ora Bakal Luntur
Dening : Aprilia Maya Susanti

Pas ijek lungguh ning bangku SMP aku nduweni kanca salah sijine yaiku jeneng e Tsabitah Desty Rosita sng biasa ne diceluk bita tapi aku nyeluk dhewek.e mbak bit. Mbak bit kanca sng paling iso ngerteni pas lagi susah lan seneng. Aku seneng nduwe kanca koyok ndek.e dhewek.e sopan,sederhana,kekancan gak milih-milih,awal e cuma kanca biasa gaene ning kantin bareng,omong-omongan,dolan bareng. Akeh sng omong nek aku karo dhewek e mirip sampai diomong kembar padahal menurutku mbi menurut e mbak bit ya gak mirip jelas-jelas bedo.
Sawijining dino sak bar e istirahat aku karo mbak bit moro ning kantin
"lo kembar to ?" ibuk kantin
 "mboten buk,mboten kembar jelas-jelas niki benten". aku karo mbak bit.
“oalah tapi mirip tak kiro lak kembar” ibuk kantin
“mboten kok buk,benten” aku

sak bar e ng kanting moro ning kelas maneh pas mlaku aku karo mbak bit heran wong sing lagi ketemu mesti ngiro ne awak dewe kembar .
“ nyapo ya wong ngirone awak dewe kembar “ aku
“la yo ya padahal jelas-jelas bedo” mbak bit
“mbuh lho wikembar ko ndi jal “ aku
“aneh “ mbak bit
“ya bener podo la wong podo-podo wedok e” aku
“podo –podo duwur e “ mbak bit
“ bedane we rodok lemu ya berisi lah” aku
“nek kowe kuru ra berisi wkwkwk “ mbak bit
“ ya iso diomong ngunu sih “ aku
“aku tirus “ mbak bit
“aku tembem “ aku
“yowis ben neh ngarani awak dewe kembar” mbak bit

            Aku kekancan karo mbak bit mulai kelas 7 SMP sampai kelas 9 SMP ya tetep sak kelas. Pas arep lulus wis mulai mikir arep neruske sekolah ning endi,aku neruske ning SMK tepate ning  SMK NEGERI 1 NGAWI mbak bit ijek bingung neruske ning SMA opo ning SMK tapi karo mlakune wektu mbak bit akhire jipuk keputusan dheweke neruske ning SMA yaiku ning SMA NEGERI 1 NGAWI . Jelas-jelas sekolahe wis bedo bakal kangen dolan bareng,ning kantin bareng,sampai diarani kembar,curhat langsung pas jamkos.
           
Sekolah wis mulai melbu mesti ne entuk kanca anyar,kebiasaan anyar,tapi komunikasi ku karo mbak bit ora putus tetep enek komunikasi walaupun lewat whatshapp,sering gae rencana metu bareng,dolan bareng,maem bareng tapi sering dadi rencana utawi angen-angen tok soal e podo-podo sibuk e,mbak bit melu ekstra paramuka,aku PMR.
Opo maneh fullday mulih sore-sore,mbak bit uga sering kemah dadi sering dadi wacana ora pernah kelakon,kelakon paling Cuma pisan pindo,wektu ketemu ya Cuma sedilut.
aku sering ketemu ibuk embak bita pas olahraga amerga ibuk e kan guru olahraga SD

“ Assalamualaikum buk “ aku
“ Waalaikumsalam pril “ ibuk mbak bit
“ Pripun buk kabare “ Aku
“ Alhamdulillah sehat “ Ibuk mbak bit
“ Ws suwi ora tau dolan ning omah,Ayo dolan ning omah” Ibuk mbak bit
“inggih buk mpun dangu mboten mriko” Aku
“yawis ayok kapan-kapan rono,wis suwi ora dolan karo tsabitah barang nu kok “ ibuk mbak bit
“ Inggih buk “ aku

            Walaupun saiki aku karo mbak bit uwis ora sak sekolah maneh,wis nduwe kanca anyar nanging kuwi kabeh ora gehalangi kekancan ku mbi dhewek.e,aku karo mbak bit tetep dadi kanca sing apik ora bakal nglalikne koco lawas walaupun saiki enek kanca anyar,walaupun ora tau ketemu tapi tetep ngeusaha ake golek waktu sing pas ben amrehe ketemu,dolan bareng raketang maem bareng. Ws ora ketemu wis ora curhat langsung nanging tetep iso curhat lewat whatshapp,mergo curhatning mbakbit mesti diwenehi saran. Aku karo mbak bit uwis koyo dulur dewe.Yo ngeneki sing bener-bener patut diarani konco ora konco sing nglalikne kanca lawas,ora teko ning kancapas lagi butuh tok
Semoga Sukses gapai kepenginanmu mbak
ojo lali karo aku

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...