Selasa, 11 September 2018

(15) Goro-goro Pitik



"Goro-goro Pitik"
Dening:Anindya Vidianingtyas

Adi,Cahyo,Lina lan Ita lagi muluh sekolah. Biasane yen muluh sekolah bocah-bocah kuwi mau mlaku bareng wong lima. Nanging dino iki amung mlaku bareng cah papat. Amarga Bagus,si ketua genk deweke ora mlebu sekolah.
"Di bagus endi?kok awakmu dewekan" pitakone Lina marang Adi kanca sak kelas e Bagus.
"Gak mlebu bocah e"
"Lha nyapo kok gak mlebu?"
"Gak ngerti aku wong gak enek surate kok"
"Ta awakmu gak dititipi surate bagus o?" Lina ganti takon ita,sing omah e ora adoh karo Bagus ketimbang liyane
"Ogak i aku gak dititipi opo-opo"
"Yo wes ngko neng omah e Bagus ya,jam setengah papat kumpul neng omah e Ita sek"
"Siap" wangsulane Cahyo

Ing omahe Bagus,deweke lagi sinau banjur bapake mulih saka kerja.
"Le pake tulung gawekna kopi"
"Nggih pak". Bagus menyang mburi gawekake kopi kanggo bapake. Bagus wis biasa dikongkoni bapake kaya ngenwki. Amarga awit umur 12 tahun deweke wis ora ndue ibu. Ibuke meninggal amarga lara. Kadang-kadang yen bapake lagi kesel Bagus dikongkon masak.

Sakwise nggawekake kopi kanggo bapake Bagus lungguh-lungguh ing ngarep omah amarga wus kesel sinau. Ora suwe kanca-kancane teka lan lunggub ana sandinge Bagus.
" Awakmu mau  kok ora mlebu sekolah nyapo gus?"Adi miwiti omong
"Ora ngopo-ngopo Di.mau isuk rodok gak penak awak"
"Oalah"

Banjur bocah lima kuwi mau cerita ngalir ngidul ira tekan nggon opo sing diomong nganti tumekan sore. Ing tengah-tengah crito ana Pak RT lan warga podo gembrudug arep menyang omahe Mbah Modin. Mbah Modin iso diomong wong sing paling dikurmati marang wong-wong desa. Deweke terkenal karo watak wicaksanane lan sabare. Mula saben ana masalah para warga pada moro menyang omahe Mbah Modin.
Bagus lan kanca-kancane melu ngetut buri warga. Sakwise teka omahe Mbah Modin, Pam RT ngomong yen pitike sing diternak akeh ding ilang,deweke nuduh yen Mas Yudha,tangga kiwone Pal RT nyolong pitike amarga lagi butuh duwit. Naging Mas Yudha ngomong yen deweke ora ngerti apa-apa. Mbah Modin langsung nengahi "Wis saikimu wis maghrib ndang podo budhal neng langgar,masalah pitik dilanjut sesuk wae"
Para warga uga Pak RT pada bubar mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Adi langsung ngajak kanca-kancane menyang omahe Ita amarga omahe Ita ngarep-ngarepan karo omahe Pak RT.

Mas Yudha mindik-mindik lewat samping omahe Pak RT arep menyang mburi omahe Pak RT, ing mburi omahe Pak RT ngepasi kandang ternak pitike Pak RT. Ing adoh-adohan Adi bingung.
"Mas" Adi nyeluk Mas Yudha
"Eh..Di.. Em nyapo?" semaure Mas ykaro gugup amarga kaget wedi ketahuan.
"Sampeyan nyapi Mas kok ndengaren mulih liwat mburi omahe Pak RT?" pitakone Adi
"Em..ogak nyapo-nyapo i,nganu..omah ku sing ngarep lagi dipel dadi aku liwat mburi. Lha we nyapo neng kono?"
"Lagi nunggu kanca-kanca mas,jare arep neng omahe Bagus tapi janjian neng omahe Ita sek"
"Oalah sek ya Di"
"Ngono cah,aku curiga yen Mas Yudha kuwi koyom sing diomong Pak RT" Adi mungkasi ceritane.
"Sek ojo ngiro sing ora-ora sek,mendingan awakedewe moro neng omahe Mbah Modin wae" Cahyo sing biasane meneng wae saiki omong
"Tapi wis bengi lo iki" sanggahe Ita
"Halah gak popo sesuk kan prei" Bagus mangsuli

Ing dina sesuke Pak RT lan warga ora keri Mas Yudha dikancani bojone mlumpuk ing omahe Mbah Modin. Bocah lima yaiku Bagus,Adi,Cahe,Lina lan Ita uga melu-melu mlumpuk ing omahe Mbah Modin.
"Langsung wae mbah" Pak RT wis ora sabar
"Sik Te. Saikimu kowe nduwe bukti yen Yudha kuwi nyolong pitikmu apa ora?" pitakone Mbah Modin marang Pak RT. Nanging sing ditakoni ora semaur apa-apa.
Moro-moro Bagus lan kanca-kancane teka gowo karung sing isine pitik. Banjur Mbah Modin crito yen asline pitike Pak RT mau ora ilang nanging ucul amarga kandange bolong. Krungu crito kuwi mau Pak RT cengingisan lan deweke disoraki warga. Pak RT langsung njaluk ngapura marang Yudha lan ngucap matursuwun marang Mbah Modin.
"Ojo matur suwun karo aku. Matursuwuna karo bocah-bocah kuwi merga sing ngomongi aku lan sing nemokake pitikmu bocah-bocah" wangsulane Mbah Modin
Banjur Pak RT matur suwun marang Bagus lan kancane.
"Saiki masalah pitik wis bar nanging isih ono siji sing ngganjel.
Yud nyapo we mindik-mindik lewat mburi omahe RT?" Mbah Modin miwiti omong
"Oh niku mbah nak niku asline riyen nika kula wedi kalih bojo kula mbah,ajeng wangsul liwat ngajeng mboten wantun amarga kula nyolong tempe bosok kangge macing"
Para warga langsung guyu kel-kelan.

TAMAT

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...