Serakah Ngerusak Kekancan
Dening : AnggunSuliss
Ing sawijining kelas ana bocah papat kang kekancan. Dheweke kenalan pas lagi lebonan ing sekolah sma. Bocah papat kui nduweni jeneng e Dara, Dina, Dita, lan Dira. Kepapat bocah kui nduweni sifat kang bedo", kang ana luwih e ana kurang e. Kekancan kang dilakoni bocah kui apik-apik wae, ora nduweni niat kang njrumuske kanca ne ning dalan kang ala, yen ana salah e podho ngilengake. Naging ora kabeh salah sung dilakoni karo salah sawijining bocah kui diomongke langsung, amerga iseh mikir perasaan e kanca ne kang sih nduweni salah kui. Kekancanan e bocah papat kui apik-apik wae naging perkara kang sepele malah ngrusak kekancanan e.
Dina senin, wayah e upacara bendera Dina lan kanca-kancane wis siap ing pinggir lapangan sekolahan. Ora suwe bel upacara muni, murid-murid padha buyar dhewe-dhewe menyang barisan kelas e, ora bedo karo Dina lan kanca-kancane. Upacara bendera dilakoni kurang luwih 45 menit, sak wis e kui, murid-murid dibuyarne karo gurune di kon ndang mlebu menyang kelas e dhewe-dhewe nanging ora rame.
" yo wis yo dang ning kelas, panas iki. Mundak ireng we nko " Ajak e Dita
" ra sah kakean gaya. Mandak gawene yo manas ae lo. " Saurane Dara
Bar mengkono Dina lan kanca-kanca menyang kelas e ing lantai siji paling pojok. Tekan kelas bocah papat kui ora langsung mlebu kelas amerga gurune iseh padha rapat ing ruang guru. Dadi murid-murid padha ambyar dhewe-dhewe. Ora beda karo Dina lan kanca-kanca, bocah papat kui milih lungguh ing ngarep kelas lan crita-crita.
" eh, tak omongi cah, mending adewe ki o gawe bisnis ae lah nggo ngisi waktu luang ben yo iso entok duwit. " Usul e Dina
" arep bisnis opo yo nan, po ra yo gak enek wektu o .? " Takon e Dira marang kanca-kanca ne
" gak usah aneh-aneh cah, iki mending fokus ng ujian ae, tiwas kantu-kantu nko. " Nasihat e Dita
" la yo, kakean reno-reno." Saut e Dara
" yo biasa ae lah ya, gak usah ngegas ngnono." Dina kesinggung karo sautan e Dara
" iki yo wis biasa kok yo." Dara
" opo sih jane iki kok yo, mandak eyel-eyelan yo ra bakal entok solusi ne, wong ki mbok yo sg sareh." Dira
" hmmm." Dara & Dina
" ayo dit melu aku yok, waleh aku ng kene. " Ajak e Dara marang Dita
Dara lan Dita ngaleh saka lungguhan ngarep kelas menyang arah kantin.
Ora suwe saka kedadean e iku, bel pelajaran muni ing penjuru sekolahan, dadine murid-murid padha mlebu kelas e dhewe-dhewe. Ing kelas e Dina, guru kang ngajar e pun ora ndang mlebu kelas, wis digolek i menyang ruang guru ora ana gurune. Dadi yo murid-murid e padha nglakoni kegiatan kang disenengi.
" dit, mending ngarap tugas matematika yok. " ajak Dina
" iseh karo aku ditane, jek tak kon marai akuntansi." Saut e Dara
" nko dhisek ya din, bar marai Dara iki nko ngarap bareng. " Dita
" iyo gak opo-opo. " akhir e Dina,
Dina mlaku marang meja ne karo Dira, dheweke ngrasa ana sing bedha marang sifat e Dara, kayak-kayak Dara kui kepingin nguasai Dita dhewekan. Ora kaya mbiyen kang iso kerja sama bareng-bareng. Dina banjur crita opo kang sing di rasa ke marang Dira kanca sebangkune.
" nypo meneh din.? " Takon e Dira
" Dara ki nyapo to jane, kok yo mesti koyok ngono. Aku kan yo cuma ngajak sinau bareng malah dikoyok ne ngono." Madul e Dita
" di piye ne kowe emang e. " Dira
" kaya-kaya ki Dara pengen nguasai Dita dhewe masane. Adhewe ki kaya gak dianggep karo kono. Padahal ndhisek e yo opo-opo bareng,la kok sak iki malah bedho ngneki. " Dina
" kaya gak dianggep masane. " Dina
" alah mbok yo uwis, mungkin tarah Dara lagi butuh Dita nggo ngewangi bocah e mahami materi pelajaran. Dimaklumi ae lah din. " Nasihat e Dira
" tapi yo gak usah judes-judes ngono kan iso to ra. " Dina
" iyo uwis-uwis." Dira
Ing atine Dira, bocahe yo ngrasa apa kang di rasa karo Dina. Dira ngerasa kang yen Dara kui kepengen nguasai Dita dhewe. Meneng-meneng Dira gawean e nagis yen lagi ora kari kanca-kancane, Dira ora iso ngungkapke apa kang dirasa menyang kanca-kancane, bocahe milih mendem dhewe apa kang dirasa. Dira ora gelem yen kekancanan e karo bocah telu kae bubrah gara-gara masalah kang sepele.
" Dir, " Dita
" eh, dalem dit. Ana apa.? " takon e Dira
" Dina kae jane nyapo kok malah meneng ae ning bangku. ?" Takon e Dita
" ogak nyapo-nyapo jane. " Dira
" gak nesu gara-gara aku moh sinau bareng mau kan " Dita
" ogak paling, wong tarah biasane bocah e ngno kui. " Dira
" aku wedi nek wong e nesu ning aku e. " Dita
" opo sih jane ki, ora-ora nek nesu. Nesu yo mbok ben leh, lak mari dhewe nesune." Dara
" yo nek ngomong biasa ae mbak, hahaha. " guyon e Dira
" aku lo biasa terus. " sombong e Dara karo gayane sing petakilan mlayu rana mlayu rene, ora iso meneng.
Dita ngrasa ora penak karo Dina amerga dheweke ora iso dadi kanca kang apik. Dheweke kepengin e apik-apik ae kaya pas lagi kenalan ngono kae. Naging Dita kui sifat e yo ora ngedukung kepinginan e nggo ngapikake kekancanan e. Dhewek e luwih cenderung ngedukung sifat e Dara kang kepengen nguasai Dita. Dita bocah kang pinter, kalem, manutan, dadine Dara penak kang gawe Dita percaya marang dheweke. Dara kepengin yen Dita dadi kanca ne salawase, naging cara ne wae kang rada ora bener. Bocah e malah gawe kekancanan e kang suwi malah dadi pecah.
Dina-dina kang dilewati bocah papat kui karo kisah kang kurang luwih padha sak mbendinane. Mesti ana geger e antarane Dita lan Dara, Dita kang dadi bahan rebutan,lan Dira kang ngadem ke yen Dita lan Dara mulai perang omongan. Dira bocah kang bisa gawa kahanan dadi rada penak, amerga sifat e kang pinter gawe suasana kang tegang dadi rada gak tegang.
" lak ancene awakmu wis moh kancanan karo aku yo wis ra po-po. Tapi yo gak sah gawe ati lara ngeneki. " Dina
" la aku lo nyapo, padahal aku gak nyapo-nyapo. " Dara
" lara yo dar lak omonganmu ki gak iso di rem. Nek ngomong iki yo dijaga lah ya, ben sing mbok ajak ngoming iki gak lara ati. Awakmu ki ojo epehan pengen ngepek Dita dewe, kabeh wong yo butuh Dita, ora mung kowe tok. Dita ne kan yo bicah pinter dadi akeh sg pengen njalok warah kono, tapi malah mbok dang-dang i terua mbendino. Yo kapan leh cah-cah arep takok ning Dita. " ungkap e Dina
" lah aku yo ra dang-dang i cah-cah nggi njalok warah Dita. Aku lo biasa ae. " Dara
" awakmu ae sg baperan. Mikir terus mikir ngendeng digawe ribet. " Dara
" iyo tarah aku ki opo to, gak opo-opo. " Dina
" wis to cah, adhewe iki kancanan lo, aja malah kaya ngene to. Nek enek masalah iki di omong bareng-bareng. " Dira
" kok aku melu-melu o. " bingung e Dita
" iyo karep."singkat e Dina
" gak jelas. " gumam e Dara
Kekancan kang dibangun saka nol iku malah dadi panas amerga kahanan kang nguasai ego ne bocah-bocah. Amerga ego ne salah siji bocah, malah bisa ngrusak tatanan kekancan kang wis diniati kang apik. Dina iseh ngrasa lara ati gara-gara omongan e Dara kang gak penak dirungokake. Dina maleh bocah menengan. Dara iseh ngrasa kang apa sing dilakoni ora ana salah e. Amerga dheweke ya ota rumangsa ngadoh saka kekancan.
Gara-gara masalah kui, kekancanan e bocah papat kui ora bisa kaya ndhisek maneh, sak iki malah kaya mlaku dhewe-dhewe yen ana apa-apa. Yen dhisek ana tugas dikerjake bareng-bareng naging sak iki dikerjak ake dhewe-dhewe, komunikasi kang dilakoni melu ora lancar, takonan yen perlu kang ana sing ditakonake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar