Selasa, 11 September 2018

(13) Kanca



Kanca
Dening : Anggun Dewi Y

“Dadi wong sing tumindak becik ben konco kuwi kabeh gemati marang sliramu”
Aku gelo karo dheweke. Dheweke tansah niru-niru aku. Kena apa aku kudu kancanan karo dheweke? Megelne banget. Rasane dheweke kuwi nyolong identitasku. Ketimbang dheweke terus terusan niru aku, luwih apik aku ngadohi bocahe. Muali sesuk aku ora bakal ngomong karo bocahe.
"Rina !!" Aku krungu ana swara ora asing ning kupingku. Ah, iku bocah sing tansah niru aku. Jenengé Sinta.
Dheweke kancaku ku ing kelas 1 SMA. Dheweke mesti niru apa sing tak lakoni lan senengi contohe, hobiku, novel sing tak senengi, idolaku, Sejatine dheweke tansah niru aku. Iku sing  nggawe aku getting banget. Sadurunge dheweke ora kaya kuwi, dheweke kaya ngana ket wiwit awal kelas 11. Wingi, wae pas ana lomba musik, wong sing menang lomba iku dudu aku, nanging dheweke. Sanajan aku sing ngajari dheweke main musik. Ngeneki jenenge ora adil.
"Kenapa kowe mau tak celuk ora njawab?" Sinta takon marang aku. "nyapo sih, saiki ora usah cedhak-cedhak karo aku maneh!" aku mangsuli, "Apa kowe nesu karo aku? Emang aku  salah opo karo awakmu?”. Dheweke takon maneh, nanging aku malingke wajahku saka Sinta.
"Cukup wiwit saiki awakmu ora usah nyedhaki aku maneh, aku getting  karo kowe!" Aku ngomong kanthi nada dhuwur lan mbntakl marang dheweke nanging dheweke meneng. Aku uga langsung ninggalke. Aku pancen kesel banget karo Sinta.
Banjur esuke, ana akeh omongan sing ngomongi jenengku lan Sinta. "Eh deloken, Rina lan Sinta dengaren ora budal bareng? Apa dheweke gelut?” kanca sak sekelasku sing jenenge Nina sing ngrasani aku, aku ngroso Nina sengaja ngrasani aku kanthi swarane banter supaya kabeh sakkelas ngrungokne. Nina, iku dheweke  seneng ngrasani kancane, wong kadang senengane ngebalikne fakta.
"Eh, Sinta, kowe gelut yo karo Rina?" Aku krungu swarane Nina omongan karo  Sinta.
"Aku ora gelut, nanging wingi Rina nesu karo aku, sanajan aku ora duwe salah opo apa-apa marang Rina" jawab Sinta alon.
" Luwih apik yen awakmu ora usah kancanan karo wong koyok ngono kuwi. Dheweke iku egois,sombong lan sak penak e dewe. Mending awakmu kancanan karo bocah-bocah pinter sing sak level karo awakmu. Awakmu kan pinter, ayu, berbakat,mesti akeh sing gelem kancanan karo awakmu.”
"Hhmm. Ngono ya? Ya wis nek kuwi carane, mending aku ora ngganggu Rina lan ora nyusahake dheweke maneh aku tak golek kanca anyar" jawab Sinta.
Sawise kedadeyan kasebut, Sinta nglakoni uripe anyar karo kanca-kancane anyar, nanging ora karo Rina. Kanca-kancane sak kelas ngucilke dheweke. Saktenane Sinta ngesakne ngingeti Rina sing wis tenanan ngadohi dheweke. Tapi piye maneh Rina tetep ngotot.
Sinta kancane akeh, nanging Rina ora ana. Iki terus nganti munggah kelas 12 SMA. Ujuk-ujuk, ana bocah sing kerep nyedhaki aku, dak pikir aku paling duwe kanca saiki. Nanging aku tarik maneh omonganku sadurungé. Dheweke nyedhaki aku nalika dheweke kesusahan tok, sawise ketemu kanca anyar, dheweke langsung ninggalaken aku. Sak mesthi aku sadar awit awal nek dheweke mung manfaatne aku tok.
Sawise aku mikir yen aku kudu mbales perbuatane gawe cara nunjukne kaunggulanku supaya dheweke dadi ngrasa kalah saka aku. Mungkin aku luwih apik tanpa kanca. Nanging aku sadar yen aku ora duwe kanca piye carane supaya aku bisa urip luwih apik. Aku mulai nggolek kanca sing bisa mbantu aku mbales perbuatane dhweke. Lan aku nemokake, dheweke kanca sebangku ku jenenge Bunga. Dheweke gelem kancanan karo aku lan gelem nampa kabeh kekuranganku. Bunga padha kaya aku, dheweke uga asring dimanfaatne kanca-kancane. Nanging, bédane Bunga isih duwe kanca sing bener-bener peduli malang dheweke. Saya suwi lungguh karo Bunga, aku sering critakake pangalaman nalika isih kancanan karo Sinta.
Salah sawijining wektu, Bunga ngomong marang aku "wiwit ndek mben mesti aku mikir masalah iki, aku ngrasa awakmu mesti golek kesalahane Rina masio masalahe cilik nanging awakmu mesti nduwur-nduwurke drajat mu kan? Ngonowi pora awakmu iri karo Sinta? Awakmu pegel kan amerga dheweke luwih apik tinimbang karo awakmu?” Rina meneng wae. Omongane Bunga pancen nusuk neng ati.
"Luwih apik awakmu karo Bunga apikan maneh? Aku ngrasa ning jero atimu awakmu wis ngapurani kan? Awakmu yo kepingin kan kancanan karo Sinta maneh? Jujur o karo awakmu dewe" ujare Bunga. Omongane maneh mesti cocok banget.
"Yen awakmu kepengin jaluk ngapura marang Sinta, aku gelem kok ngancani awakmu” Aku isih meneng wae. Aku ora yakin apa sing ameh tak omongne. Apa dheweke bakal gelem ngapurani aku? Piye nek dheweke ngabaikan aku? Utawa malah nesuni aku?
"Yen awakmu tetep mlayu saka masalahmu, piye carane awakmu iso ngatasi? Apa awakmu kepengin terus-terusan ngrasa bersalah? Ora gelem kan? Banjur kuwi awakmu kudu wani ngadhepi masalah mu”. Omongane nyadarkake aku.
"Ya, aku bakal jaluk ngapura marang Sinta”.
"ameh mrono saiki?" ujare bunga karo mesem ning aku.
"ya,tentu ".
Kaputusanku wis mateng aku bakal njaluk ngapura marang Sinta. Aku ora peduli Manawa dheweke bakal ngapurani aku utawa ora. Apa mesthi aku pengin ngeculke perasaan salahku sing tansah ngganjel. Rasa salahku marang mantan kancaku mbiyen.
"Rin, iku Sinta !" Ngendhekake Bunga.
"Sinta" aku nyeluk Sinta lan mlayu tumuju marang Sinta.
Sinta mengo, tanpa sadar eluh ning mripatku brebes,aku lego banget amerga  aku bisa ngeculake kabeh beban sing selama iki tak rasane. Nanging Sinta malah meneng delok i aku.
"Sinta aku jaluk ngapura nek selama iki aku jahat marang awakmu?" Lambeku  gemeter. Aku pengin balek  neng  wektu sing indah ngendi kita ngguyu lan sesambat bebarengan.
"Ya mesthi aku ngapurani awakmu. Kita kan kanca”. Wangsulane kanthi mesem sing tulus.
Esemane mbiyen sing sering ditunjukne ning aku. Aku ora bisa ngomong opo-opo amerga saiki aku lagi seneng.  Aku janji ora bakal berburuk sangka marang dheweke maneh  lan bakal terus kancanan karo Sinta apa wae sing bakal kedaden.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

(11) WONG JAWA SOYO GAK JAWA

WONG JAWA SOYO GAK JAWA DENING:ANA PRISTIWIJAYANI Wektu iku dino sebtu malem minggu.Kaya biasane aku,bayu,karo anisa janjian kumpul i...