SABAR
NUWUHAKE ASIL
Dening
: Anggi Widyawati
Ing
sawijining dina ana kaluwarga cilik sing uripe pas-pasan. Pak Ujang lan Bu
Narsih jenenge, lan duweni putra jenenge Dimas. Dimas saiki wis kelas 12 SMK.
Dheweke sekolah ing sekolah favorit. Dimas duwe kanca jenene Sofyan. Sofyan
saka kaluwarga sing sugih, nanging ora sombong, Dimas karo Sofyan wis kekancan
kawit SMP, ning ngendi-ngendi mesthi bareng.
Pak
Ujang lan Bu Narsih wonge grapyak lan apikan marang tonggo, Dimas uga duweni
sifat sing becik kaya bapak lan ibune. Ing sisi liya ana tanggane Dimas sing
senengane rasan-rasan, utamane ngrasani kaluwargane pak Ujang amarga pak Ujang
lan kaluwargane wong ora duwe, Bu Ningsih jenenge. Masio kaluwargane pak Ujang
asring dirasani Bu Ningsih lan tangga-tanggane liya, dheweke ora gatekne
omongan sing ora penting, dheweke gur fokus ngopeni Dimas supaya bisa kuliah
ning perguruan tinggi favorit.
Wayah
isuk Bu Ningsih lagi nyapu ing ngarep omah, ujug-ujug Bu Ningsih lan tanggane lewat arep blanja sayuran. ''Eh ibu-ibu
delengen kae, wong mlarat lagi resik-resik! Ucape Bu Ningsih ora ngenakke
kuping ''O iya ya Bu, kira-kira apa ora duwe duwit ya kok ora mangkat blanja''
semaure tanggane mau. ''alah paling ya ora duwe'' semaure Bu Ningsih. Nalika
kuwi Bu Narsih ora semaur apa-apa lan
langsung mlebu omah kanthi wajah kang melas. ''Ibu wonten napa kok wajahe ibu
katon sedih? '' pitakone Dimas marang ibune. ''Ora ana apa-apa kok le, ibu
ora papa'' semaure Bu Ningsh. ''Nggih
sampun Bu kula pamit badhe bidal sekolah rumiyin'' Dimas pamit marang ibune lan
langsung budal diampiri Sofyan.
Ing
sekolahan Dimas kalebu murid sing pinter, lan dheweke seneng pitulung marang
kanca. ''Dim mengko bali sekolah ayo kelompok ning omahku, warahono aku
Matematika ya? '' pitakone Sofyan marang Dimas. ''Iya Fyan mengko bali sekolah
tak moro ning omahmu dhsisk awakmu tak
warahi Matematika. '' Dimas mangsuli pitakone Sofyan mau. ''Wah matur suwun ya
Dim,awakmu wis gelem nulung aku. '' '' Iya Fyan sami-sami'' semaure Dimas.
Wektu
mulih sekolah wis teka, Dimas lan Sofyan langsung bali. Sakwise teka omah Dimas
banjur salin klambi lan mangan. Sak wise mangan Dimas langsung pamitan marang
bapak lan ibune. ''Pak, Bu kula izin nggih badhe teng griyane Sofyan badhe
kelompokan. ''Oalah iya le, ngati-ngati ya'' semaure pak Ujang. ''Nggih pak. ''
Sakwise
teka ning omahe Sofyan, Dimas langsung ngajari Sofyan Matematika nganti sore.
Wektu wis nuduhake jam 4 sore, Dimas langsung bali. Bengine Dimas sinau ing kamar, dene bapak lan ibu
ngobrol ing ruang tamu. ''Pak
kenangapa ya kok keluargane awak dewe diece terus karo Bu Ningsih? ''
pitakone ibu marang bapak. ''Sabar
wae lah bu, tarah yo iki dalan uripe awak dewe, mbesuk bapak yakin yen Dimas
iso bahagiakne awak dewe bu''
Wangsulane bapak nenangne ibu.
''Nggih pak ibu yakin yen Dimas mbesuk iso bahagiakne
awak dewe''.
Semaure ibu.
Wayah
isuk pakaryan kaya biasane, Dimas budhal sekolah karo Sofyan, lan bapak menyang
sawah, dene ibu ning omah. Pas ibu lagi blanja ning tukang sayur, ning kono ya
pas lagi ana Bu Ningsih. ''Lho
bu Narsih lagi blanja to? Napa gadah arta bu? '' ecenan
e Bu Ningsih marang Bu Narsih. ''Nyuwun
ngapunten nggih bu kula niki panene tiyang mboten gadah, tapi kula gadah harga
diri bu, tulung omngane jenengan niku di kontrol nggih bu! ''
Semaure Bu Narsih rada pegel lan langsung bali ning omah ora sida blanja. Pas
ning omah Bu Narsih nangis ning ruang tamu, pas kuwi bapak wis kondur saka
sawah. ''Lho
bu ana apa kok nangis?
Pitakone bapak. ''Bu
Ningsih lo pak, kok soyo suwe kok ngono to sikap e karo keluargane awak dewe? ''
wangsulane ibu. ''Wis
lah bu, ibu kok ijik mikirne omongane Bu Ningsih to, kan bapak ya wis kandha to
bu ora usah digatek omongane Bu Ningsih kuwi, anggep wae kuwi angin lewat bu. ''
Bapak nenangne ibu maneh.
Bengi
iki Dimas sinau amarga sesok wis UN, ora
lali dheweke nindakake perintah agama yaiku sembahyang 5 wektu nyuwun marang
Gusti Allah supaya dilancarake anggone ujian lan supaya bisa banggakne bapak
lan ibune. Wayah isuk wis teka, Dimas tangi subuh lan langsung solat subuh
banjur siap-siap menyang sekolah. Jam 6 pas Dimas langsung mangkat sekolah lan
ora lali pamit marang bapak lan ibune.
''Bapak, ibu Dimas nyuwun pangestune nggih, supados
Dimas saget garap ujian mangke Pak, bu.''
Panyuwune Dimas marang Bapak lan ibune. ''Iya
le bapak lan ibu dongakne awakmu terus supaya lancar anggonmu ujian ya le. '' wangsulane
bapak nalika Dimas salim. ''Injih
pak pangestune nggih''
Telung
dina kepungkur Dimas wis bar anggone ujian, lan dina iki dhweke pengumuman asil
ujiane. Dina iki Dimas menyang sekolah arep delok pengumuman. Pengumuman wis
ditempel ing papan pengumuman. Dimas ngentukne asil sing muasne, dheweke juara
siji sak provinsi lan dheweke entuk beasiswa kanggo nerusne kuliah ning
perguruan tinggi negeri. Sakwise delok pengumuman Dimas langsung bali ning omah
lan langsung menehi ngerti bapak lan ibune yen dheweke juara siji lan entuk
beasiswa. Bapak lan ibu terharu lan nangis bahagia amarga putrane wis iso
buktekne marang tangga-tanggane sing gawene ngina lan ngece keluargane.
TAMAT.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar