NANDUR SABAR, NGUNDUH SUKSES
Dening : Alisiha YM
Dening : Alisiha YM
Perkenalke jenengku Elis. Aku nduwe
konco bedo kelas jenenge Cika. Cika kui wonge pinter lan saka keluarga sing
kurang mampu, bapake dadi tukang becak, ibuke dadi tukang buruh cuci ing
desane.
Saben isuk aku karo cika budal sekolah mlaku bareng.
Saben isuk aku karo cika budal sekolah mlaku bareng.
‘assalamualaikum, lis, ayo budal, wes
awan iki” Ajake Cika
“iyo cik, sek tak nganggo sepatu” Jawabku
karo nganggo sepatu
Ing
dalan aku karo Cika omong-omongan karo bahas pelajaran-pelajaran sing gak tak
weruhi.
“sejarah wes teko bab opo koe?” Takoke
Cika ning Aku
“aku isih teko bab perang, la koe?”
jawabku
“enek tugas nganalisis” jawabe Cika
Durung sempet tak jawab maneh ndelalah
soko ngguri enek wong numpak motor KLX banter, jenenge Farid. Farid kui sak kelas
karo cika. Jare Cika, Farid kui bocahe nakal, bolosan, saben ana pelajaran
turu.
Pas teko ngarep gerbang sekolah, Farid
nyeneni cika “we wi lo mau mlaku ga inget-inget, untung ga tak tabrak, jajal
nek tak tabrak, paling we ga iso ganti lecete motorku.” Teges Farid.
“iyo Rid, sepurane ya, aku mau ga
weruh yen kowe numpak motor banter”
Farid
langsung ngalih lan ora gagas omongane cika. “sabar cik, Farid sifate tarah
ngonokoi” Omongku ning Cika.
Bel masuk muni, aku pamit cika kanggo mlebu kelas
Bel masuk muni, aku pamit cika kanggo mlebu kelas
“cik aku mlebu sek ya”
“iyo lis.” Jawabe Cika.
“iyo lis.” Jawabe Cika.
Pelajaran
dimulai, konco sebangku ku takok “mau enek opo to lis kok cika diseneni Farid?”
“anu, mau lo Farid ameh nyrempret
cika, terus Farid nyeneni cika.” Jelasku ning konco sebangku ku.
Bel
istirhat muni.
Aku langsung metu ko kelas lan moro
ning taman kanggo mangan, ning taman ana
cika dewean lan koyok lagi sedih “cik we
nyapo kok nangis ?”takokku marang Cika .
“mau aku ning kelas dibuly karo bolo-boloku termasuk Farid” Jelasse Cika.
“mau aku ning kelas dibuly karo bolo-boloku termasuk Farid” Jelasse Cika.
Cika cerito masalah ning kelas
goro-goro Cika durung bayar SPP dadi di bully karo kanca-kancane, Cika isin
mergo Cika ora iso nyicil SPP. Padahal Cika wis ngajukne bantuan ning sekolah
supaya bisa diringanke, tapi pihak sekolahan ora ngrespon. Aku ngewenehi saran
Cika supoyo dheweke bisa semangat sekolah lan nabung meneh.
Teko omah Cika langsung omong Ibuke
yen ning sekolahan dheweke dibully karo kanca-kancane.
“Buk, Cika isin mergo Cika durung
bayar SPP.” Ceritone Cika marang Ibuke. “Sabar sek ya nduk, ibuk durung ndue
duik, bapakmu yo sek usaha golek tambahan, sing penting Cika rajin sinau lan
sekolah supoyo entuk beasiswa, ojo gampang sambat nduk mergo sambat kui ora
apik dirungokne.” Jelas ibuke Cika.
“inggih buk.” Jawab Cika
Isuke aku entuk kabar yen Cika ora
mlebu sekolah amarga ngewangi ibuke kerjo. Aku golek ide supoyo bisa ngewangi
Cika.
Akhire aku nemu ide, aku banjur langsung ning Ruang Tata Usaha kanggo takok berkas-berkase Cika sing kurang lengkap kanggo ngajukne bantuan.
Akhire aku nemu ide, aku banjur langsung ning Ruang Tata Usaha kanggo takok berkas-berkase Cika sing kurang lengkap kanggo ngajukne bantuan.
Alhamdullilah aku iso nglengkapi
berkas-berkas iku. Sesuke Cika dipanggil ono ing TU kanggo konfirmasi
berkas-berkas kui mau.
Cika banjur marani aku lan takok “Lis,
koe to sing nglengkapi berkas-berkas kanggo ngajukne bantuanku?” takoke Cika
ning aku.
“iyo Cik, soale sekolah ga bakal
ngetindak lanjuti yen siswane ora aktif”Jawabku singkat.
“Suwun ya Lis, mergo koe aku iso
nyicil SPP” Ucapane Cika ning aku
“Iki ora mergo aku Cik, Iki mergo
usahamu, ikhtiarmu lan sabarmu dadi we iso nyonggo bebanmu dewe’’jawabku ning
Cika
Akhire Cika sak iki ora tau dibully
koncone, dheweke tambah sregep sinau. Kadang aku yen ora iso njaluk tulung
warah Cika.
Pas ulangan semester Farid nilaine elek banget soale dheweke nggampangne oleh nurun, ora tau gelem sinau lan Cika entuk juara 1.
Pas ulangan semester Farid nilaine elek banget soale dheweke nggampangne oleh nurun, ora tau gelem sinau lan Cika entuk juara 1.
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar