Tresnaku Ketulup Kembang Mawar
Dening : Afelia Febriani
Dening : Afelia Febriani
“Klonthang ...”
... “Halah !” ... “Yuoh-yuoh” ... “Heeemmm”
Srengenge lagi munggah, suara semruwet wis keprungu saka
pawon oameh Santi. Yowis mengkono kui, Santi karo ibuke iku raono sing gelem ngalah,
loro-lorone pada wae. Deweke wong loro iku, cepet-cepet masak mergo arepe
ndelok manten, padahal temune manten kui ish mengko jam 10 awan. Yo ngono kui.
Santi sing isih nom senengane mangkal ibune. Ibune sing dimangkali malah meneg
wae. Pancen anak karo ibune podo wae, rageseh sifate. Wong loro kui nerusne
masak karo cerit-cerita
Ibu : “Lha yo ya san, Kang Rido kok wis arep
rabi” (kandhane ibu nang santi)
Santi
: “Mbuh ke, kudune Kang Ido kui rabine
karo aku bu” (saurane Santi karo ngulek bumbu ing layah)
Ibu
: “Bakal bojone Kang Rido kuii jannn
hemmm uayuuuu tenan ye San ” (goda ibune Santi)
Santi : “ Halalahh bu-ibu ndakkkk” (saure Santi
karo mrengut)
Ibu : “Lha ndek biyen kae kepiye to San,
ajimu-ajimu kurang manjur kee..”
Santi : “Jare Pak Kusno ke aji0aji sing ws paling
ampuhh yoo buuu” (santi ngengkel)
Ibu
: “Aji-aji paling ampuh kok iso
gagal, aji-aji uopooo” (belane si ibu)
Santi
: “Heh buk tak critani yo, kek kok iso
gagal pieee”
9 wulan kepungkur
Ayang-ayang
kae saya suwe saya gede. Sumrigah bungah batine Santi nginget ayangan saka
kulon kae. Ketara Kang Rido mlaku karo nuntun sepedane. Saya cedak saya cedak,
wis rasabar batine santi ngenteni. Diparani Kang Rido sing nuntun sepedane.
Santi :
“Sugeng siang kang Rido” (sapane Santi marang Kang Rido)
Kang Rido : “Siang mbak Santi” (Saure kang Rido
rada bingung
Santi : “Emmm eheheh, saking sabin to
kang ?” (takone Santi marang Kang Rido)
Kang Rido : “Eh, injih mbak, lha Santi anejng teng
pundi ?”
Santi : “Ehehehe, namung mlampah-mlampah
mawon kang ”
Kang Rido : “Owalah mbak-mbak”
Santi : “Ehehehe, Kang Ridoo ” (celuke
Santi karo nada manja)
Kang Rido : “Nggih mbak Santi” (saure Kang Rido
karo rodok aneh )
Santi : “Saknjane kulo niku tresna
kaliyan sampean kang”(kandhane Santi karo isin-isin)
Kang Rido : “Hee .. apa mbak ?? tresno ?? eheheh
gih sepuntene mbak, kula ampun dijodohke kalih bapak lan ibu. Monggo mbak ”
(numpaki sepedane ninggalke Santi)
Santi
arepe mulih ning omahe. Atine lara, batine semrawut. Tekan gerdu pertelon Santi
pethukan kancane, yaiku Rika lan Siti. Mngerti yen ana ong loro kui, Santi
banjur mandek lan nyeritaake kejadian karo Kang Rido mau.
Rika : “Nyapo San ? wajahmu ko kumel men ?”
Siti : “Kumbahan mu rung bar o San ? layak to
mbesengut”
Santi : “Tresnaku rra ditrima karo Kang Rido”
(sauren Santi karo sesenggukan)
Rika : “Heeeeee, Uopoooooo ??”
Siti : “Lah alah ngono e kok”
Rika : “Wis-wis San aja nagis, aku nduwe ide” (Rika
mbisiki Santi)
Santi : “...hemmm...”
Rika : “Okeee ?”
Santi : “Siipp Ka, mantap wi”
Rika : “Sit tak tingal sek ya, aku karo Santi
arepe enek uruan sadela”
Siti : “He.e yo, yowis aku tak mulih wae”
Santi karo Rika tibake arep nyang mbah dukun. Ngerti dewe
sing arep dilakoni Santi yaiku melet Kang Rido supaya tresna karo deweke.
Pancen ala pikiranewong loro iku. Wani-wanine tresna digawe dolanan.
Kusno : “Wis pokoe iki aji-aji paling manjur sak
donya gawe ngluluhne atine manungsa !” (kandhane mbah dukun)
Santi : “Nggih mbah, matur suwun”
Kusno
: “Wis ndang mulih, sebarna gegeman iki
ing ngarep omahe wong sing mbok tresnani”
Reka
: “Injihh mbah”
Tekan
ngarep omahe Kang Rido, Santi lan Reka banjur nyebar gegeman leh maringi mbah
dukun. Batine wong loro kui seneng banget. Ngguyu jegigisan. Gegeman kui
disebar ana ngarep omah cedak kembang mawar. Sak banjure nyebarne, wong loro
kui kelakon mulih karo ati suringah. Tekan omah Sabti lan Rika cerita nang
ibune. Ibune ngono yo nyetujui wae, ora malah diseneni.
Dino Sesuke
Dino
iki Santi arep jajal aji-aji winginane. Santi wing percaya yen kang Rido bakal
tresna mati karo deweke. Pas Kang Rido leren ana gubug sawah, Santi ngampiri
Kang Rido.
Santi : “ Sugeng siang Kang Rido !!”
Kang
Rido : “Ehh sugeng siang mba, wonte
napa nggih ..?” (pitakone Kang Rido bingung)
Santi : “Niki kula mbeta gedang goreng
kangge Kang Rido”
Kang
Rido : “Ohh suwun mba, kula wau geh
dibetani kalih ibu. Anu mba wiinganane enten napa nggih mba kok nyebar gegeman
dateng ngajeng griya kula ?”
Santi
: (“Waduhhh kok Kang Rido
ngerti neh, duhh alamat gagal iki”) Batine Santi
“Eh anu Kang, ee kala wingi nika .. ee ningali kembang mawar e ibuke sampean kok sae-sae warna-warni ngaten”
“Eh anu Kang, ee kala wingi nika .. ee ningali kembang mawar e ibuke sampean kok sae-sae warna-warni ngaten”
Kang
Rido : “ Winginanae nika kula
tangkletake pak yai kadose niku pelet lo mba” (kandane Kang Rido karo radak
nesu )
Santi
: “Ehh mboten Kang mboten”
Santi
bingung, Kang Rida kok malah ora tresna tapi kok malah ngerti yen deweke melet
Kang Rido. Pelete koyone gagal, Kang Rido malah nesu-nesu karo deweke, ora
malah tresna. Santi banjur teka maneh ing mbah dukun. Nakokake kepiye jelase
Kusno : “Pie-pie nduk, berhasil apa ora ? lak
berhasil ta ?”
Santi
: “Mboten e mbah, malah gagal, deweke
malah ngertos yen kulo masang pelet” (batine sandi deg-degan)
Kusno : “Sakjane sapa to sing arep kok pelet ki,
Rido anake sapa ?”
Santi : “Putrane Pak Sodiq kalih Bu Solekah”
Kusno
: “Lhooo oalaaahhh nduk, yo jelas gagal.
Kowe rangerti apa yen ngarep omahe kae akeh kembang mawar he ?” (takone mbah
dukun, pegel)
Santi
: “Gih ngertos to mbah, winginane kula
sebar teng ngajengan kembang mawar niku”
Kusno
: “Yo kui . Kembang mawar iku iso gagal
ne wong kena pelet nduk, tresnamu ra ditrimo yo mergo kembang mawar kui” (kandhane
mbah dukun pasrah)
Tresnane Santi ing kang
Ridp wis ora ana harapan maneh. Derke gagal melet Kag Rido perkara kembng mawar
sing ditandur ibune Kang Rido ing ngarep omah. Yo ngoiku oleh-olehane yen
tresna kapeksa. Kabeh iso dadi mala. Mula mati,urip, lan jodho iku wis ana sing
ngatur yaiku Gusti Allah. Aja sampe meksa tresna lan nglakoni hal-hal sing ala.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar