Crita Jaman Semana
Dening:Pipin Nurjayanto
Dina minggu isuk,Ucuk metu soko omah marani
konco-kancane arep dijak dolan.ucuk sakbendino senengane tarah dolan lan ora
tau ngewangi wong tuwane tandang gawe.dheweke marani koncone yaiku sing jenenge
Gendut, Fajar lan Gian.
"Jar
..Jar..Jar ayo mancing ning sendang"pitakone Ucuk marang Fajar.
"Yo
cuk ngko sek enteni ya"jawab Fajar.
"Ya,iki
ya karo ngenteni Gendut karo Gian,mau wes tak parani" jawab Ucuk.
Akhire
wis pada kumpul kabeh.pisanan dheweke lan koncone iku budhal ning sendang
mancing golek iwak,pakane biasane yaiku anak walang sing ukurane cilik.kewan
iki angel golekane amarga mlayune cepet lan cilik.biasane kewan iki ana ing
ngarep sendang.Ucuk,Gendut,Fajar lan Gian iku biasane cepet-cepetan golek pakan
kanggo mancing iwak iku.iwak sing biasane dipancing iku iwak dendeng,nanging
ucuk lan koncone ora mancing ning sendange nanging uga bisa ning kalen.Ucuk lan
koncone iku mancing kanggo seneng-seneng tok,biasane yen wis entuk langsung
diculke maneh nng sendang utawa kalen.panggone sendang iku rada peteng mergakne
ana wit-wit gedi lan panggone ning ledokaan.Ucuk ,Gendut lan Gian iki biasane
wedi mergakne nng duwur sendang iku ya ana kuburan.sawise mancing ucuk lan
Fajar biasane pada ninggal Gendut lan Gian.Ucuk Lan fajar iku tarah bocahe
nakal,Gian sing ditinggal iku biasane nangis mergo dheweke wedi.nanging Gendut
langsung ngenteni lan ngeneng-ngeneng.Ucuk lan kancane iku banjur balek,ning
dalan ucuk crita yen iwak sing ana ning sendang mau cilik-cilik lan Fajar
ngajak mancing ning kali.
"Iwak
ning sendang ki marai cillik-cilik lo ora ana sing gedi"pitakone Ucuk.
"Ayo
apa awakedewe mancing ning kali"jawab Fajar
"Tapi
aku ora melu mergo gak oleh karo mak ku"jawab Gendut
akhire
ucuk,Fajar lan Gian budal ning kali.teko kono wong telu iku wedi mergakne
gawane gede.dheweke mung lungguh-lungguh nng dalan pinggire kali,nanging rada
adoh soko kaline.
"Cuk
kaline gede ya,gak wani aku !" Pitakone Gian
"Iya
gede banget aku yo gak wani"jawab Ucuk
"Ya
wes awadewe leren ning pinggir kene wae sek"jawab Fajar
sawise
iku wong telu mau terus balek lan teko omah jam 12 awan.
Ucuk balek ning omah wetenge
luwe,dewekhe teko omah nesu karo wong tuwane amergo lawohe ora seneng lan
dheweke jaluk duwet kanggo jajan.Jam 3 sore,Ucuk mau marani maneh koncone sing
arep dijak ning sawah golek welut.akhire wong papat Ucuk,Gendut,Fajar lan Gian
banjur budal.teko sawah wong papat mau golek pakane sing jenenge lur(anak
cacing).Ucuk yen ning sawah krasa seneng mergakne dheweke iso ngrasakne angin
silir lan iso ngingeti pari sing obah- obah.sawise golek welurt wong papat mau
terus golek duwet sing panggone ora adoh soko sawah.Ucuk lan Fajar menek disek
nanging Gian lan Fajar iku ora isa menek.
"Cuk
aku pekna ta" pitakone Gian lan Gendut marang Ucuk
"Wegah
nek gelem yo ndang menek dewe"jawab Ucuk
"Oalah
yo wes nak gak gelem aku arep balek karo Gian" jawab Gendut
akhire
Gendut lan Gian mau balek karo nesu amarga dheweke ora diwenehi duet.Ucuk lan
Fajar ijek suwi ning dhuwur sampek surup lan banjur bali.
sesok
isuk Ucuk arep budal sekolah ning cedhak Desane,nanging dheweke ora wani
mergakne sak kelas karo Gendut lan Gian.Ucuk kuwi wedi nek gak dikancani
mergakne ana kedadeyan dek duwet ndek
wingi.Ucuk ora gelem sekolah banjur diseneni karo wong tuwane Sampek disampluki
karo wit menyok.Ucuk mau banjur nangis lan ora metu soko omah sampek teko sore.
ora suwi
Fajar,Gendut,lan Gian mara ning omahe Ucuk. Ucuk ora gelem metu amergo ijek
wedi.Akhire Fajar mlebu omah lan ngomongi Ucuk yen Gendut lan Gian kuwi ora
nesu.Ucuk lan Fajar mau terus metu nemoni Gendut lan Gian banjur njaluk sepura
perkara mek duwet ndek wingi.Akhire wong papat mau iso dolanan bareng
maneh.sore iku wong papat mau arep dolanan layangan ning Tegalan cedhak omahe
Gian,sawise iku diteruske golek duwet ning panggone ndek wingi.sadurunge budal
dheweke gowo kresek dinggo adah duwet.sawise teko kono Ucuk lan Fajar langsung
menek karo gowo kresek nanging Gendut lan Gian nunggoni ning ngisor.akhire
kreseke wis bek terus langsung podo medun banjur ning sendang pinggir
sawah.wong papat mau bareng-bareng mangan duwet karo ngrasakakae angin silir.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar