Putih
Abu Abu
Dening: Annisa Dyah S
Ing
sawijining sekolah favorit ing kota yaiku School Of Perfoming Art, ning kana
ana murid sing bodo lan pinter. Sekolah kui bedakne kelas sing isine wong
pinter karo kelas sing isine wong bodo. Salah sijine murid sing dadi kebanggan
sekolah kui yaiku Song Daehwi, bocahe pinter, mesti juara 1, lan ketua OSIS,
sing digandrungi karo bocah bocah wedok ing sekolah. Bedo karo Kim Nam Joo,
bocah bodo, gaene gawe masalah, peringkat ngisor, nanging Kim Nam Joo nduweni
hobi yaiku nari K-pop karo kancane sing jenenge Kang Seulgi. Nam Joo karo
Seulgi nduweni markas gawe latian nari ing sekolahan, nanging hobi ne bocah 2
kuwi mau gak didukung karo pihak sekolah.
Ing
wayah isuk, ana Namjoo karo Seulgi sing lagi mlaku ing markas gawe latian nari.
“Seulgi yah, dina iki cover nari opo ya?” takone Nam Joo ing Seulgi, “Ehm… opo
ya? Aku yo bingung.” Jawabe Seulgi, “Cover
lagu ne BTS IDOL, Wanna One beautifull, Ikon Killing Me?” takone Nam Joo, “BTS
IDOL, lagune lagi rilis ndek wingi, gerakane yo apik.” Jawabe Seulgi antusias, “Oke, kajja seulgi
yah.” Nam Joo ngejak Seulgi nari lagune BTS IDOL. Nam Joo lan Seulgi seneng iso
latian nari lagune BTS IDOL nanging ana guru sing gak seneng ana karo hobine
bocah 2 kuwi. Guru mau nyita ruangan sing digawe latian nari, alasane mbrebeki
bocah sing lagi sinau. Nam Joo karo Seulgi protes, tapi guru mau tetep bakal
nyita ruangan latian sak kan isi isine.
Nam
joo luapne emosine nari ning atap sekolah, ing kono bakne enek Song Daehwi,
murid kebanggan sekolah. Daehwi ngerti opo sing lagi dialami Namjoo, Daehwi
ndelok Nam Joo nari nanging Nam Joo gak ruh nek enek Daehwi ning atap sekolah. “Kyaaa,,,,”
Nam Joo kaget ngerti Daehwi sing lagi
namatne deweke nari. “Nyapo we ning kene?” takone Nam Joo, “Iki tempat umum,
sak karepku meh ning ndi, termasuk atap sekolah iki”, Nam joo cuman iso meneng,
“Nyapo kok meneng? Kudune kowe protes ning guru mau sing nyita ruangan latihan.
Iki gak adil, murid sing pinter dibanggakne, sing bodo ditindas.” ucape Daehwi
ing Nam Joo. “Gak usah, aku ikhlas kok” jawabe Nam Joo pasrah. Daehwi kagum
karo sifate Nam Joo sing iklas, sabar, gak dendam. Sak banjure kuwi Nam Joo
karo Daehwi dadi kanca akrab, Daehwi karo Nam Joo gawene sinau bareng, Daehwi
ngajari Nam Joo rumus matematika. Daehwi ngenalne sahabate awit cilik sampe
saiki ning Nam Joo, jenenge Kim Ji Soo. Nam Joo yo ngenalne sahabate ning
Daehwi yaiku Seugi. Bocah 4 kuwi mau akhire dadi sahabat sing tak terpisah.
Ujian
akhir ameh teko. Daehwi, Ji Soo, Nam Joo, Seulgi ameh sinau bareng ning
perpustakaan sekolah. “Ameh sinau opo disek ki?” takone Ji Soo ning kanca
kancane, “Matematika, rumuse marai pening, aku warai yaa” permohonan Seulgi ning
Ji Soo, “Oke, kajja uri chingu”, jawab Ji Soo dengan senyuman. Daehwi, Nam Joo,
Ji Soo, Seulgi sinau, kadang diselingi karo guyon, ben ora mempeng. Nanging ana
sing iri marang bocah 4 mau, yaiku Cho Ara. Ara iri marang Daehwi soale Daehwi
mesti juara 1, sedangkan Ara cuman iso juara 2, Ara kepingin juara 1 kaya
Daehwi, Ara yo iri marang Nam Joo sing nduweni kanca sing apikan.
Ing
wayah awan sakbanjure istirahat, Kang Shin Woo wali kelas Daehwi lan kanca
kancane iku mlaku cepet cepet, sampe gak keroso nek enek sing ceblok yaiku
flasdish sing isine soal lan kunci jawaban ujian akhir sekolah. Soal lan kunci
jawaban mau bocor, akhire Pak Shin Woo ngadakne razia, kabeh tas muride
digledahi. Bakne flasdish sing isine soal lan kunci jawaban ana ing tase
Daehwi, “Bapak, gak nyangka, murid nomer 1 ing sekolahan nyolong data soal
ujian akhir.” Ucape Pak Shin Woo kecewa, “Mboten kula pak sing nyolong soal
ujian akhir” bela Daehwi, “Bukti uwes ana, Song Daehwi di skors 3 dina lan ora
bisa melu ujian akhir.” Ucape Pak Shin Woo karo mlaku metu saka kelas. Kanca
kancane Daehwi metu saka kelas karo ngedumel, kecewa marang Daehwi. Ji Soo
kancan cedak Daehwi sing sak kelas marani Daehwi “Sabar, aku ngerti kowe ora
bakal nyolong soal ujian akhir, mesti enek sing fitnah” ucape Ji Soo gawe
nenangke sahabate kuwi, Daehwi cuman mbales senyum ing Ji Soo. Sakbanjure kuwi Nam
Joo, Seulgi, Ji Soo, Daehwi, tuku jajan ing kantin. “Mesti sing nyolong soal
ujian kuwi ora kowe, Daehwi cuman di fitnah” ungkape Seulgi, “Benar, mosok yo
juara 1 ing sekolahan iki nyolong soal ujian” tambahe Nam Joo, “Uwes, gak usah
dimasalahne, aku tak nggolek informasi nek aku ora salah”, Daehwi nenangke
kanca kancane sing lagi emosi.
Ujian
akhir uwes dimulai, Daehwi ora bisa melu ujian akhir. Sakbanjure ujian akhir
wis bar, pengumuman peringkat uwes ditempel ning papan pengumuman, juara 1 Cho
Ara. “Gak enek Daehwi, pantes sing juara 1 Cho Ara” “Nek enek Daehwi, mesti
sing juara 1 ora bakal Cho Ara” rasan rasane bocah bocah sing lagi ndelok
pengumuman.
Daehwi
akhire ruh sapa sing fitnah deweke nyolong soal ujian akhir, Daehwi ruh saka
CCTV sing ana ing sekolahan. Bukti kuwi mau diserahne ing Pak Shin Woo ing
ruang guru. Tibakne sing nyolong soal ujian akhir mau Cho Ara pas Pak Shin Woo
gak sengaja nyeblokne flasdish bar kuwi flasdish iku dijipuk Ara lan dilebokne
ing tase Daehwi. Akhire Ara minta maaf ing Daehwi, Ara ngaku nek deweke gae cara
kuwi ben ora diseneni ibuke, ibuke mesti nyeneni Ara nek ora bisa juara 1.
“Maaf ya Daehwi, aku ora bakal ngulang kesalahan ku maneh” ungkape Cho Ara karo
nangis, “Tak maafne Ara, saiki ora usah nangis” ujare Daehwi ikhlas. Daehwi ora
nesu marang Ara, Daehwi nawarke ing Ara ben bisa dadi kanca apik. Ara seneng
bisa nduweni kanca seapik Daehwi. “Gak
papa, lupakne kenangan sedih, genggam tanganku lan tertawalah” ungkape Nam Joo
ing Ara karo senyum. Daehwi, Nam Joo, Ji Soo, lan Seulgi akhire dadi sahabat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar