Kancaku
Ngianati Aku
Dening : Alifah Nur C
Dening : Alifah Nur C
Jenengku Tiara. Aku kelas XII IPS I ing SMAN 1 MAWAR. Aku nduweni kanca jenenge Sania lan Tata. Sania iku wes kekancan suwe karo aku awit cilik,yen Tata aku lagi kekancan karo dheweke kelas X, ananging aku wis akrab banget karo dheweke kanthi saiki. Aku sering banget crita nang Sania mulai masalah pelajaran,kanca,pakulinan, lan cah lanang sing tak senengi.
Esuk iku aku lungguh dhewean ing taman sekolah nglamun mikirake cah lanang sing tak senengi. Cah lanang sing tak senengi iku kelas XII IPA 2, jenenge Raka Pradipta. Ujuk ujuk Sania lan Tata moro ngampiri aku.
“kowe napo ra kok dhewean ng kene ?” ujare Tata.
“lagi ana masalah ta Ra ?” sambunge Sania,
“ora ngapa ngapa Ta, ora kok San lagi pengin dhewean wae aku ” ujarku.
“oalah, yowes ayo nang kelas iki arep bel masuk lo” ujare Sania
“iyo ayo” ujarku.
Ing kelas aku ora semangat lan gak kepingin melu pelajaran. Aku isih mikirake cara kanggo deketi Raka. Gak suwe saka iku, guru sejarah melbu ing kelas. Wayah lagi njupuk buku ing tas , tibake aku ora nggowo buku kanggo catatan. Aku panik dhewe lan sania banjur nakoni aku kenangapa.
“Kowe ngapa Ra kok bingung dhewe ngono wi ?” ujare Sania
“ buku catatanku sejarah keri ng omah,aku cepet cepet mau soale”
“halah gapapa Ra,iki aku nggowo buku kosong, silihen dhisik gak papa mengko ng omah lagi di salin” ujare Sania
“matur suwun ya san gak ana kowe mbuh aku piye ki mau” ujarku
“iya ra we koyok karo sopo wae, sing tenang wae” ujare Sania.
Gak let suwe bel muleh,aku cepet ngringkesi buku buku ing tas lan ngajak Sania cepet cepet ing taman sekolah. Aku kepengin crito marang Sania lan Tata yen cowok sing tak senengi iku Raka.
“ta, san sabenere aku iku seneng Raka Pradipta”ujarku
“apaa...” Sania kaget karo mimik wajah kaya gak percaya"
“Raka kelas XII IPA 2 ke ta ra?”
“iya ta, we kenangapa san kok koyok gak seneng ngono ?” sambungku
“ogak kok Ra,ayo bali aku ana acara iki..” sambng e Sania
“iyo ayo tapi kowe karo Tata bali o dhisik ga papa,aku arep mampir ng kelas e Raka”
“oalah iyo Ra, aku karo Sania bali dhisik ya”
Sampe ing ngarep kelase Raka,tibake dheweke lagi ngobrol karo kancane. Aku langsung ngampiri Raka arep ngajak muleh bareng soale omahku karo Raka searah. Tapi wektu aku ngampiri,dheweke malah nakokake kahanane Sania. Aku mikir ana hubungan apa antara Sania lan Raka. Tapi mbuhlah aku tetep mikir sing positif paling lagi ana perlu.
“ka,muleh bareng yok “ ujarku.
“maaf ra, aku isih ana kumpulan eksra lo kowe mulih o dhisik gapapa ra ketimbang nunggu aku suwe, sepurane ya” ujare Raka.
“oalah, yowes nu ka aku bali dhisik ya...”
“ iyo ati ati ya”
Minggu esok aku ngajak Tata lan Sania lari bareng ngubengi taman komplek, ananging sing bisa amung Tata. Sania ora bisa sibuk bantu ibuk.ke katane. Wayah lagi lungguh leren ing taman aku kaya ngerti Sania lan Raka lagi ngobrol wong loro ing taman iku. Aku kaget Sania ngomong nang aku bantu ibuk.ke lha iki kok dhweke tibak.ke ketemu Raka ing taman. Aku langsung ngajak Tata ngampiri Sania lan Raka.
“Sania... kowe kok tega ngono ta karo awakku, kowe ngerti yen aku seneng Raka tapi kenangapa kok kowe saiki metu bareng karo Raka” ujarku karo nangis kanthi misek misek.
“Ra, aku iso njelasne dhisik ...
“ Gak perlu, wes jelas jelas kowe ngapusi aku,kowe nang mburiku kaya ngene, kuciwa aku karo kowe San, kowe wong sing paling tak percayani napo kok kowe tega temen karo aku, aku salah apa nang kowe San ”ujarku
“Ra, sepurane..maafne aku Ra sabenere aku karo Raka wes padha senenge awit suwi”
“setidakke kowe ngomong ta San...ben aku ra terlalu ngarepne Raka tega we San, intine kowe wis ngecewakne aku San, samene wae kancanane awakdewe”
“Ra ojo cepet njupuk keputusan ta, kowe karo Sania iku wis kancanen suwe mosok ta goro goro cah lanang bubrah we mengko nyesel lo” ujare Tata
“Ra, maafne Sania, Sania gak salah mending aku tak ngadoh wae saka Sania yen hubunganku karo dheweke nggawe kancananmu iku bubrah, aku ora apa apa kok yen amung bisa kancanan tok karo Sania mungkin kuwi sing paling apik, maafne Sania ya!!, ojo ngadohi Sania,eman lo kancananmu nak rusak goro goro aku,aku dhisik ya” ujare Raka karo ngaleh saka taman.
“Ra maaf ya ojo pegel karo aku, ojo ngadoh karo aku, aku nyesel Ra” ujare Sania karo nggegem tangane Tiara.
“maafne Sania ta Ra !!” ujare Tata
“ oke kowe tak maafne, tapi ojo ngono maneh ya kowe karo aku, kepercayaan kuwi larang regane San, sekali di apusi gak bakal iso sepenuhe percaya maneh karo awakmu” ujarku. Banjur aku, Sania, lan Tata pelukan bareng.
“kanca selawase”.....
Akhire Sania, Tiara lan Tata tetep kancanan. Dheweke nggawe janji bareng yen ora bakal kisruh maneh gara gara cah lanang lan siji marang siji liyane kudu jujur yen ana masalah sing kapendem ing atine. Supaya masalahe iku ora ke ulang maneh.
Tamat......
Tidak ada komentar:
Posting Komentar